Komet

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Komet )
     
Komet Hale-Bopp

Komet/ Lintang Kemukus (simbol: ☄) punika benda akasa ingkang memper asteroid , nanging meh sadaya kadhapur saking gas ( karbon dioksida , metana , hawa ) lan lebu ingkang beku. Komet ndarbeni orbit utawi lintasan ingkang bentukipun elips , langkung lonjong lan dawa tinimbang orbit planit . Lintang Kemukus ingkang padhang mesthinipun narik kawigatosan tiyang kathah.

Ciri fisik [ besut | besut sumber ]

Nalika lintang kemukus nyelaki perangan-lebet Tata Surya , radiasi saking srengenge njalari lapisan es paling njawi nguap. Arus lebu lan gas ingkang kaasilaken mbentuk setunggaling atmosfer ingkang ageng nanging tipis sanget ing saubengipun komet, kasebat coma . Akibat tekanan radiasi srengenge lan angin srengenge ing coma punika, kadhapur buntut raksasa ingkang nebihi srengenge.

Coma lan buntut lintang kemukus mbalikaken cahya srengenge lan saged kapirsani saking bumi manawi lintang kemukus punika cekap celak. Buntutipun benten-benten wujud lan ukuranipun. Sansaya celak lintang kemukus kasebat kaliyan srengenge, sansaya dawa buntutipun. Wonten ugi lintang kemukus ingkang boten ndarbeni buntut.

Ciri orbit [ besut | besut sumber ]

Komet ndarbeni orbit wujud elips. Pun wigatosaken, komet punika ndarbeni kalih buntut

Lintang kemukus makaping-kaping ngubengi srengenge, nanging peredaranipun mbetahaken wekdal ingkang lami. Lintang kemukus dipunbentenaken miturut rentangan wekdal orbitipun . Rentangan wekdal cendhak punika kirang saking 200 taun lan rentangan wekdal ingkang rowa punika langkung saking 200 taun. Lumrahe, wujud orbit lintang kemukus punika elips.

Komet misuwur [ besut | besut sumber ]

Wonten saperangan komet ingkang misuwur, umpaminipun:

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbeni sadaya basa.