한국   대만   중국   일본 
Macan tasman - Wikipedia Menyang konten

Macan tasman

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Macan tasman [1]
Kalamangsa: Pliyosen Kawitan- Holosen
Macan tasman ing Kebon Raja Washington D.C., watara taun 1906

Cures  (1936)  ( IUCN 3.1 ) [2]
Klasifikasi ngelmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Infraklas: Marsupialia
Ordho: Dasyuromorphia
Famili: Thylacinidae
Genus: Thylacinus
Spesies: T. cynocephalus
Jeneng binomial
Thylacinus cynocephalus
( Harris , 1808)
Sajarah ambahaning macan tasman ing Tasman
Sinonim

Macan tasman ( Latin : Thylacinus cynocephalus ) iku marsupiyal karnivor gedhe dhewe ing kala modheren. Kewan iki karan "macan" amarga gegere ules lorek, nanging uga ana kang ngarani srenggala tasman amarga pawakan lan pratingkahe memper kewan saka famili Canidae . Kewan iki asli Ostrali , Tasman, lan Papuwah . Macan tasman cures ing abad 20 tur kewan iki minangka sepesiyes pungkasan ing famili Thylacinidae . Sepesimen-sepesimen kang minangka warganing famili Thylacinidae wis tinemu kanthi wujud rekaman fosil kang bisa katitimangsa nganti kala Oligosen.

Dhedhasar tandha-yekti kang tinemu, kewan iki minangka kewan nokturnal kang isinan. Pawakane memper asu, kajaba buntute kang kaku, duwe sak ing wetenge (memper kangguru ) lan ulese geger lorek-lorek. Macam tasman iku predhator pucuk kaya dene macan lan srenggala ing Perangan Jagat Lor. Nanging, kewan iki ora duluran cedhak karo kewan-kewan mau amarga macan tasman kagolong marsupiyal, nanging pawakan lan adhaptasine kewan iki mirib kewan-kewan mau amarga evolusi konpergen. Dulure kang cedhak dhewe ing kala modheren iku setan tasman utawa numbat. Macan tasman iku salah siji sepesiyes marsupiyal ing jagad kang mawa sak ing wetenge mungguh ing kewan lanang lan wadone (kewan liyane kang mangkono iku oposum banyu). Sak ing macan tasman lanang minangka selaput pangayom kang nutupi organ bebranahan ( perkembangbiakan ) jabane nalika ngambahi rerungkud. Macan tasman kagambar minangka tukang memangsa kang prigel amarga kuwawa urip lan beburu ing laladan kang arang kang ngambah.

Macan tasman wis dadi kewan kang arang banget utawa wis cures ing Buwana Ostrali nalika sadurunge mangsa panjajahe Karajan Manunggal , nanging kewan iki kasil slamet ing Pulo Tasman bebarengan karo saweneh sepesiyes endhemik liyane, kaya ta setan tasman. Saliyane amarga beburon mawa bebana kang kaladuk, curese kewan iki bokmanawa jalaran tularing lelara, tekane sepesiyes asu, lan pangganggune manungsa marang habitate. Sanajan kanthi resmi wis karan cures, lapuran wong kang weruh kewan iki isih muncul, sanajan tanpa tandha-yekti.

Evolusi [ besut | besut sumber ]

Macan tasman modheren katitimangsa kapisan patang yuta taun kapungkur. Sepesiyes saka famili Thylacinidae iki wis ana wiwit kawitaning kala Miyosen; wiwit kawitaning dasawarsa 1990-an, saorane ana pitung sepesiyes kang tinemu kanthi wujud fosil ing Riversleigh, peranganing Taman Nasiyonal Lawn Hill ing Queensland lor-kulon. [10] [11]

Macan tasman dickson (Nimbacinus dicksoni), sepesiyes kang tuwa dhewe saka pitung sepesiyes kang tinemu, bisa katitimangsa watara 23 yuta taun kapungkur. Warganing Thylacinidae iki banget luwih cilik tinimbang dulur-dulure. [12] Sepesiyes kang gedhe dhewe, ya iku Thylacinus potens kang gedhene nganti saukuran srenggala, minangka sepesiyes siji-sijine kang isih ana nganti kala Miyosen pungkasan. [13] Ing kala Pleisetosen pungkasan lan Holosen kawitan, macan tasman modheren wis amba ambahane (sanajan ora akeh cacahe) ing Ostrali lan Pulo Papuwah. [14]

