한국   대만   중국   일본 
Mallika Sherawat - Wikipedia Menyang konten

Mallika Sherawat

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mallika Sherawat
Mallika at ShaadiSePehle audio release function
Lair Reema Lamba
Rohtak , Haryana , India
Pakaryan Aktris
Taun aktif 2002?saiki
Sana jaringan http://www.mallikasherawatwow.com

Mallika Sherawat (??????? ??????, jeneng laire Reema Lamba ), dheweke iku aktria lan modhel saka India . [1] Dheweke kondhang dadi bintang modhel lan uga aktris filem Bollywood, ora mung iku, saiki Mallika oleh jejuluk lan dadi simbol sex India. [1] Dhebute dadi bintang diwiwiti liwat panampilane ing vidheo klip Lak Tunoo , kang disutradarani sutradara Surjit Bindrakhia . [1] Nyusul sawise iku ing taun 2003 dheweke mbintangi filem "Khahish" lan sataun sawise iku dheweke mbintangi filem kang judhule "Murder". [1] Liwat filem kang judhule "Murder" iku, dheweke oleh bebungah Zee Cine Awards. [1]

Kasuksesane terus maju, dheweke uga oleh kasempatan mainake peran bebarengan karo bintang Asia , ya iku Jackie Chan , ing filem "The Myth" kang dirilis ing taun 2005 . [1] Liwat filem mau, dheweke oleh kasempatan tampil ing Cannes Film Festival. [1] Kasempatan terus kabukak kanggo Mallika, kaya ta tawaran main filem kang teka saka sutradara kaliber Oscar, Clint Eastwood ing filem kang judhule "Unveiled". [1]

Saiki, wanita kang tau nyambut gawe dadi kru pamaburan lan tau palakrama karo juru anggegana iku lagi sibuk anggone prodhuksi filem-filem, kaya ta ing filem kang judhule "Guru" kang dirilis ing taun 2007 , "Dasavatharam" dirilis ing taun 2007 , "Preeti Eke Bhoomi Melide" ing taun 2007 , "Aap Ka Suroor - The Real Love Story" ing taun 2007 , "Fauj Mein Mauj" ing taun 2007 , "Unveiled" ing taun 2007 lan "Welcome" ing taun 2007 . [1]

Ing taun 2010 , dheweke dianggep sukses meranake wanita ula ing filem kang judhule "Hiss". Lan kanggo luwih nyuksesake filem mau, Mallika sembayang ing kuil Sree Nagaraja ing Mannarasala ing laladan Alappuzha. Kanggo nyuksesake filem mau, dheweke njaluk restu marang dewa ula . [2] Film mau diprodhuseri dening Govind Menon , prodhuser filem mau uga melu ngamping-ampingi Mallika. [2] Kuil Sree Nagaraja ing Mannarasala kalebu salah sawijining lokasi kang minangka filem multibasa iku. [2]

Mennon ngomong manawa "Hiss" bakal diprodhuksi dening Split Image Pictures dirilis ing kabeh nagara 2200 sinema nalika tanggal 22 Oktober 2010. [2] Sutradarane iku Jennifer Lynch lan Mallika meranake wanita satengah wong satengah ula. [2] Ing filem mau, Malika mainake peran bebarengan karo Irrfan Khan lan Divya Dutta . [2]

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g h i BiografiMallika Sherawat diundhuh tanggal 25 Agustus 2011
  2. a b c d e f berita Mallika Sherawat diundhuh tanggal 25 Agustus 2011