Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Madrasah tsanawiyah
(dicekak
MTs
) iku jenjang dhasar sajeroning pendhidhikan formal ing
Indonesia
, sadrajad karo
sekolah menengah pertama
, sing dikelola dening
Departemen Agama
. Pendhidhikan madrasah tsanawiyah ditempuh ing dalem 3 taun, wiwit kelas 7 nganti kelas 9.
Murid kelas 9 diwajibake melu
Ujian Nasional
(biyen Ebtanas) siing mrebawani marang kalulusan siswa. Lulusan MTs bisa nerusake pendhidhikan menyang
madrasah aliyah
utawa
sekolah menengah atas
/
sekolah menengah kejuruan
.
Kurikulum madrasah tsanawiyah padha karo kurikulum sekolah menengah pertama, mung ing MTs ana porsi luwih akeh ngenani pendhidhikan agama Islam, upamane mata wulangan Basa Arab,
Al Qur'an
-
Hadits
,
Fiqih
, Aqidah Akhlaq, lan Sajarah Kabudayan
Islam
.
Pelajar madrasah tsanawiyah lumrahe umur 13-15 taun. Ing Indonesia, saben warga nagara umur 7-15 taun wajib melu pendhidhikan dhasar, ya iku
sekolah dhasar
(utawa sadrajad) 6 taun lan
sekolah menengah pertama
(utawa sadrajad) 3 taun.