한국   대만   중국   일본 
Konrad Zuse - Wikipedia Menyang konten

Konrad Zuse

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konrad Zuse ing taun 1992

Konrad Zuse (dilafalake [?k?n?at ?tsuːz?]; lair ing Berlin , 22 Juni 1910  – pati ing Hunfeld , 18 Dhesember 1995 ing umur 85 taun) ya iku sawijining tokoh teknisi sipil kan kang dadi perintis komputer . [1] Pencapaian paling gedhene ya iku komputer panyampurna Turing fungsional pisanan kang dikendhalekake dening program, Z3 , ana ing taun 1941 (program iku disimpen ana ing tape kertas ). [1] Zuse nampa Werner-von-Siemens-Ring ana ing taun 1964 kanggo penemuane mau. [1]

Zuse uga ngrancang basa pamrograman tingkat dhuwur pisanan, Plankalkul , pisanan diterbitake nalika taun 1948 kang wujude teoretis, amarga basa pamrograman iku durung diimplementasikake ana ing sakdawane urip lan ora kanthi langsung duwe prabawa marang basa pamrograman ndhisik. [1] Salah siji panemu ALGOL (Rutishauser) nulis: "Pacoban kang pisanan kanggo nemu basa algoritma dilakokake nalika taun 1948 dening K. Zuse. [1] Notasine cukup umum, nanging proposal mau iku ora tau nganti tekan tetimbangan kang patut ditampa." [1]

Saliyane karya ana ing babagan teknik, Zuse uga gawe salah siji bisnis komputer ana ing wiwitan taun 1946 . [2] Perusahaane iku gawe Z4 , kang dadi komputer komersial nomer loro kang disewa dening ETH Zuerich ana ing taun 1950 . [2] Nanging amarga Perang Donya II , karya Zuse akeh kang ora kacathet ana ing Amerikah Sarekat lan Britania Raya ; kamungkinane prabawa pisanane kang kadhokumentasi ing perusahaan AS ya iku pilihan IBM lan patenn e ana ing taun 1946. [2] Nalika pungkasan taun 1960 -an, Zuse mengusulake konsep Rechnender Raum (babagan dhedhasar komputasi). [2]

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]