한국   대만   중국   일본 
Kalor - Wikipedia Menyang konten

Kalor

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Panas

Kalor utawi benter inggih punika salah satunggaling wujud energi ya iku Energi panas. manawi benda nguwalaken kolor wontne benda sanes, kalor ingkang sampun dipuntampi benda sanes sami kaliyan kalor ingkang dipunuwalaken kaliyan benda sanes. proses punika dipunsebat Asas Black ya iku jumlah kalor ingkang dipunuwalaken sami kaliyan kalor ingkang dipuntampi. kalor saged dipunpindah ngelangkungi Radiasi , Konveksi , lan Konduksi . media ingkang dipunginakaken wonten pindahanipun benter saged wujud padat , cair , gas . [1] (dipununduh Tanggal 17 September 2012) Saderengipun abad-17, wonten ingkang nyukani pangartosan manawi kalor punika wujud zat ingkang ngalir saking ingkang suhunipun inggil ngantos suhu ingkang luwih cendhek manawi benda mau bersentuhan utawi campur. manawi kalor kalebet zat sajatosipun gadhah Massa lan kasunyatan benda ingkang dipunpanasaken massanipun boten tambah. kalor punika boten kagolong Zat nanging kagolong wujud Energilan suatu besaran ingkang dipunlambangaken Q ngangge ekan J , lan sanesipun dipunlambangaken Kal . [2] paristiwa ingkang ngelibataken kalor ingkang asring dipuntemui wonten kauripan sedinten-dinten, tuladhanipun wanci godhok toya kaliyan ginakaken kompor, tuya ingkang sajotosibun gadhah suhu anyep suwe-suwe dados panas. [3]

Kalor saghed Ngubah Suhu Benda [ besut | besut sumber ]

Wonten ngelmu Fisika pangertosan kalor benten kaliyan suhu. kalor dados wujud energi nyatakaken jumlah, (kuantitas panas, suhu nyataaken ukuran derajat panas). [4] (dipununduh tanggal 17 September 2012) Suhu toya ingkang sederengipun benter sakmenika dados luwih anyep lan suhu toya ingkang saderengipun anyep dadosake luwih panas. sakmenika nunjukaken manawi toya panas punika ngelepasaken kalor lan toya anyep narima kalor saking toya benter kangge ngunggahaken suhunipun. sedaya benda saged nerima lan nguwalaken kalor. benda-benda ingkang suhunipun luwih inggil saking sisihipun punika luwih cenderung nguwalaken kalor. benda-benda ingkang gadhah suhu luwih cendhek sakig lingkunganipun lan saged nampi kalor kangge nyetabilaken kondisi kaliyan lingkunganipun. suhu zat nembe owah saking asalipun manawi zat mau nguwalaken utawi nampi kalor. [5]

Kalor saged ngowahi wujud dat [ besut | besut sumber ]

Zat manawi dipunparingi suhu ingkang ngelangkungi batos, mila zat bakal ngalami pauwalan wujud. paristiwa punika ugi sami manawi zat nguwalaken kalor lan nyampai suhu minimal. sanesipun, kalor saghed dipunginakaken kangge ngubah wujud zat. [6]

Cathethan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. "Archive copy" . Diarsip saka sing asli ing 2012-09-20 . Dibukak ing 2012-09-19 . {{ cite web }} : CS1 maint: archived copy as title ( link )
  2. >Winarsih,ani,dkk."Ipa Terpadu untuk SMP/MTS VII"ISBN.Bengawan Ilmu.Semarang.(2008:113)
  3. >Winarsih,ani,dkk."Ipa Terpadu untuk SMP/MTS VII"ISBN.Bengawan Ilmu.Semarang.(2008:113)
  4. http://indonesiindonesi.com/f/94970-bab-7-kalor-1-a/ [ pranala mati permanen ]
  5. >Winarsih,ani,dkk."Ipa Terpadu untuk SMP/MTS VII"ISBN.Bengawan Ilmu.Semarang.(2008:114)
  6. >Winarsih,ani,dkk."Ipa Terpadu untuk SMP/MTS VII"ISBN.Bengawan Ilmu.Semarang.(2008:121)