한국   대만   중국   일본 
Koinobori - Wikipedia Menyang konten

Koinobori

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Koinobori

Koinobori ( こいのぼり, 鯉のぼり, atau 鯉幟 bendera koi ? ) yaiku gendera iwak kang bentuke iwak koi kang diklebetake ing omah-omah ana ing Jepang dening wong tuwa sing duwe anak lanang . Koinobori dilakoni kanggo nyambut perayaan Tango no Sekku .

Miturut pananggalan Tionghoa , Tango no Sekku tiba ing tanggal 5 wulan 5 nalika Asia Wetan ana ing mangsa udan . Wong tuwa sing duwe anak lanang nglebetake koinobori nganti dina tango no Sekku kanggo ndedonga supaya anak lanange dadi wong dewasa kang sukses. Sawise Jepang migunakake pananggalan Gregorian , Koinobori diklebetake nganti dina bocah ( 5 Mei ). Koinobori kang kumplebet melu arahing angin wis dadi simbol perayaan Dina bocah. Menawa jaman biyen koinobori dimaburake ing tengah mangsa udan, koinobori biasane ngelingake Jepang babagan langit biru kang cerah ing pungkasan mangsa semi .

Saset Koinobori kalebu saka ry?dama , yaguruma , fukinagashi , lan gendera- gendera awujud iwak koi.

  • Ry?dama (bal naga)
Bal kang bisa muter dipasang ing pucuk paling ndhuwur tiang panggonan ngaburake Koinobori.
  • Yaguruma
Roda berjari-jari busur kang dipasangake ing sangisore ry?dama . Ry?dama lan yaguruma dipracaya minangka roh jahat.
  • Fukiganashi
Sarung angin kang diwenehi gendera lima werna ( biru , abang , kuning , putih , lan ireng ) utawa gambar iwak koi. Fukinagashi nglambangake 5 unsur ( kayu , geni , banyu , lemah , lan logam ), lan dipracaya minangka tolak bala saka kabeh lelara.
  • Koinobori Hitam ( Magoi )
Koinobori werna ireng sing nglambangake bapak e dimaburake ing sangisore Fukinagashi .
  • Coobobori abang ( higoi ) lan werna Koinobori liyane
Koinobori liya kang ukurane luwih cilik dimaburke ing sangisore koinobori werna abang. Jaman saiki, koinobori abang nglambangake ibu, koinobori biru nglambanganke putra sulung, lan koinobori ijo nglambangake putra kaping pindho.
Koinobori mabur ing tengah sawah. Koinobori sing ora dipasang ing tiang nanging nggunakake tali.

Ing Buku Han Final ( Hou Han Shu ) minangka salah sawijining buku sejarah resmi China ( Sejarah Dinasti Rong Puluh Empat ), dicritakake babagan curug ing kali Kuning kang lakune banyu deres. Iwak-iwak padha nyoba menek curug, nanging mung koi kang bisa menek curug lan berubah dadi naga . Mulane, koi kang bisa numpaki curug digunakake minangka simbol kasuksesan ing urip.

Tradisi maburake koinobori ing latar ngarep omah diwiwiti dening kalangan samurai ing tengahing jaman Edo . Dheweke duweni tradhisi ngrayakake Tango no Sekku kanthi cara majang peralatan bela diri , kaya ta yoroi, kabuto, lan boneka samurai . Saliyane kuwi, dheweke gawe koinobori saka kertas, kain, utawa kain bekas kang dijahit lan digambari iwak koi . Koinobori digawe supaya bisa dimaburake lan menggelembung nalika kena angin.

Lukisan koinobori saka periode Edo dening Hiroshige ( Bukit Suruga lan Jembatan Suido ) saka Pemandangan Seratus Edo Edo

Ing wiwitan, wong Jepang mung maburake koinobori warna ireng kang diarani magoi ( ?鯉 ? ) . Koi kang dimaburake ing paling ndhuwur nglambangake anak lanang mbarep ing kulawarga. Minangka hiasan kang digawe kanggo ngregengake prayaan , koinobori warna liyane uga wiwit digawe, lan kabeh mau nglambangake anak lanang ing kulawarga. Wiwit jaman Meiji, koinobori warna abang kang sinebut higoi ( 緋鯉 ? ) wiwitan dimaburake kanggo ngancani koinobori warna ireng. Tradisi maburake koinobori biru diwiwiti saka jaman Showa . Ukuran koin biru ( kogoi , 子 鯉) luwih cilik tinimbang koinobori abang utawa ireng, lan mralambangake anak koi.

Ing jaman saiki, kerep ditemoni koinobori warna ijo lan oranye kang diarani dadi anak koi. Ing sawatara panggonan ing Jepang, koinobori ora mung dadi duwene bocah lanang. Koinobori kang nglambangake anane bocah wadon ing kulawarga uga pengin melu dimaburake. Kasedhiya koinobori warna cerah, kaya ta oranye, bisa uga ditrapake kanggo kulawargane kang duwe anak wadon.

