한국   대만   중국   일본 
Louis XVII saka Perancis - Wikipedia Menyang konten

Louis XVII saka Perancis

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Louis XVII
Raja Prancis lan Navarre
Louis nalika taun 1792, dilukis dening Alexander Kucharsky
Panjenengan 21 Januari 1793 ? 8 Juni 1795 (klaim)
Leluhur Louis XVI saka Prancis
Panerus Napoleon I de facto taun 1804
Louis XVIII de jure taun 1814
Jeneng dawa
Louis Charles de France
Wangsa Dinasti Bourbon
Bapa Louis XVI saka Prancis
Ibu Marie Antoinette

Louis XVII ( 1785 - 1795 ) ya iku anak kapindho saka Louis XVI lan Marie Antoinette , lan dikenal minangka jeneng " dauphin ilang " amarga kabar babagan uripe nyebar amba sawise Revolusi. [1]

Nalika Revolusi Prancis, Pangeran Louis dikunjarakake bebarengan karo wong tuwane. [2] Minangka anak barep kang isih urip, dheweke diangkat minangka Raja Prancis nalika 28 Januari 1793 dening paklike ya iku Louis-Stanislas-Xavier, kang dewean sajeroning pengasingan ing Hamm, cepake Dortmund, Jerman . [2] Pratelan mau ora duwe kekuasaan amarga Prancis wektu iku wujud salah sijine republik . [2] Nanging wektu Prancis lan Eropah nampa Louis-Stanislas-Xavier minangka Louis XVIII saka Prancis nalika taun 1815 , pawewehan angkane nuduhake diakuine hak-hak Louis XVII. [2]

Nalika kulawarga kraton dikunjara, Louis XVII dipisahake saka ibune lan lan sadulur-sedulure taun 1793 kanggo ngindari upaya pambebasan kang dilakokake pendhukung kraton. [2] Dheweke mati nalika Juni 1795 ing kunjara. [2] Sacara resmi dheweke dilaporake mati akibat lelara kang saiki dikenal minangka tuberkulosa . [2] Jumbuh karo tradisi kraton, jantunge ditokake dening dhokter lan diawetake sajeroning alkohol . [2] Awake dikubur sajeroning pasarean umum. [2]

Sawise matine Louis XVII akeh wong kang ngaku minangka Louis Charles nanging ora ana kang pernah bisa dibuktekake. [2] Nalika taun 2000 dianakake tes DNA kanti gunakake jantung Louis, conto rambut saka Marie Antoinette , adine Johanna Maria Gabriela lan Maria Josepha, ibune Maria Theresa, lan DNA saka 2 keturunan kang isih urip Maria Theresa, Ratu Anne saka Rumania lan adine, Pangeran Andre de Bourbon Parme. [2] Tes DNA kang dilakokake ya iku yen DNA mitokondria lan hasile mbuktekake yen jantung iku bener-bener duwen Louis XVII. [2]

Jantung Louis saiki mapan ana ing salah sijine guci perak ing Saint-Denis Baslique cepake Paris , ing ngendi para Raja Prancis dikubur, kalebu wong tuwane Louis XVII, Raja Louis XVI lan Marie Antoinette . [2]

Misteri Matine Louis XVII [ besut | besut sumber ]

Sakwene pirang-pirang taun akeh laporan lan teyori babagan Raja Louis XVII (Pangeran Louis-Charles), bocah enom saka Raja Louis XVI lan Ratu Marie Antoinette saka Prancis . [3] Jantung kang entes wae dites diyakini dening pira-pira pawongan yen iku duwene raja enom Louis XVII, kang DNA -ne wis diuji lan saiki akeh kang percaya yen Louis mati ing kunjara. [2] Nanging awak kang dianggep Louis mau luwih tuwa lan luwih dhuwur katimbang Louis kang sebenere. [2]

Sebagiyan wong ana sing percaya yen Louis suwene ana ing kunjara diganteni dening pawongan liya lan jantung kang dites DNA -ne iku duwene sedulure ya iku Pangeran Louis-Joseph ( 1781 - 1789 ) kang mati nalika isih bocah lan umure nembe 7 taun. [2]

Louis Palsu [ besut | besut sumber ]

Karl Wilhelm Naundorff [ besut | besut sumber ]

