한국   대만   중국   일본 
Larva - Wikipedia Menyang konten

Larva

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Larva sajinis kupu-kupu.

Larva ( Latin : larvae ) iku wangun anom ( juvenile ) kewan ingkang perkembangane liwat metamorfosis , kayadene srangga lan amfibia . Wangun larva bisa beda banget karo wangun diwasane, upamane uler lan kupu-kupu ingkang beda wangune. Larva umume nduweni organ khusus ingkang ora ana ing wangun diwasa lan uga ora nduweni organ tinamtu ingkang diduweni ing wangun diwasa. Sawiji tahapan urip diarani larva yen jroning wangun iku nduweni aktivitas ingkang dhuwur (khususe obah lan golek pangan).

Klompok kewan ingkang nduweni tahap larva cukup wiyar, nyakup srangga, maneka Porifera, ubur-ubur lan kerabate ( Coelenterata ), maneka Crustacea , Echinodermata , lan amfibia. Saperangan iwak ingkang lebar netes saka endhoge uga diarani minangka larva. Ora kabeh srangga nduweni wangun ingkang diarani larva, amarga mung srangga ingkang nglakoni jalur metamorfosis sampurna (holometabola) ingkang nduweni wangun larva. Srangga ingkang mung nglakoni metamorfosis ora sampurna (hemimetabola) wangun enome diarani nimfa ( nympha ).

Jeneng-jeneng khusus [ besut | besut sumber ]

Jroning basa sedina-dina, wangun larva ditepungi ing maneka jeneng. Larva srangga klompok kupu lan ngengat ditepungi wiyar minangka uler . Larva laler lan saperangan kumbang ditepungi minangka bernga (berenga) utawa set , nanging larva laler woh sing biasa ditemokake ing woh diarani minangka "uler" (woh) senajan sacara fisik luwih arupa set (amarga ora duwe sikil). Larva kumbang gedhe (utamane Scaraboidea) ditepungi minangka uret . Saperangan jinis uret kang bisa dipangan diarani gendhon , umpamane gendhon penjalin kang dadi dhaharan Sultan Hamengkubuwono IX. [1]

Uler kayu sing dipangan wong utawa kanggo pakan manuk oceh-ocehan iku uga uret. Larva lemud diarani uget-uget . Undur-undur luwih ditepungi wong amarga larvane wangun struktur memper corong kuwalik ing lemah nggesik kanggo njebak mangsane. Larva urang lan krustasea liyane ditepungi jroning telung tahapan: nauplius , zoea , lan mysis .

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. "Para Pendedah Rahasia Sajian untuk Raja" .