Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Orbital-orbital molekul lan atom elektron
Sajeroning
fisika atom
lan
kimia kuantum
,
konfigurasi elektron
iku susunan
elektron-elektron
ing siji
atom
,
molekul
, utawa struktur fisik liyane.
[1]
Padha karo
partikel elementer
liyane, elektron patuh marang ukum
mekanika kuantum
lan nampilake sipat-sipat bak-partikel lan bak-gelombang. Sacara formal,
kaanan kuantum
elektron tinamtu ditemtokake dening
fungsi gelombang
e, yaiku s fungsi ruang lan wektu sing
mawa aji kompleks
. Miturut
interpretasi mekanika kuantum Copenhagen
, posisi siji elektron ora bisa ditemtokake kajaba sawise ana aksi pangukuran sing njalari supaya bisa didheteksi. Probabilitas aksi pangukuran bakal ndheteksi siji elektron ing titik tinamtu ing ruang yaiku proporsional marang kuadrat aji absolut fungsi gelombang ing titik mau.
- Jolly, William L. (1991).
Modern Inorganic Chemistry
(edhisi ka-2nd Edition). New York: McGraw-Hill. kc. pp: 1?23.
ISBN
0-07-112651-1
.