Ya iku pawongan tukang gawe jam lan arloji saka Jerman kang nganti matine kekeh ngaku minangka Pangeran Louis-Charles (Louis XVII). [4] Naundorff ya iku saka 30 wong kang ngaku miangka Louis XVII. [4]

Pangeran Louis-Charles, anak saka Louis XVI lan Marie Antoinette saka Prancis , dikunjara suwene Revolusi Prancis lan diyakini wis mati ing kunjara. [4] Nanging, ana pira-pira kabar simpatisan monarki duwe semangat yen Dauphin enom ora ana ing kunjara, ateges dheweke ana ing salah sijine papan panggonan kang dirahasiakake. [4]

Naundorff ngaku-ngaku yen dheweke ya iku Pangeran lan nganggep mayite digantikake dening mayit bocah enom kang budheg uga bisu, uga yen dheweke wis diumpetake ing salah sijine papan panggoan kang rahasia ya iku Menara Kuil nganti dheweke bisa lumayu saka panggonan iku. [4] [5] Naundorff uga ngaku-ngaku yen dheweke banjur direbut maneh dening wadyabala Napoleon lan disimpen ing pira-pira dungeons ing sekabehane Eropah , nganti akhire lumayu nalika pertengahan umur 20an. [4]

Ucul saka kasunyatan yen Naundorff ora bisa ngomong Basa Prancis kanti apik, dheweke kasil ngeyakinake mantan anggota pengadilan Louis XVI yen dheweke ya iku Dauphin. [4] Naundorff kayane ngerti sekabehane babagan kang ngenani pribadhine saka pengadilan kraton. [4] Nanging Putri Marie-Therese, adhine Pangeran Louis, ora ngakoni Naundorff. [4] Dheweke pernah ndeleng foto-foto wong kang ngapusi iki, lan Putri Marie ngrasa yen tukang apus iki ora ana padhane karo adhine lan nolak kanggo ndeleng Naundorff. [4] Sanajan dheweke pernah ndeleng wong kang ngaku-ngaku liyane, kang ora diwakili dening mantan anggota pengadilan kraton. [4]

Nalika 1836 , Naundorff nggugat Marie Therese kanggo prabotan kang dinuga duwene. [4] Kosok walike, kepulisian Raja Louis-Philippe malah nyekel dheweke, njaluk sekabehane dokumene lan deportasi marang Inggris . [4] Naundorff mati nalika taun 1845 , ing Delft, Walanda . [4]

Leazar Williams [ besut | besut sumber ]

Wililiam lair nalika taun 1787 , dheweke digedhekake ing Indian Mohawk lan sekolah ana ing sekolah Misionaris . [6] Sawise sekolah ana kono William diangkat dadi misionaris Protestan . [6] Kanti kepinterane dheweke bisa ditampa dening masarakat Indian nalika awal abad kaping 19. [6] Nalika tanggal 3 Maret 1823 , Wiliams nikahi bocah wadon Prancis kang umure lagi 14 taun ya iku Madeline Marie Jordan. [6]

Nalika jaman enome William nggolek cara supaya bisa dadi Kaisar, banjur William ngaku-ngaku yen dheweke ya iku anak saka Louis XVI lan Marie Antoinette kang ilang. [6] Sanajan kanca-kancane nganggep iki pinemu williams kang salah nanging pira-pira bangsawan Eropah percaya yen William minangka pewaris kraton Prancis . [6] William mati nalika taun 1858 . [6]

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. Louis_XVII_Dauphin , (Kaundhuh 26/3/2013).
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p Raja Prancis yang Hilang~Louis XVII Archived 2021-04-16 at the Wayback Machine ., (Kaundhuh 26/3/2013)
  3. The Mystery of Louis XVII Archived 2015-09-02 at the Wayback Machine ., (Kaundhuh 22 April 2013).
  4. a b c d e f g h i j k l m n Penipuan Terbesar Yang Pernah Terjadi Di Dalam Sejarah Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine ., (Kaundhuh 31 maret 2013).
  5. Louis XVII , (Kaundhuh 22/Maret/2013).
  6. a b c d e f g Mohawk Indian or French Prince? Archived 2013-06-17 at the Wayback Machine ., (Kaunduh 5 April 2013).