한국   대만   중국   일본 
Jules Verne - Wikipedia Menyang konten

Jules Verne

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jules Verne
Tapak asta

Jules Gabriel Verne ( Nantes , Prancis , 8 Februari 1828 ? Amiens , Prancis, 24 Maret 1905 ) iku siji panulis Prancis sing mlopori genre fiksi-ngelmiyah. Karya-karyane sing misuwur ya iku Voyage au centre de la Terre ( Panglelanan menyang punjer Bumi 1864), Vingt mille lieues sous les mers ( 20.000 mil sangisoring sagara 1870), lan Le Tour du monde en quatre-vingts jours ( Ngubengi donya ing 80 dina 1873). Verne nulis prakara antariksa, langit, lan panglelanan ngisor sagara sadurunge piranti-piranti iki diciptakake. Dheweke iku panulis kapindho sing paling akeh diterjemahake sawise Agatha Christie . Karyane uga ana sing dipertal ing Basa Jawa . Saliyane iku akeh karyane sing digawe filem, minangka filem layar amba, filem TV utawa kartun.

Jules Verne, bareng karo H.G. Wells , kerep diarani "Bapak Fiksi Ngelmiyah". [1]

Babad slira [ besut | besut sumber ]

Masa cilik [ besut | besut sumber ]

Jules Gabriel Verne lair ing kutha Nantes, ing pasisir kulon Prancis. Bapakne, Pierre Verne, iku siji pangacara (seda taun 1871). Ibune ya iku Sophie-Henriette Allotte de la Fuye (seda 1887). Jules iku sing ragil saka anak lima lan taun-taun awale dialamine ing ngomah karo wong tuwane. Ing mangsa panas kulawarga iki lumrahe nginep ing ngomah liburan sajabaning kutha ing pinggiring Kali Loire . Nalika iku Jules karo adhine, Paul kerep nyewa prau sing regane sa-franc sadina lan ndelengi baita-baita sing alayar ing kali iku. Baita-baita iki nggugah daya imajinasine kaya ditulis ing bukune Souvenirs d'Enfance et de Jeunesse . Nalika Jules umure sangang taun, dheweke lan adhine dikirim menyang pamulangan asrama ing Saint Donatien College (Petit seminaire de Saint-Donatien). Minangka bocah, dheweke ngembangake daya tarik ing panglelanan lan panjlajahan. Klangenane iki dituduhake minangka panulis carita-carita petualangan lan fiksi ngelmiyah.

Ing asrama, Verne sinau Basa Latin, sing dienggo ing carita cekake Le Mariage de Monsieur Anselme des Tilleuls ing dasawarsa taun 1850-an. Salah siji gurune bokmanawa Brutus de Villeroi, siji panemu Prancis. Dheweke uga njabat dadi profesor gambar lan matematika ing Saint Donatien ing taun 1842. De Villeroi ing tembe bakal misuwur dadi pancipta USS Alligator, kapal silem kapisan Amerikah Sarekat. Bisa dadi De Villeroi sing ngilhami desain kapal silem Nautilus ing carita 20.000 mil sangisoring sagara , sanadyan ora ana komunikasi sing bisa dibuktekake antara wong loro iki.

Masa awal panulisan [ besut | besut sumber ]

Gambar samak kas Hetzel kanggo siji buku Jules Verne. Iki edisi Les Aventures du Capitaine Hatteras au Pole Nord , jinis "Aux deux elephants".

Sawise lulus SMA, Jules Verne lunga menyang Paris kanggo kuliyah kukum. Kira-kira ing taun 1848, Verne karo Michel Carre padha-padha nulis libretto kanggo operette. Kanggo sawatara taun, kawigatene kaperang kanggo teater lan pagaweyane, nanging sawatara carita-carita panglelanan sing dheweke tulis kanggo Musee des Familles nuduhake bakate sing sajati: Verne bisa nyritakake panglelanan astamewa lan petualangan ing ngendi detail-detail ngelmiyah lan geografis bisa menehi swasana realistis. Nalika bapakne Jules Verne ngonangi yen anake ora kuliyah kukum nanging malah nulis buku, banjur kiriman dhuwite langsung dijabel. Jules Verne kepeksa nyambut gawe dadi pedagang saham. Pagaweyane iki ora disenengi kamangka dheweke bisa rada sukses nglakoni iki. Nalika iku dheweke tepungan karo Alexandre Dumas, pere lan Victor Hugo , sing ngandhani cara-carane nulis buku. Dumas ing tembe bakal dadi kancane sing raket.

