Konosuke Matsushita

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
K?nosuke Matsushita
Black and white portrait. Head shot of Matsushita in front of a dark background, wearing a dark suit jacket with a light wing-collared shirt, dark vest, and dark striped necktie.
Matsushita in 1929
Jeneng lair 松下 幸之助
Lair 27 November 1894
Wakayama , Japan
Pati 27 April 1989 (aged 94)
Moriguchi, Osaka , Japan
Bangsa   Jepang
Jeneng liya God of Management
Pakaryan Businessman and Industrialist
Kondhang ing Founder of Panasonic
Bebathen
resik
US$3 billion(1989)
Bojo Mumeno Matsushita
Anak Sachiko Matsushita
Wong tuwa
  • Masakusu Matsushita (bapak)
  • Tokue Matsushita (ibu)
Dulur
Bebungah


Konosuke Matsushita (lair 27 November 1894  – pati 27 April 1989 ing umur 94 taun) ya iku wong kang ngedegake Panasonic nganti dadi sawijining parusahan gedhe nganti saprene. [2] Matsushita lair ing kulawarga prasaja desa Wasa , Jepang , tanggal 27 November 1894. [2] Nalika diwasa, dheweke dadi sawijining wong kang katutup lan rada lara-laranen, mula ndadekake mangsa ngarepe dadi ora cetha. [2] Kaya-kaya dheweke ditakdirake urip kang kebak perjuangan. [2] Nalika umur sangang taun, dheweke nyambut gawe ing toko sepedha kanggo mbantu kulawargan e. [2]

Jeneng perusahane ya iku Panasonic , dene jeneng sadurunge ya iku Matsushita Electric Industrial Co.

Lair [ besut | besut sumber ]

Konosuke Matsushita lair tanggal 27 November 1894, ing sawijining desa mencil kira-kira limang menit yen ditempuh kanthi lumaku saka Senda , stasiun sepur tanpa panjaga ing jalur JR Wakayama ( Negi , Prefektur Wakayama ). Bapake, ya iku Masakusu lan ibune Tokue sayang banget lan ngugung anake sing siji iki, ya iku siji saka wolung seduluran, wolu anak lanang lan lima anak wadon. Jeneng kulawargane Matsushita, duwe teges "ing ngisor wit pinus ", jarene amarga omahe ing ngisor wit pinus gedhe kang umure 800 taun. Minangka wong kang duwe sawah pertanian kang mung cilik, kulawargane mau kagolong kelas dhuwuran ing masarakat. Nalika isih cilik, dheweke rumangsa tentrem lan nyenengake, nanging kabeh mau ora kalaksanan kanthi suwe.

Patang taun kang wiwitan-Pungkasane Mangsa Tenang (1899) [ besut | besut sumber ]

Amarga sawah tetanene digarap dening wong tani sewan, bapake Masakusu nggunakake wektune kang akeh kanggo pulitik lan aktivitas pamarentahan lokal. Dheweke iku tipe wong kang seneng nganakake panaliten kang isih nayar lan beda, kalebu berspekulasi ing pasar beras , kang nalika iku njanjeni untung kanti rikat lan wis mesthi. Nanging Masakusu ora duwe kawruh akeh ngenani investasi kang apik mula dheweke dadi rugi lan pungkasane bangkrut. Kulawargane kepeksa ngedol lemah lan omah kang wis diwarisake turun menurun mau lan kudu ninggal desa kanggo nyambut gawe ing kutha kang cedhak, ya iku Wakayama . Kanthi sisa dhuwit sithik mau sawise bayar utang lan panulunge kancane, Masakusu mbuka toko bakiak kayu. Nanging usaha mau amblas rong taun candhake. Ing taun 1902, dheweke lunga ing Osaka saperlu nyambut gawe ing sekolah swasta kang lagi dibuka kanggo anak-anak tuna netra lan tuna grahita . [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. "Decorated Commander in the Order of Orange-Nassau by the Queen of the Netherlands: in 1958 at age 63" . Diarsip saka sing asli ing 2020-04-12 . Dibukak ing 2021-11-30 .
  2. a b c d e f [1]