한국   대만   중국   일본 
Kluwung - Wikipedia Menyang konten

Kluwung

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kluwung (kluwung) kang mudun ing sagara Kanada

Kluwung , kuwung , wangkawa utawa endracapa (tegese: gendhewane Bathara Endra) iku pratanda optik lan meteorologi wujud cahya maneka warna jinejer mlengkung ing langit utawa papan liyane. Ing langit, kluwung katon kaya gandewa cahya kang pucuke ngarah ing horizon nalika udan riwis-riwis. Kluwung uga bisa katon ing sacedhake grojogan .

Racake udan anane ing wektu sore, saengga kluwung katon ing sisih wetan. Dene menawa esuk, kluwung katon ing kulon, diarani teja .

Dumadi [ besut | besut sumber ]

Cahya srengenge iku cahya polikromatik (kasusun saka maneka warna). Warna putih cahya srengenge minangka gabungan saka maneka warna kanthi dawa alun (ombakan, glombang ) sing rena-rena. Mata manungsa bisa nangkep, paling ora pitung warna sing kagawa dening cahya srengenge, sing bakal katon saka kluwung, ya iku: abang , jingga , kuning , ijo , biru , nila , lan wungu .

Dawa alun cahya iki mangun pita-pita garis paralel, saben warna nglebur alus karo warna sisihe. Pita iki karan sepektrum. Ing sajeroning sepektrum, garis abang tansah ana ing salah sawijining sisih lan biru sarta wungu ing sisih liyane, lan prakara iki kantentokake amarga prabedan dawane alun.