Jules Verne uga ketemu karo Honorine Morel, siji randa sing ditilar donya Fraysne de Viane sing umure 26 taun lan wis duwe anak wadon loro. Jules banjur omah-omah karo dheweke ing tanggal 10 Januari 1857. Mawa pasengkuyungane, Jules Verne mbanjurake aktivitas panulisane lan golek panerbit sing bisa mbabar karyane. Banjur ing tanggal 3 Agustus 1861 , anake Michel Verne lair. Michel-Jean iki bocahe nakal lan ora nurut wong tuwane. Nalika cilik tau dikirim menyang siji kunjara rumaja ing taun 1876. Banjur dheweke kawin karo siji aktris lan duwe anak loro karo pacare sing umure 16 taun. Nanging nalika dheweke saya tuwa, gayutane dadi saya apik.

Kaanan Verne dadi saya apik sawise dheweke ketemu karo Pierre-Jules Hetzel , salah sijining panerbit wigati Prancis ing abad kaping 19 sing uga nerbitake antarane karya-karyane Victor Hugo , Georges Sand , lan Erckmann-Chatrian . Wong loro iki ngwujudake siji tim panulis-panerbit sing kukuh nganti Hetzel tilar donya.

Hetzel ngrewangi mbenakake tulisane Verne, sing nganti semono ditulak karo panerbit liyane. Hetzel maca naskahe Verne prakara panglelanan lan panjlajahan bawana Afrika mawa balon sing ditulak dening panerbit liyane amarga dianggep "ngelmiyah banget". Banjur mawa pitulunge Hetzel, Verne nulis ulang carita iki sing diterbitake ing taun 1863 mawa irah-irahan Cinq semaines en ballon ( Limang Minggu ing siji Balon ). Nuruti sarane Hetzel, Verne nambahake sawatara aspek-aspek komik ing buku-bukune, ngowahi pungkasan carita sing sedih lan ngurangi pesen-pesenan pulitik.

Saka titik iku nganti tilar donyane Verne, Hetzel mbabar rong jilid utawa luwih saben taune. Sesirah-sesirah sing paling sukses ya iku kalebu: Voyage au centre de la terre (1864); De la terre a la lune ( Saka Bumi menyang Wulan , 1865); Vingt mille lieues sous les mers (1869); lan Le tour du monde en quatre-vingts jours , sing mula-mulane muncul ing Le Temps taun 1872. Serial iki ditepungi mawa jeneng "Les voyages extraordinaires" ("panglelanan astamewa"). Jules Verne saiki bisa ngurip ngandhalake kasil karya tulisane. Nanging sabagean gedhe kasugihane olehe saka pamentasan sandhiwara Le tour du monde en quatre-vingts jours (1874) lan Michel Strogoff (1876), sing ditulis karo Adolphe d'Ennery .

Ing taun 1867 Verne tuku siji baita cilik sing dijenengake Saint-Michel , lan ora suwe maneh Saint-Michel II lan Saint-Michel III nalika kaanan ekonomine saya apik. Sajeroning Saint-Michel III , dheweke ngubengi Eropah. Ing taun 1870, dheweke diangkat dadi Chevalier (Satriya) Legion d'honneur .

Sawise romane sing kapisan, sabagean gedhe carita-caritane kapisanan diterbitake minangka carita sambungan dhisik ing kalawarta Hetzel sing jenenge Magazine d'Education et de Recreation , lan terbit rong minggu pisan sadurunge diterbitake awujud buku. Miturut Index Translationum Unesco , Jules Verne kanthi tetep manggoni papan peringkat lima paling dhuwur saka panulis-panulis sing paling akeh dipertal sa-donya.

