한국   대만   중국   일본 
Kapuloan Andaman lan Nikobar - Wikipedia Menyang konten

Kapuloan Andaman lan Nikobar

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Cithakan:Infobox State IN

Peta Kapuloan Andaman lan Nikobar.

Kapuloan Andaman lan Nikobar ( Inggris : Andaman and Nicobar Islands , dipuncekak A & N Islands utawi ANI ) punika satunggaling Wewengkon Persatuan ing India . [1] Kepuloan Andaman lan Nikobar dumunung ing Samodra Hindia , kapuloan punika kaperang saking kalih golongan ingkang utami Kapuloan Andaman lan Kapuloan Nikobar . [1] Kalih golongan punika dipunpisahaken dening 10° LU paralel, kapuloan Andaman membentang dhateng ngetan garis ujur punika, lan kapuloan Nikobar dhateng ngidul. [1] Punjeripun ( pusat ) teritori punika inggih punika ing Kutha Port Blair ingkang wonten ing Andaman. [1] Adhedhasar cacah sirah pungkasan ing wonten taun 2001 , wewengkon persatuan punika gadhah 356.152 jiwa kang ndunungi. [2] Jembaripun wewengkon dharatan Kapuloan Andaman lan Nikobar antawisipun 8.249 km² . [1]

Etimologi [ besut | besut sumber ]

Nama Andaman asalipun saking tembung Hanuman , ingkang kalebet tembung basa Malayalam kangge dewa Hindhu , Hanuman . [3] Nama Nikobar inggih punika tembung ing basa Malayam ingkang ateges ' sitinipun tiyang'. [1]

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Padunung ingkang sepisanan [ besut | besut sumber ]

Kapuloan Andaman lan Nikobar sampun dipunangge sampun maewon-ewon taun. [4] Bukti arkeologi nedhahaken bilih nalika abad kaping 2 SM kapuloan punika sampun wonten padunungipun [4] , nanging, indikasi saking isolasi genetik , budaya lan basa dhateng padunungipun nedhahaken bilih sampun wonten kang ndunungi wiwit 30.000 - 60.000 taun kepengker, nalika wekdal Paleolitik Pratengahan . [4]

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f Andaman and Nicobar Islands dipunundhuh tanggal 5 September 2011)
  2. Total Population dipunundhuh tanggal 5 September 2011)
  3. The islands of good fortune Archived 2008-03-17 at the Wayback Machine . dipunundhuh tanggal 5 September 2011)
  4. a b c "About andaman and nicobar islands" . Diarsip saka sing asli ing 2008-06-22 . Dibukak ing 2011-09-05 .