Jurgen Klopp

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jurgen Klopp
Jürgen Klopp
Katerangan priangga
Jeneng dawa Jurgen Norbert Klopp
Tanggal lair ( 1967-06-16 ) 16 Juni 1967 (umur 56)
Papan lair Stuttgart , Jerman Barat
Dhuwur 1.94 m (6 ft 4   1 2  in)
Posisi main
Katerangan klub
Tim saiki
Liverpool (manajer)
Karir nom
1975?1983 SV Glatten
1983?1989 TuS Ergenzingen
Karir senior*
Taun Tim Main ( Gul )
1987 1. FC Pforzheim 4 (0)
1987?1988 Eintracht Frankfurt II
1988?1989 Viktoria Sindlingen
1989?1990 Rot-Weiss Frankfurt
1990?2001 Mainz 05 337 (52)
Tim dikemunah
2001?2008 Mainz 05
2008?15 Borussia Dortmund
2015-samenika Liverpool

* Gunggung main lan gul ing klub senior tumrap liga dhomestik iki mligi.


Jurgen Norbert Klopp ( pangucap cara Jerman: [?j????n? ?kl?p] ; miyos tanggal 16 Juni 1967 ) inggih punika satunggaling manajer bal-balan saking negri Jerman lan tilas juru main bal-balan profesional ingkang samenika dados manajer utawi pelatih tim Liverpool F.C. ing Liga Primer Inggris . [1] Klopp nelasaken saperangan ageng kariripun ing klub bal-balan Mainz 05 dangunipun ngantos 15 taun. [2] Klopp ugi dados manajer ing tim Mainz 05 saking taun 2001 ngantos dumugi 2008 , wekdal punika klub Mainz 05 kasil nggayuh promosi ing Bundesliga . [2] Wekdal taun 2008 , Klopp ndherek gabung klub Borussia Dortmund , lan kasil nggayuh kamenangan Bundesliga taun 2011 lan 2012 , sarta DFB-Pokal ing taun 2012 , DFL-Supercup ing taun 2013 lan 2014 , lan mlebet final wonten UEFA Champions Final Liga pada 2013 . [2] Klopp ugi menang dados manajer bal-balan ingkang sae piyambak Jerman ing taun 2011 lan 2012 [3] , saderengipun nilaraken Dortmund ing taun 2015 . [4] Klopp nglatih Dortmund wiwit taun 2008 . [5] Klopp sampun mandhegani 309 pertandhingan Dortmund kanthi prosentase kamenangan ngantos 56,63 persen. [5] Klopp dados manajer Liverpool ing wulan Oktober 2015 , lan kasil mbekta Liverpool dumugi final Piala Liga lan UEFA Europa League ing mangsa wiwitan nglatih. [2]

Karir klub [ besut | besut sumber ]

Klopp miyos ing Stuttgart [6] , ibukutha negara bagean Baden-Wurttemberg , lan ageng ing desa Black Forest Glatten sacaketipun Freudenstadt . Klopp gadhah kalih sadherek estri. [6] Klopp miwiti kariripun kanthi ndherek klub TuS Ergenzingen minangka juru main junior, kanthi tugas ing FC Pforzheim lan salajengipun ing tigang klub Frankfurt , Eintracht Frankfurt II , Viktoria Sindlingen lan Rot-Weiss Frankfurt , ing mangsa enemipun. [7] Wekdal taun 1990, ing pertandhingan play-off mengsah Rot-Weiss Frankfurt mengsah Mainz 05 kangge promosi dhateng Bundesliga , Klopp pikantuk gati manajer Mainz lan dipuntapakasmani dening pihak Mainz 05. [8] Klopp ngemban saperangan ageng karir profesionalipun ing Mainz 05, saking taun 1990 ngantos taun 2001. [8] Wiwitanipun dados striker lan nglebetaken 52 gol kangge klub Mainz 05. [8]

Karir Manajer [ besut | besut sumber ]

Wiwitan Karir [ besut | besut sumber ]

Kala taun 1988 , panjenenganipun wonten ing universitas lan ngemban main kangge Eintracht Frankfurt non-profesional, panjenenganipun nglatih Frankfurt D-Juniors U-10. [9]

Mainz 05 [ besut | besut sumber ]