Ing taun 1931 , pangripta tembang Miyako Kondo nyerat tembang kanthi irah-irahan "Koinobori". Ing lirik tembang kasebut, koinobori kang amba lan wernane ireng minangka bapak koi lan werna koinobori liya kang luwih cilik ya iku bocah koi. [1] Konsep saka lirik tembang kasebut ditampa kanthi cara wiyar ing tengahing wong-wong kang ana ing sangisore pamarintah militer. Sawise Perang Donya II , peran wanita dadi luwih penting, lan koinobori warna abang digunakake kanggo nglambangake ibune koi. Saset Koinobori pungkasan kanthicara komplit nglambangake kulawarga kang wutuh: bapake, ibu, lan anak lanang wadon. Nganti saiki, tembang "Koinobori" kang digawe dening Miyako Kondo panggah ditembangake marang bocah-bocah, nanging lirik tetep padha kaya sing digawe ing taun 1931.

Kumplebeting Koinobori wis dadi pasawangan langka ing kutha-kutha gedhe ing Jepang. Saya sitik kulawarga ing Jepang kang duwe bocah cilik kayane kang dadi panyebab. Kajaba iku, warga kutha-kutha gedhe ora ana maneh kang duwe omah ing kompleks pangomahan, ananging ing apartemen ( omah-omah ) kang ora duwe latar kanggo ngibarake koinobori.

  • Kazo, Prefektur Saitama
Kazo wis dikenal minangka pusat kerajinan koinobori saka sadurunge Perang Donya II. Ing kutha iki saben taun ing sasi Mei diangkasa koinobori kang ukurane raseksa. [2] Tradisi iki diwiwiti saka taun 1988 kanthi cara diangkasa koinobori kang dawane 100 m lan bobote 600 kg. [3]
  • Tuku Onsen, Oguni, Prefektur Kumamoto
Saka April nganti wiwitan Mei, ryokan kang manggon ing lembah Kali Tsuetate dikibarake luwih saka saka 3,500 koinobori. [4]
  • Ino, Distrik Agawa, Prefektur K?chi
Saben wiwitan Mei, koinobori saka washi dipasang ing lakuning banyu kali Niyodo. Koinobori saka Washi ora suwek sanadyan teles kena banyu kali. [5]
  • Kanazawa, Prefektur Ishikawa
Ing acara taunan arupa masang rongatus koinobori ing tengah lakuning banyu Asano River, Kanazawa [6]
  • Suzu, Prefektur Ishikawa
Saben wiwitan Mei, atusan koinobori dikumplebetake ing sadhuwure Kali anitani.
  • Shimanto, Distrik Takaoka, Prefektur K?chi
Saben pungkasan April nganti wiwitan Mei, kurang luwih 500 koinobori dipasang ing tengah lakuning banyu Shimanto River.
Festival Koinobori ing 5 panggonan saka pungkasan Maret nganti tengahing Mei. Akehing koinobori kang dikumplebetake ing Tatebayashi kacathet minangka paling akeh ing donya (luwih saka 5,000 koinobori). Ing Mei 2005, festival iki nglumebetake 5,283 koinobori, lan kacathet ing Guinness World Records . [7]
  1. Toyozaki, Yoko (2008). ニッポン風物詩 . IBC Publishing. kc. 154. ISBN   4-8968-4581-1 . {{ cite book }} : |access-date= requires |url= ( pitulung )
  2. "?光?イベント (Kank? event)" . 加須市. Diarsip saka sing asli ing 2009-05-25 . Dibukak ing 2009-06-03 .
  3. "加須市の名物「ジャンボこいのぼり」には、3代の?史があります (Kazo-shi no meibutsu "jumbo koinobori" ni wa, 3-dai no rekishi ga arimasu)" . 加須市. Diarsip saka sing asli ing 2009-06-07 . Dibukak ing 2009-06-03 .
  4. "杖立?泉鯉のぼり祭り (Tsuetate onsen koinobori matsuri)" . 熊本?商工?光??部?光物産?室. Diarsip saka sing asli ing 2009-03-10 . Dibukak ing 2009-06-03 .
  5. "いの町?光情報 (Ino-ch? kank? j?h?)" . いの町役場. Diarsip saka sing asli ing 2009-06-07 . Dibukak ing 2009-06-03 .
  6. "?野川?鯉流し (Asanogawa koinagashi)" . Kanazawa City Tourism Association . Dibukak ing 2009-06-03 .
  7. "世界一こいのぼりの里まつり (Sekai ichi koinobori no sato matsuri)" . Prefektur Gunma . Dibukak ing 2009-06-03 .