한국   대만   중국   일본 
Layang Yakobus - Wikipedia Menyang konten

Layang Yakobus

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Layang Yakobus iku perangan sajeroning Kitab Prajanjeyan Anyar. Layang iki ditujokake marang "kabeh umat Allah sing kasebar saubenging donya". Mawa nganggo sawatara paribasa, Yakobus ing jero layange menehi pirang-pirang wejangan lan paugeran praktis kanggo wong Kristen bab tatakrama lan tingkah laku Kristen.

Saka cara pandelenging Kristen dheweke medarake sawatara pokok pamikiran kaya ta prakara sugih lan mlarat, panggodha, tatalaku becik, prasangka, iman lan palakonan, ucapan-ucapan tutuk, kawicaksanan, padu lan sabanjure.

Layang iki uga menehi pandhedhesan yen wong sing nglakokake agama Kristen, iman kudu dibarengi tingkah laku.

Isi [ besut | besut sumber ]

  • Pambuka 1:1
  • Iman lan kawicaksanan 1:2-8
  • Bab mlarat lan sugih 1:9-11
  • Pancoba lan panggodha 1:12-18
  • Ngrungokake lan tumindhak 1:19-27
  • Wewekas supaya aja mbeda-bedakake wong 2:1-13
  • Iman lan tingkah laku 2:14-26
  • Wong Kristen lan ucapan-ucapan tutuke 3:1-18
  • Wong Kristen lan donya 4:1--5:6
  • Sawetara wejangan 5:7-20