Luca Zidane

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Luca Zidane iku juru main bal-balan profesional sing lair ndhik Marseille , Perancis tanggal 13 Mei 1998. [1] Pemain sing jenenge asli Luca Zidane Fernandez iku main ndhik posisi njaga gawang. [1]

Luca iku anak nomer lorone legenda urip tim bal-balan Perancis ya iku Zinedine Zidane . [2] Piyambake iku andalane tim bal-balan Perancis U-17 lan klube Real Madrid CF junior. [2] Nanging ora kaya bapake sing dadi juru main tengah, Luca Zidane malah dadi juru main sing njaga gawang. [2] Masiya isih enom, Luca nduwe kemampuan sing apik kaya ta bisa nempatne ana ing nggon sing pas lan nduwe refleks sing apik kanggo njaga gawange teka ancamane musuh. [2]

Aksine sing paling apik iku wektu piyambake bisa nepis telung tendangan pinaltine juru main Belgi ndhik babak semifinal Piala Eropah U-17 taun 2015. [2] Ndek taun iku Perancis lolos ana ing final lan bisa dadi juwara. [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b "Luca Zidane" . www.transfermarkt.com . Dibukak ing 24 August 2016 .
  2. a b c d e f "Sepuluh Wonderkid di Piala Dunia U-17" . www.fandom.id . Dibukak ing 24 August 2016 .