Rut

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kitab Rut )

Rut utawa Ruth (???, basa Ibrani "welas asih") iku wong wadhon saka bangsa Moab . Dheweke ibu Obed, mbahe estrine Raja Dawud . Miturut Kitab Prajanjian Anyar , dheweke salah sijining leluhur Gusti Yesus ( Injl Matius 1:5).

Caritan bab Rut kahanane dumadi nalika satengahing jaman perang kang kaya dicaritaake sajeroning kitab Hakim-Hakim . Sanadyan garwane wong Israel wis seda, dheweke tetep nuduhake kasatyane marang ibu maratuwane kang warganagara Israel, lan tansah sembahyang marah Allah umat Israel. Ing wusanane carita iki, Rut oleh bojo anyar, sanak sadulure garwane swargi. Liwat garwane kang enggal iki, Rut dadi mbah buyute ratu Dawud, ratu Israel kang gedhe dhewe.

Kandha-kandha carita kang ana ing kitab Hakim-hakim nuduhake angele kaanan amarga umat-E Allah nilarake sang hyang Pangeran. Kitab Rut iku pawalikane, ing kitab iki dituduhake yen Gusti Allahe wong Israel uga maringi berkah marang wong asing kang setya lan banjur percaya marang Gusti Allahe wong Israel. Amarga pratingkahe Rut iki, mula dheweke diangkat dadi umating Allah.

Isi [ besut | besut sumber ]

  • Naomi bali menyang Betlehem karo Rut 1:1-22
  • Rut ketemu karo Boas 2:1--3:18
  • Boas omah-omah karo Rut 4:1-22