한국   대만   중국   일본 
Jacques Derrida - Wikipedia Menyang konten

Jacques Derrida

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jacques Derrida

Jacques Derrida (miyos ing El Biar , Aljazair , 15 Juli 1930 -tilar donya ing Paris , Prancis , 8 Oktober 2004 ing yuswa 74 warsa) inggih punika salah satunggalipun filsuf Prancis ingkang dipunanggep minangka pangusung tema dekonstruksi wonten ing filsafat postmodhern. [1] [2] Pamikiranipun ugi dipunpratelakaken kanthi filsafat basa. [1] Wonten ing seratanipun Christopher Norris ingkang irah-irahanipun Derrida (1987), Norris gadhah asumsi bilih filosofi Derrida mliginipun bab seratan. [1]

Pagesanganipun [ besut | besut sumber ]

Jacques Derrida miyos ing Aljazair nalika tangggal 15 Juli 1930. [1] Ing warsa 1949 panjenenganipun pindhah dhateng nagari Prancis , lan ing Prancis panjenenganipun manggen ngantos tilar donya. [1] Panjenenganipun mucal ing Ecole Normale Superieure ing kitha Paris . [1] Tiyang sepuhipun ingkang asma Aime Derrida lan Georgette Sultana Esther Safar, palakrami ing warsa 1923 lan pindhah dhateng St.Agustinus ing Aljazair nalika warsa 1925 . [1] Ing taun ingkang sami Rene Derrida (putrinipun Aime lan Georgette) miyos lan sekawan taun salajengipun Paul Derrida (rayinipun Rene) miyos. [1] Nanging tigang wulan sasampunipun Paul tilar donya. [1] Nalika warsa 1930 Jackie Derrida miyos. [1] Ing wekdal salajengipun panjenenganipun nyebat kanthi sesebatan "Jacques". [1] Sadangunipun gesang, panjenenganipun tansah cubriya mbokbilih panjenenganipun namung dados panggantosipun kangmasipun, Paul. [1] Derrida kalebet trah Yahudi . [1] Panjenenganipun nate pikantuk kanugrahan doctor honoris causa ing Universitas Cambridge . [1] Nalika tanggal 9 Oktober 2004, panjenenganipun tilar donya ing yuswa 74 warsa amargi gerah kanker . [1]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o [Jason Powell. 2006. Jacques Derrida: A Biography . London: Continuum. 50, 11, 149, 158.]
  2. [Dawne McCance. 2009. Derrida on Religion: Thinker of Difference. London: Equinox Publshing. kaca 22]

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]