한국   대만   중국   일본 
Kenari (manuk) - Wikipedia Menyang konten

Kenari (manuk)

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Manuk Kenari
Klasifikasi ngelmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Passeriformes
Famili: Fringillidae
Genus: Serinus
Spesies: S. canaria
Jeneng binomial
Serinus canaria
( Linnaeus , 1758)
Serinus canaria canaria

Panemu Manuk Kenari utawi Peksi Kenari inggih punika pelaut saking Perancis , ingkang gadhah asma Jead de Berthan Cout watawis abad 15 ing kepulauan Canary , Azores , lan Madeira . [1] [2] Manuk Kenari gadhah ukuran ngantos 14cm . [2] Prawakanipun saking badan gadhah warna kuning sitrun kanthi garis ingkang radi peteng. [3] Awake wujud kuning sitrun kanthi garis kang luwih peteng. [2] Wulunipun lan buntutipun gadhah warnanipun cemeng ingkang pinggiranipun warna ijem semu kuning . [2] Ing ngandhapipun badan warnanipun radi kuning . [2] Wujudipun Manuk Kenari punika alit ugi gadhah swanten ingkang sae. [1]

Jinis [ besut | besut sumber ]

Wiwit gangsal abad kepengker, manuk kenari asring kawin silang kaliyan jinis manuk kenari sanesipun, dadosaken manuk kenari piyambak gadhah jinis kados ta: [1]

  1. Kenari Norwich , punika jinis ingkang gadhah sajarah benten kaliyan jinis manuk kenari sanesipun. [4] [5] Rikala samanten kathah tiyang nenun saking bangsa Flam ingkang ngingu manuk kenari jinis punika lan asring dipunasta pindah dhateng Inggris amargi dipunjajah dening bangsa Spanyol . [4] [5] Penenun-penenun punika manggen wonten tlatah Norwich ing Norflok (Inggris) . [4] [5] Pratandha saking manuk kenari jinis punika wulunipun ingkang kandel lan wujudipun bunder . [1] [4] [5] Dadanipun amba, gegeripun cekak ugi amba, wulunipun cekak lan buntutipun ugi cekak. [4] [5] Manuk punika gadhah warna ijem .. [4] [5] Dawanipun kinten-kinten 15-16cm . [4] [5]
  2. Kenari Cinnamon, punika memper kaliyan Kenari Norwich . [1] [5] Manuk punika gadhah wulu ingkang kandel lan wujud ingkang sarwa bunder . [4] [5]
  3. Kenari Border , jinis punika ingkang paling misuwur ing kalangan kenari sanesipun. [1] [4] [5] Manuk jinis punika asalipun saking Cumberland Fancy , lan saking Sempadan (Border) antawisipun lnggris lan Scotland . [4] [5] Wujudipun bunder sadaya manawi dipuntingali saking pundi kemawon. [4] [5] Dawanipun namung ngantos 14 cm. [4] [5]
  4. Kenari Lancashire , punika jinis paling ageng ing nagara Inggris . [1] [5] Jaman sapunika Kenari spesies jinis punika ugi angel dipuntemoni. [4] Manuk jinis punika namung katingal manawi nembe ngempal kaliyan jinis kenari sanesipun. [4] [5] Pratandha jinis kenari punika gadhah makutha utawi jambul ingkang dipunwastani Lancashire Coppy . [4] Ingkang wujudipun bunder ingkang dipunwastani Lancashire Plain Head . [4]
  5. Kenari Gloster Archived 2022-03-20 at the Wayback Machine ., kenari jinis punika paling alit saking jinis kenari sanesipun. [1] [4] [5] Dawanipun boten langkung 11cm . [3] [4] Kenari Gloster warnanipun kuning lan wulunipun warna pethak semu ijem sami kaliyan buntutipun . [4] [5] ing sirah wonten ingkang gadhah jambul wonten ugi ingkang boten gadhah jambul . [4] Manuk jinis punika ingkang boten gadhah jambul saged dipunwastani Consort . [4] [5]
  6. Kenari London Francy , punika jinis kenari ingkang paling sepuh lan ugi sampun cures . [1] [4] [5] [5] Manuk jinis punika sae sanget wujudipun. [4] [5] Wulu lan buntutipun warni semu emas lan rerenggan warni cemeng . [4] [5]
  7. Kenari Fite Francy , Manuk jinis punika nembe dipuntepang dening masarakat . [4] [5] miturut kapitadosan masarakat jinis punika renkarnasi saking jinis kenari london francy nanging gadhah ukuran langkung alit . [1] [4] [5] Kanthi wulu ingkang alus lan buntutipun warna pethak . [4] [5] [5] Dawanipun ugi boten langkung 11 cm. [4] [5]
  8. Kenari American Singer , kelebet jinis kenari ingkang kanthi fisik endah lan gadhah swanten ingkang sae. Kenari American Singer punika asil silangan Kenari Border lan Kenari Roller. Sebaran: Kenari American Singer dipunkembangaken taun 1930-an dening sakelompok wadon ingkang salajengipun dipuntepangi kanthi nama “The Eight Boston House Wives”. Kenari American Singer kawitanipun dipunsebat “North American canary” utawi kenari Amerika Lor lan diasilaken saking silangan Kenari Roller Jerman (30%) lan Kenari Border (70%). Peksi punika kathahipun sumebar ing Amerika.

Varietas Kenari ingkang dipunkembangaken [ besut | besut sumber ]

  1. Kenari American Singer
  2. Kenari Belgian Bossu Archived 2022-03-20 at the Wayback Machine .
  3. Kenari Border Fancy
  4. Kenari Color Bred
  5. Kenari Crested
  6. Kenari Fife Fancy
  7. Kenari Gloster Fancy
  8. Kenari Lizard
  9. Kenari Northern Dutch Frilled
  10. Kenari Norwich
  11. Kenari Parisian Frilled
  12. Kenari Red Factor
  13. Kenari Roller
  14. Kenari Spanish Timbrado
  15. Kenari Stafford
  16. Kenari Waterslager
  17. Kenari Yorkshire Archived 2022-03-20 at the Wayback Machine .
  18. Kenari Scotch Fancy Archived 2022-03-20 at the Wayback Machine .
  19. Kenari Giboso Archived 2022-03-20 at the Wayback Machine .
  20. Kenari Rasmi Boland Archived 2022-03-20 at the Wayback Machine .

Varietas langka [ besut | besut sumber ]

  1. Kenari Lancashire Archived 2022-03-20 at the Wayback Machine .
  2. Kenari Cinnamon
  3. Kenari London Fancy

Gladri [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

Jenis jenis burung kenari yang populer di Indonesia Archived 2022-03-13 at the Wayback Machine .

  1. a b c d e f g h i j Jinis-jinis burung kenari [ pranala mati permanen ] (dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
  2. a b c d e Soeseno, Ari.1993. Burung Hias Aneka Jinis dan Perawayannya. Jakarta: PT Penebar Swadaya. Hal 124
  3. a b Jinis Kenari (dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab Jinis Kenari yang Umum [ pranala mati permanen ] (dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y Jinis-Jinis Kenari (dipunundhuh tanggal 26 April 2011)