한국   대만   중국   일본 
Kitab Para Hakim - Wikipedia Menyang konten

Kitab Para Hakim

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kitab Para Hakim , sing asale saka Alkitab , Prajanjian Lawas , ing basa Yunani sajeroning septuaginta diarani: “i ton kriton biblos" utawa "ton kriton". Banjur ing basa Latin diarani "liber Judicum" utawa "Judicum".

Kitab iki isine kandha-kandha saka jaman pra-sajarah Israel sadurunge bangsa iku awujud karaton tunggal. Yaiku diarani jaman pangrebutaning Kanaan lan ngadhege karaton Israel. Kandha-kandha iku bab prakara barang-barang sing dilakoni para pahlawan satriya bangsa. Kabeh padha diarani hakim, nanging sajatine ? kabeh iku dudu hakim kaya pangerten jaman saiki nanging para senapati perang. Salah sijining para pahlawan iki sing misuwur, jenenge Simson . Kandha caritane ana ing pasal 13?16.