Minangka contoning evolusi konvergen, macan tasman akeh iribe karo warganing famili Canidae ing peranganing jagat lor: untu kang landhep, wang kang kuwat, pagelangan sikil kang rada ngangkat, lan pawakane kang sairib. Ing Ostrali, macan tasman ngisi ruwang ekologi kang padha karo asu ing peranganing jagat kang liya, mula evolusi lelorone sairib. Mangkonoa, perlu dadi kawigaten yen kewan iki ora deduluran karo kewan-kewan memangsa saka peranganing jagat lor. [15]

Kewan iki gampang katitik bedane saka asu kang asli amarga lorek ing gegere, nanging angel yen katitik saka bebalungane. Mahasiswa zoologi ing Oxford oleh garapan nitiki 100 sepesimen zoologi minangka peranganing pandadaran pungkasan (ujian akhir). Sumebar kandha [ing antaraning mahasiswa], yen saben cumplung 'asu' kaweruhake, supaya amane bisa langsung kabadhe Thylacinus. Alesane yen cumplung kang cetha cumplung asu metu ing pandadaran wis mesthi soale kanggo njebak. Ing tembe, awit saka inisiatif dhosen kang ndadar, cumplung asu kang asli didokok kanggo njebak mahasiswane. Cara kang mayar saperlu ngerteni bedane ya iku ananing rong luwang kang katon cetha ing palangitaning balung cangkem kang minangka titikaning marsupiyal salumrahe. [16]

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. Groves, C. (2005). Wilson, D. E., and Reeder, D. M. (ed.). Mammal Species of the World (edhisi ka-3). Johns Hopkins University Press. kc. 23. ISBN 0-801-88221-4 . {{ cite book }} : CS1 maint: multiple names: editors list ( link )
  2. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana teks tumrap refs kanthi jeneng IUCN
  3. Harris, G. P. (1808). "Description of two new Species of Didelphis from Van Diemen's Land" . Transactions of the Linnean Society of London . 9 (1): 174?178. doi : 10.1111/j.1096-3642.1818.tb00336.x .
  4. Geoffroy-Saint-Hilaire, [Etienne] (1810). "Description de deux especes de Dasyures ( Dasyurus cynocephalus et Dasyurus ursinus )" . Annales du Museum national d'histoire naturelle . Paris. 15 : 301?306.
  5. Temminck, C. J. (1827). "Thylacine de Harris. ? Thylacinus harrisii " . Monographies de mammalogie . Vol. 1. Paris: G. Dufour et Ed. d'Ocagne. kc. 63?65.
  6. Grant, J. (1831). "Notice of the Van Diemen's Land Tiger" . Gleanings in Science . 3 (30): 175?177.
  7. Warlow, W. (1833). "Systematically arranged Catalogue of the Mammalia and Birds belonging to the Museum of the Asiatic Society, Calcutta" . The Journal of the Asiatic Society of Bengal . 2 (14): 97.
  8. "Genus Thylacinus , Temm." . Descriptive Catalogue of the Specimens of Natural History in Spirit Contained in the Museum of the Royal College of Surgeons of England. Vertebrata: Pisces, Reptilia, Aves, Mammalia . London: Taylor and Francis. 1859. kc. 147.
  9. Krefft, Gerard (1868). "Description of a new species of Thylacine ( Thylacinus breviceps )" . The Annals and Magazine of Natural History . Fourth Series. 2 (10): 296?297. doi : 10.1080/00222936808695804 .
  10. "Riversleigh" . Australian Museum. 1999. Diarsip saka sing asli ing 14 Juni 2006 . Dibukak ing 21 November 2006 .
  11. "Is there a fossil Thylacine?" . Australian Museum. 1999. Diarsip saka sing asli ing 2 Juni 2009 . Dibukak ing 21 November 2006 .
  12. "Lost Kingdoms: Dickson's Thylacine ( Nimbacinus dicksoni )" . Australian Museum. 1999. Diarsip saka sing asli ing 19 Maret 2006 . Dibukak ing 21 November 2006 .
  13. "Lost Kingdoms: Powerful Thylacine ( Thylacinus potens )" . Australian Museum. 1999. Diarsip saka sing asli ing 25 Maret 2005 . Dibukak ing 21 November 2006 .
  14. Johnson, C. N.; Wroe, S. (November 2003). "Causes of extinction of vertebrates during the Holocene of mainland Australia: arrival of the dingo, or human impact?". The Holocene . 13 (6): 941?948. Bibcode : 2003Holoc..13..941J . doi : 10.1191/0959683603hl682fa .
  15. "Threatened Species: Thylacine ? Tasmanian tiger, Thylacinus cynocephalus " (PDF) . Parks and Wildlife Service, Tasmania. Desember 2003. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2 Oktober 2006 . Dibukak ing 22 November 2006 . {{ cite web }} : Check date values in: |date= ( pitulung )
  16. Dawkins 2016 , kc. 277.