한국   대만   중국   일본 
Kakhanan Krim - Wikipedia Menyang konten

Kakhanan Krim

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tlatah Kakhanan Krim ing taun 1600

Kakhanan Krim wiwit ana nalika Grombol Emas Monggolia ruwag ing abad kaping 15 mawa punjere ana ing Tanjung Krim . Ing sakiwa tengene taun 1441 wong Tatar Krim ngedegake sawijining tlatah wewengkon Khan utawa diarani Kakhanan sangisoring pimpinane Giray, sawijining kulawarga wangsa Jingisid. Wewengkone ana ing sakiduling tanah sing saiki dadi wewengkone Ukraina, wiwit taun 1556 tlatahe Grombol Nogay antara Asov lan Kuban saha Tanjung Krim. Saperangan gedhe tlatah iki kabeh ing tembe bakal dadi wewengkone Ruslan lan diarani tlatah Donbass . Kutha nagarane ya iku Bakhchisaray. Kakhanan Bangsa Tatar Krim iku siji-sijine karajan paneruse Grombol Emas, sing bisa eksis nganti suwe, ya iku nganti taun 1792 . Nganti abad kaping 18 , wong-wong Tatar Krim kerep perang lan mbedhah tlatah-tlatah ing Ukraina sing nalika iku dadi wewengkone Polen-Litowen, Moldavia lan Ruslan. Saka tlatah-tlatah iki wong Tatar Krim mboyong para batur tukon sing dadi "komoditas ekspor" ekonomi Tatar Krim sing wigati dhewe. Wong Tatar Krim ya dagang karo Kakaisaran Osmaniyah. Dening Kakaisaran Osmaniyah wong Tatar Krim direksa lan wong Tatar Krim dadi panyebar lan sesulihe Islam ing Ukraina .