Sasampunipun pensiun ing klub Mainz 05, Klopp dipundhawuhi dados manajer klub wekdal tanggal 27 Februari 2001 sasampunipun dipunpecat dening Eckhard Krautzun . [10] Pertandhingan kapisan Mainz saged menang 1-0 mengsah MSV Duisburg. [11] Panjenenganipun dados manajer sadangunipun pitung taun, ing wekdal punika Klopp saged kasil mromosikaken Mainz 05 dhateng Bundesliga, lan lolos dhateng Piala UEFA 2005-2006. [12] Ing pungkasaning mangsa 2006-2007, Mainz 05 dipundhegradhasi, nanging Klopp tetep ing klub wau. [13] Nanging, amargi mboten saged kasil nggayuh promosi, Klopp lajeng medal saking klub Mainz 05 ing pungkasaning mangsa 2007-2008. [14] Kanthi cathetan 109 kamenangan, 78 asil imbang, lan 83 kawon. [15]

Borussia Dortmund [ besut | besut sumber ]

2008-2012 [ besut | besut sumber ]

Klopp ing Borussia Dortmund taun 2010

Wekdal wulan Mei 2008 , Klopp dipuncaketi kangge dados manajer enggal Borussia Dortmund , lajeng napakasmani kontrak kalih taun ing klub wau. Wekdal punika Dortmund ing posisi ingkang nguciwani wekdal dipunmanajeri Thomas Doll . [16] Ing mangsa kawitan tugas, Klopp mandhegani Borussia Dortmund kangge menangaken DFB-Supercup, ngawonaken juwara Jerman Bayern Munich . [17]

Klopp kasil mbekta klub kasebat ing posisi kaping enem ing mangsa kawitan nglatih, lan finish ing posisi ka-5 ing mangsa salajengipun. [18] Klopp kasil mimpin klub kasebat nggayuh juwara Bundesliga taun 2010-11 [19] , lan mangsa 2011-12. [20]

Wekdal musim Bundesliga 2011-12, Borussia Dortmund saged ngempalaken 81 poin [21] kalebet poin paling ageng ing sejarah Bundesliga lan 47 poin ingkang dipunkempalaken ing paruh kaping kalih ing musim ugi nyithak rekor enggal. [22] Kamenangan 25 liga Borussia Dortmund saged sami kaliyan Bayern Munich ing taun 1972-73, sawetawis ing urutan kaping 28 pertandhingan liga mboten saged dipunkalahaken menika kalebet ingkang sae piyambak ingkang sampun kav=cathet wonten ing setunggal musim pertandhingan ing Jerman. [23] Cacahipun poin kangge sedaya musim lan paruh kaping kalih musim menika, lan cacahipun rekor kemenangan ingkang dipuntetepaken utawi sami kaliyan Borussia Dortmund ing musim 2011-12 dipunpecahaken dening Bayern Munich ing musim 2012-13. [24] Dortmun kecalan Piala Super Jerman ing taun 2011. [25] Wekdal tanggal 12 Mei 2012, Klopp damel sejarah Borussia Dortmund kanthi kamenangan dobel ing liga domestic, kanthi ngalahaken Bayern Munich 5-2 ing final DFB-Pokal 2012. [26] Klopp nggambaraken kamenangan kasebat minangka “langkung sae saking ingkang dipunbayangaken”. [27] [28]

Liverpool [ besut | besut sumber ]

2015-samenika [ besut | besut sumber ]

Klopp ing Liverpool taun 2017

Tanggal 8 Oktober 2015, Klopp nyarujuki prajanjen tigang kangge dados manajer Liverpool, nggantosi Brendan Rodgers . [20] Wekdal konferensi kawitan, Klopp njuluki piyambakipun 'The Normal One' minangka parodi kangge julukan 'The Special One' Jose Mourinho ingkang misuwur wekdal kawitan dados manajer Chelsea ing taun 2004. [29] Debut ingkang kapisan punika kasil nahan imbang 0-0 mengsah Tottenham Hotspur ing tanggal 17 Oktober 2015. [30] Tanggal 28 Oktober 2015, Klopp masthekaken kamenangan ingkang kawiwitan minangka manajer Liverpool mengsah Bournemouth ing Piala Liga kangge ngrebat posisi perempat final. [31] Kemenangan salajengipun ing Liga Primer dumados tigang dinten salajengipun, kemenangan tandang 3-1 mengsah Chelsea . [32] Sasampunipun ambal kaping tiga imbang 1-1 ing pertandhingan pambuka Liga Eropah UEFA , Liverpool kasil ngawonaken Rubin Kazan kanthi skor kamenangan 1-0. [33] Kemenganan kapisan Klopp ing Eropah minangka menejer Liverpool. [34]

