한국   대만   중국   일본 
Kumkuma - Wikipedia Menyang konten

Kumkuma

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
premium saffron
Kumkuma
Kembang kumkuma saka wit kumkuma ( Crocus sativus ).

Kumkuma (saka basa Sangsekerta: ???????; Latin: ku?kuma ) iku bumbu kang dipikoleh saka kembang wit kumkuma ( Crocus sativus ). Kumkuma racake digaringake kanggo didadekake bumbu lan pawarna panganan. Kumkuma wis suwe dadi bumbu kang larang dhewe ing sadonya. [1] [2] [3] Sanajan durung pesthi, [4] diprecaya asaling wit kumkuma saka Iran . [5] Mangkonoa, Yunani lan Mesopotamia uga dinuga minangka papan asaling wit iki: Harold McGee [6] kandha yen wit kumkuma dipomahake ing Yunani utawa ing sacedhake nalika Jaman Prunggu. C. sativus bokmanawa minangka wujud triploid saka Crocus cartwrightianus , kang uga diparabi "kumkuma alas". [7] [8] [9] Kembang kumkuma alon-alon sumebar ing saindenging Eurasia lan banjur digawa menyang maneka laladan ing Afrika Lor , Amerika Lor , lan Oseania .

Rasa lan gandaning kumkuma kang kaya damen asal saka fitokimia aran pikrokrosin lan safranal. [10] [11] Kumkuma uga ngemu pigmen karotenoid aran krosin, kang menehi warna kuning emas marang panganan lan jarit. Cathetan sajarah kang nulisake kumkuma ana ing layang tetanen Asiria saka abad angka 7 SM [12] lan wis didagangake sarta dianggo ewonan taun. Ing abad angka 21, Iran ngasilake udakara 90% saka gunggung kumkuma sadonya kanthi mutu kang apik dhewe. [13] [14] Mawa rega USD 5.000 watara sakilograme, kumkuma dadi bumbu kang larang dhewe ing sadonya. [15]

Piridan [ besut | besut sumber ]

  1. Rau 1969 .
  2. Hill 2004 .
  3. "World's COSTLIEST spice blooms in Kashmir" . Rediff . Dibukak ing 7 January 2013 .
  4. Gresta, F.; Lombardo, G. M.; Siracusa, L.; Ruberto, G. (2008). "Saffron, an alternative crop for sustainable agricultural systems. A review" . Agronomy for Sustainable Development . 28 (1): 95?112. doi : 10.1051/agro:2007030 .
  5. Ghorbani, R.; Koocheki, A. (2017). "Sustainable Cultivation of Saffron in Iran" . Ing Lichtfouse, Eric (ed.). Sustainable Agriculture Reviews (PDF) . Springer. kc. 170?171. doi : 10.1007/978-3-319-58679-3 . ISBN   978-3-319-58679-3 .
  6. Harold McGee. On Food and Cooking, 2004 edition, pg 422. Scribner, New York, NY,
  7. Kafi et al. 2006 .
  8. Schmidt, Thomas; Heitkam, Tony; Liedtke, Susan; Schubert, Veit; Menzel, Gerhard (2019). "Adding color to a century-old enigma: multi-color chromosome identification unravels the autotriploid nature of saffron ( Crocus sativus ) as a hybrid of wild Crocus cartwrightianus cytotypes". New Phytologist . 222 (4): 1965?1980. doi : 10.1111/nph.15715 . ISSN   1469-8137 . PMID   30690735 .
  9. Harpke, Dorte; Meng, Shuchun; Rutten, Twan; Kerndorff, Helmut; Blattner, Frank R. (2013-03-01). "Phylogeny of Crocus (Iridaceae) based on one chloroplast and two nuclear loci: Ancient hybridization and chromosome number evolution". Molecular Phylogenetics and Evolution . 66 (3): 617?627. doi : 10.1016/j.ympev.2012.10.007 . ISSN   1055-7903 . PMID   23123733 .
  10. McGee 2004 .
  11. Katzer, G. (2010). "Saffron ( Crocus sativus L.)" . Gernot Katzer's Spice Pages . Dibukak ing 1 December 2012 .
  12. Russo, Dreher & Mathre 2003 .
  13. Hooker, Lucy (2017-09-13). "The problem for the world's most expensive spice" (ing basa Inggris Karajan Manunggal) . Dibukak ing 2020-01-12 .
  14. Fierberg, Emma. "Why saffron is the world's most expensive spice" . Business Insider . Dibukak ing 2020-01-12 .
  15. Monks, Keiron (3 September 2015). "Iran's homegrown treasure: the spice that costs more than gold" . CNN . Dibukak ing 22 January 2016 .

Kapustakan [ besut | besut sumber ]