한국   대만   중국   일본 
Marc Chagall - Wikipedia Menyang konten

Marc Chagall

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Marc Chagall (lair ing Vitebsk , Kakaisaran Ruslan , 1887 ? tilar donya ing Saint-Paul-de-Vence, Prancis , 1985 ) iku sawijining palukis lan seniman Prancis katurunan Yahudi-Ruslan. Chagall lair mawa jeneng Moishe Zakharovich Chagalov ( Ruslan : Мойше Захарович Шагалов). Sawise nglelana menyang Paris ing taun 1910 ? 1914, dheweke ijrah menyang Paris ing taun 1923 ngungsi saka nagarane kang dikuwasani dening kaum komunis. Mawa cara orisinil, karyane dheweke diilhami dening folklore Yahudi, Paris lan Provence. Ing kutha Nice ana musiyum kang didedikasi marang 'pesen Alkitabe'.