한국   대만   중국   일본 
Keju - Wikipedia Menyang konten

Keju

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Keju tipe Gouda saking nagari Walandi.

Keju saking basa Portugis : queijo punika panganan ingkang kadamel saking susu . [1] Wondene susu ingkang kangge asringipun inggih susu sapi . Sabentenipun saged ugi ngangge susu mendha , keledhe , kapal kaliyan unta . [2]

Keju anggenipun ndamel saking susu , dipunicali kandhutan toyanipun kaliyan dipunsukani obat supados saged fermentasi saha boten bosok. [2] Keju gadhah sadaya kadungan wonten susu inggih kados ta: protein , vitamin , mineral , kalsium , vitamin B12 , zink , lan fosfor nanging uga lemak lan kolesterol ingkang saged damel penyebab masalah kesehatan saumpami dipunkonsumsi kekathahen. [3] Pakanan iki dikenal ing sakupenging dunya, nanging keju dugaane asale saka Timur Tengah . [1] Sanajan ora ana kapesthen saka ngendi keju kui, nanging miturut legenda keju tinemu sepisanan pangembara saka arab . [2]

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Asal-usul [ besut | besut sumber ]

Keju wis digawe awit jaman prasajarah sanajan ora ana bukti trep kapan keju pertama digawe [4] . Masarakat prasajarah wiwit ninggal gaya hidup nomaden lan malih dadi peternak wedhus , domba utawa sapi [4] . Amarga kurang karesikan lan asring kena sinar srengenge langsung mulane susu sing ing bejana dadi kenthel, jebul bareng dipangan rasane enak [4] . Kawiwitan saka iku manungsa nemu keju krim asem (sour cream cheese) [4] . Salah sawijining legenda nyaritakake yen ana pemburu sing mateni sapi, banjur mbukak wetenge lan nemu saperangan warna putih sing enak [4] . Anane enzim rennet ing jero weteng sapi njalari susu dadi kenthel, saengga dadi apa sing mau keju saiki [4] . Carita liyane nyebutake yen keju iku asale saka Timur Tengah dening pengembara saka arab [4] . Pengembara iku numpak jaran lan gawa susu ing pelanane [4] . Sawetara suwe susu iku wis malih dadi banyusing pucet lan gumpalan-gumpalan putih [4] . Amarga pelana sing kanggo nyimpen susu digawe saka weteng kewan ( sapi , domba,lan wedhus ) sing ngandung rennet, dadi campuran saka rennet, cuaca sing panas lan obah-obahing jaran nalika lumaku bisa ngubah susu dadi keju lan saka iku wong-wong wiwit migunakake enzim saka weteng kewan kanggo gawe keju [4] .

Yunani lan Romawi kuna [ besut | besut sumber ]

Mitologi Yunani Kuno nyebutake yen Aristaeus iku panemu keju [5] .Odyssey tulisan Homer (800 SM) nyebatake yen Cyclops gawe keju saka susu domba lan wedhus [5] . Keju saka susu wedhus iku komoditas sing cukup wigati ing Yunani , lan masarakat Yunani percaya yen keju bisa nggawe perwira luwih kuwat lan bisa ngrangsang nepsu birahi [5] . Hippocrates migunakake keju gawe nambani radang lan keju uga digawe sesaji kanggo dewa-dewa [5] . Kebudayaan Romawi iku sing banjur ndadekake keju akeh jinise kaya saiki [6] . Bangsa Romawi iku kikenal bangsa sepisanan kang mangerteni bab proses gawe lan nyimpene keju, bangsa Romawi mangerteni akibat tehnik gawe kang beda iku njalari rasa lan karakter keju uga dadi beda [6] . Bangsa Romawi nggawa keju lan seni gawene nalika ngalahake Gaul, bangsa Perancis lan Inggris , sing banjur disambut apik [6] .

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b Asal Mula Keju [ pranala mati permanen ]
  2. a b c Halalguide.info
  3. Ryan, Nancy Ross (2007). Cheese . Microsoft ® Student 2008 [DVD]. Redmond, WA: Microsoft Corporation. {{ cite book }} : Cite has empty unknown parameter: |1= ( pitulung )
  4. a b c d e f g h i j "www.koleksiweb.com" . Diarsip saka sing asli ing 2012-01-22 . Dibukak ing 2011-05-02 .
  5. a b c d Iburg, Anne (2004). Dumont's Lexicon of Cheese . Rebo International b.v., Lisse, The Netherlands. ISBN 978-90-366-1689-8 .
  6. a b c "cheesehut.tripod.com" . Diarsip saka sing asli ing 2015-10-22 . Dibukak ing 2011-05-04 .

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]