Kampak

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     
Kampak saka Swedhen

Kampak utawa kapak ya iku salah sijining piranti kang wus digunakake maewu-ewu taun kanggo minangka, nugel lan nyigar kayu uga dadi gaman ing payudan. Kampak kang paling wiwitan digawe saka watu kang tipis, wujude direka supaya bisa digegem lan perangan kang landhep bisa katamanake ing kayu kanthi gampang. Sabanjure kampak watu dipasang ing garan kayu mawa tali. Sabanjure nalika manungsa wis kenal ngolah tembaga , wesi lan prunggu , kampak digawe saka bahan mau lan garan saka kayu mau dipasang kanthi dislobokake ing bolongan kampak. Garan uga bisa digawe saka balung utawa sungu kewan.

Lumrahe kampak duwe landhepan siji. Nanging uga ana kang duwe landhepan loro. Kampak modheren lumrahe duwe sesirah saka waja lan garan saka kayu. Saliyane kuwi uga saka plastik lan fiberglas .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Kampak kalebu piranti kang wiwitan kaloka dening manungsa mligi kanggo bebedhag lan nglumpukake pangan. Saka watu kang bisa kanggo ngremukake wewijen, watu kang gepeng lan nglingir kanyata luwih gampang kena nganggo nugel lan kepara uga kanggo ngrajang. Sabanjure watu mau direka supaya duweni wujud kang kepenak digegem ing tangan. Kampak kang digegem ing tangan iki dening para ahli sujarah diarani kampak genggam , kampak pasagi lan kampak lonjong kang kanthi ndeleng wujud lan bahane para ahli sabanjure bisa mangerteni kapan barang mau digawe. Conto tinggalan kampak saka jaman prasujarah ing Indonesia tinemu ing situs purbakala kaya ta ing Sangiran , Trinil lan Wajak . [1] Sabanjure, nalikane manungsa wus kenal cara ngolah wesi lan prunggu, kampak digawe saka wesi lan prunggu kanthi cara dicithak.

Wadung lan pethel [ besut | besut sumber ]

Petruk nyandhang pethel

Wong Jawa duwe kampak kang diarani wadung lan pethel , ya iku kampak kang kapasang ing sangkal saengga sesirahe bisa dicopot lan bisa kapasang lurus utawa malang. Wadung duwe ukuran kang gedhe (60?80 cm) lan kagunakake kanggo ngrubuhake wit-witan uga kanggo nyigar kayu. Mula dadi pirantine para blandhong . Dene pethel ukurane cilik (30 cm) lan cukup dicekel tangan siji. Pigunane kanggo nipisake kayu/blabak sadurunge di pasah , uga kanggo minangka kayu dhasaran sadurunge dialusake nganggo tatah . Mula pethel umum dadi gamane tukang kayu . Paraga wayang kulit kang duwe gaman wujud pethel ya iku Petruk . [2]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. "Jenis-Jenis Manusia Purba Di Indonesia" . [ pranala mati permanen ]
  2. "Wayang-Kulit-Kidang-Kencana" . [ pranala mati permanen ]