Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jose Manuel Ramos-Horta
(
Portugis
:
IPA
:
[?u'z? '??muz 'o?t?]
),
GCL
(lair
26 Dhesember
1949
; umur 74 taun) inggih punika Presidhen
Timor Leste
kaping kalih wiwit mardika saking
Indonesia
,wiwit njabat ing tanggal
20 Mei
2007
.
[1]
Saderengipun dados
presidhen
, panjenenganipun njabat
Mahamantri Timor Leste
.
[1]
Panjenenganipun njabat dados Mahamantri timor Leste tanggal (
8 Juli
2006
-
20 Mei
2007
) lan
Mantri Njaban Rangkah
Timor Leste
wiwit mardika ing taun
2002
ngantos lengser ing taun
2006
, saderengipun Hose dados juru wicara tumrap parlawanan
Timor Leste
ing pangasingan nalika Timor Leste taksih dipunparentah
Indonesia
antawis taun
1975
lan
1999
.
[1]
Panjenenganipun pikantuk bebungah Nobel ing taun
1996
.
[2]
Sasampunipun ndherek grombolan anti-
Portugis
, panjenenganipun tindak dhateng pangasingan (
1970
-
1972
) ing
Mozambik
. Sasampunipun kondur malih dhateng Timor Leste, panjenenganipun lajeng ndherek organisasi
Front Revolusioner
kangge Kamardikan Timor Leste (FRETILIN).
[3]
Nalika Indonesia nginvasi Timor Leste malih, Ramos Horta wangsul malih dhateng pangasingan lan dados juru wicara kangge kamardikan Timor Timur ing jagad internasional.
[3]
Jose miyos
26 Dhesember
1949
, ing Kutha
Dili
. Panjenenganipun gadhah sadherek cacah sawelas, tiga ing antawisipun dipunperjaya pati dening militer Indonesia nalika Timor Leste taksih dipunkuwaosi Indonesia (
1975
-
1999
).
[1]
Biografi Dr Jose Ramos-Horta
[
pranala mati permanen
]