한국   대만   중국   일본 
Komuni - Wikipedia Menyang konten

Komuni

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Komuni (sajeroning basa Inggris : communion , saka basa Latin : communio sing tegese "silih bagi bebarengan") sajeroning kakristenan duwe saperangan makna. Istilah iki bisa ngrujuk marang:

  • Komuni (Kristen) , gegandhengan antarane kaum Kristen minangka indhividhu uga Greja.
  • Sawijining golongan saka greja-greja utawa dhenominasi Kristen sing silih gegandhengan.
  • Riyaya Ekaristi ( Katulik ) utawa Bujana Suci ( Protestan ). Sawijining pengetan (ritus) sing ditindakake kabeh kaum Kristiani kanggo nindakake prentah Yesus sajeroning Bujana Wengi Pungkasan kanggo dilakokake minangka pengetan marang Panjenengane.
  • Komuni Penuh , siji istilah eklesiologi Kristen kanggo nggambarake gandhengan-gandhengan antarane rong komunitas utawa Greja Kristen sing beda, sinambi njaga saperangan kapisahan idhentitas, ngakoni siji lan sijine yen saben komunitas njupuk perangan sajeroning komuni ( persekuthuan ) sing padha lan dhoktrin-dhoktrin esensial sing padha.

Greja Katulik [ besut | besut sumber ]

Istilah komuni sajeroning Greja Katulik (kanthi umum):

  • Upacara Komuni sajeroning Misa , peranganing riyaya Ekaristi, ing endi roti lan anggur sing wis dikonsekrasi banjur dibagekake marang umat sing ngabekti.
  • Komuni Suci sajeroning umat Katolik iku roti lan anggur sing wis dikonsekrasi lan dibagekake sajeroning misa . Kanthi mangkono, nampa roti/anggur mau racake karan "nampa komuni" utawa "nyambut komuni" suci. Istilah "komuni suci" iki asring mung disingkat minangka "komuni" wae.
  • Komuni (lagu) , siji lagu saka ritus Gregorian sing biyasa dinyanyekake nalika roti (lan anggur) komuni dibagekake.
  • Komuni Pisanan iku istilah kanggo panampanan komuni (roti lan anggur sing wis dikonsekrasi) sing kaping pisanan dening siji wong sing wis dibaptis kanthi Katulik. Miturut peraturan Greja, Komuni Pisanan kanggo bocah-bocah mung oleh ditampa dening bocah-bocah sing wis ngerti apa tegese nyambut (nampa) komuni suci. Watesan umur bocah-bocah sing dianggep wis cukup ngerti ya iku watara 9-10 taun.
  • Sawijining wong Katulik sing oleh paukuman abot ekskomunikasi (pangucilan), dilarang melu misa lan ora oleh nampa komuni suci.

Liya-liya [ besut | besut sumber ]

Komuni liyane:

Istilah rancu [ besut | besut sumber ]

Istilah sing kagandheng lan istilah sing mungkin rancu karo komuni :

Uga delengen [ besut | besut sumber ]