한국   대만   중국   일본 
Kubisme - Wikipedia Menyang konten

Kubisme

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kubisme iku salah siji gerakan seni wigati ing abad ping 20. Gerakan iki sangkane saka Prancis sakiwa-tengene taun 1907, lan mrebaka saka taun 1910 nganti dasawarsa 1920-an. Gerakan iki diplopori dening Georges Braque lan Pablo Picasso .

Lukisan Pablo Picasso saka taun 1907 asesirah Les Demoiselles d'Avignon iku karya Kubis awal. Karya Georges Braque taun 1908 Maisons a l'Estaque lan karya magepokan liyane marahi sang kritik Louis Vauxcelles ngaranine "bizarreries cubiques" (barang aneh-aneh kubis).

Pameran sing diorganisasi karya kubis kapisan dianakake ing Salon des Independants ing Paris awal taun 1911. Sing dipamerake kalebu karyane Jean Metzinger, Albert Gleizes, Fernand Leger, Robert Delaunay lan Henri Le Fauconnier, nanging ora ana karyane Picasso lan Braque sing dipamerake.

Miturut siji sajarawan seni, ana telung fase Kubisme. Yaiku "Kubisme Awal", "Kubisme Utama", lan "Kubisme Pungkasan".