Taun-taun pungkasan [ besut | besut sumber ]

Verne ing 1892

Ing tanggal 9 Maret 1886 , nalika Verne nyedhaki omahe, kaponakane sing ajeneng Gaston, sing ngidhep lara paranoia mara lan nembak Jules Verne kaping loro. Pelor siji luput nanging sijine kena sikile sing kiwa lan njalari Verne dadi pincang lakune. Gaston banjur lumebu omah lara jiwa saumur uripe.

Sawise Hetzel tilar donya lan ibune seda ing taun 1887, Verne miwiti nulis karya-karya sing luwih pesimis. Bisa bae iki disebabake amarga wateke rada owah, nanging bokmanawa uga amarga putrane Hetzel ora patiya keras kaya bapane olehe nyunting karya Verne.

Ing taun 1888 , Jules Verne lumebu kancah pulitik lan kapilih dadi siji anggota dewan kutha Amiens , ing ngendi dheweke mlopori sawatara yasa lan mangsa bektine 15 taun.

Ing taun 1905, Jules Verne seda dening lelara diabetes e ing daleme, Boulevard Longueville 44 (saiki Boulevard Jules-Verne). Putrane Michel sing ngurusi publikasi roman-roman pungkasane Invasion of the Sea lan Le Phare du bout du monde . Serial "Voyages extraordinaires" dibanjurake nganti sawatara taun sawise iku. Ing tembe tinemu yen putrane ngowahi akeh prakara ing carita-carita iki. Mula versi-versi asline dibabar maneh ing pungkasan abad kaping 20.


Pertalan ing basa-basa Nuswantara [ besut | besut sumber ]

Hikajat Phileas Fogg ing basa Jawa

Karya-karya Jules Verne uga akeh dipertal ing basa-basa Nuswantara, mligi basa Malayu lan basa Jawa . Buku-buku karya Jules Verne iki diajeni banget, buktine pertalan ing basa Malayu dibabar dening Bale Poestaka.

Ing basa Jawa Le Tour du Monde en quatre-vingts jours ( Ngubengi donya ing 80 dina ) sing asline dibabar taun 1873, dipertal lan dibabar ing taun 1889. Versi basa Jawa iki diwehi irah-irahan diarani Hikayat Phileas Fogg (katulis Hikajat Phileas Fogg).

Pangaribawa Hetzel [ besut | besut sumber ]

Hetzel akeh menehi pangaribawa marang tulisan-tulisane Verne, sing seneng bisa nemoni siji panerbit. Tundhane Vernes nurut meh apa sarane Hetzel kabeh. Hetzel nulak minimal siji roman ( Paris ing abad kaping 20 ) lan njaluk marang Verne supaya ngowahi akeh tulisane. Hetzel ngakon supaya Verne iku ngadopsi gaya sing luwih optimis. Banjur supaya ora ngenyek sekuthu Prancis kala iku, Ruslan, Verne dikon ngowahi warganagara Kapten Nemo saka pangungsi Polen dadi siji Pangeran India.

Pratelan pustaka [ besut | besut sumber ]

Mercusuar ing Akhir Donya dianggep minangka salah sawijining novel paling apik ing panggung sastra Verne.
Roman

Yen carane roman-roman utama Jules Verne dijingglengi, mangka bisa dideleng yen roman-romane kawangun saka telung perangan sing kagandheng siji karo liyane:

  1. panglelanan geografis
  2. panglelanan moral
  3. panglelanan ngelmiyah
Caricature de Jules Verne ≪ allant recueillir aux bonnes sources des renseignements authentiques sur le monde sous-marin ≫.
Museum Jules Verne ing Nantes
Monumen Jules Verne ing Redondela
Recueils de nouvelles
Contes fantastiques

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. Adam Charles Roberts (2000), "The History of Science Fiction": Page 48 ing Science Fiction , Routledge, ISBN 0-415-19204-8 . Wong-wong liya sing uga kerep diarani "Bapak Fiksi Ngelmiyah" kalebu Hugo Gernsback , H. G. Wells lan Edgar Allan Poe .
  2. ≪ Les Forceurs de blocus (1865) ≫, dans site J.V. Gilead, The Illustrated Jules Verne , Cithakan:Lire en ligne