Ing tanggal 6 Februari 2016, piyambakipun mboten saged nglampahi pertandhingan Liga Primer kangge nglampahi operasi usus buntu sasampunipun ngalami radang usus buntu. [35] Wekdal tanggal 28 Februari 2016, Liverpool kicalan final Piala FA 2016 ing Stadhion Wembley mengsah Manchester City 3-1 kanthi adu penalti. [36] Wekdal tanggal 17 Maret 2016, Klopp mbiyantu Liverpool majeng ing perempat final Liga Europa UEFA kanthi keklahan agregat Manchester United 3-1. [37] Ing 14 April 2016, Liverpool nglawan deficit 3-1 ing babak kaping kalih ing leg kaping kalih pertandhingan perempat final mengsah tilas klubipun Borussia Dortmund, lan menang 4-3, majeng ing babak semifinal UEFA Europa. Menang agregat 5-4. [38] Tanggal 5 Mei 2016, Kloop mbekta Liverpool dhateng final Eropa kapisan wiwit 2007 lan ngalahaken Villareal 3-1 sacara agregat ing semifinal Liga Europa UEFA. [39] Ing babak final mengsah Sevilla, kalah 1-3 kanthi Daniel Sturridge nyethak gol pambuka kangge Liverpool ing babak kapisan. [40]

Tanggal 8 Juli 2016, Klopp lan staf pelatih napakasmani perpanjangan enem taun kontrak ing Liverpool ngantos 2022. [41] Tanggal 21 Mei 2017, Liverpool lolos dhateng Liga Champions ingkang kapisan wiwit taun 2014-15 sasampunipun menang 3-0 mengsah Middlesbrough lan finis ing posisi kaping sekawan ing Liga Utama 2016-2017. [42]

Karir Medhiya [ besut | besut sumber ]

Wekdal taun 2005, Klopp tampil minangka komentator ahli regular ing jaringan televise Jerman ZDF, paring panyaruwe babagan permainan tim nasional Jerman. [43] Piyambakipun nyambut damel minangka analis pertandhingan sadangunipun Piala Donya 2006 , lan piyambakipun pikantuk Deutscher Fernsehpreis ing kategori pertunjukab olahraga ingkang sae piyambak ing wulan Oktober 2006, lan ugi Euro 2008. [44] [45] [46] Karir Klopp rampung sasampunipun kompetisi kasebat bibar, lan piyambakipun dipun gantos dening Oliver Kahn . [47] Wekdal Piala Donya FIFA 2010 ing Afrika Kidul , piyambakipun nyambet damel sarengan kaliyan RTL sesarengan Gunther Jauch .

Prestasi [ besut | besut sumber ]

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. "Jurgen Klopp - Bola.net" . Bola.net . Dibukak ing 2018-01-17 .
  2. a b c d "Karir Melatih Klopp : Biodata Jurgen Klopp" . Bolanews.web.id (ing basa Inggris Amerika Sarekat). 2015-10-07. Diarsip saka sing asli ing 2017-05-19 . Dibukak ing 2018-01-17 .
  3. "Pelatih Terbaik Jerman - Google Nggoleki" . www.google.co.id (ing basa Jawa) . Dibukak ing 2018-01-17 .
  4. "Jurgen Klopp - Manager profile" (ing basa Inggris) . Dibukak ing 2018-01-17 .
  5. a b Liputan6.com. "Alasan Jurgen Klopp Tinggalkan Borussia Dortmund" . liputan6.com . Dibukak ing 2018-01-17 .
  6. a b "Klopp, Jurgen Norbert Klopp - Manager" . www.bdfutbol.com (ing basa Inggris) . Dibukak ing 2018-01-17 .
  7. Kreisblatt, Hochster. "Was Klopp mit Sindlingen verbindet | Hochster Kreisblatt" (ing basa Jerman). Diarsip saka sing asli ing 2016-08-16 . Dibukak ing 2018-01-17 .
  8. a b c "Jurgen Klopp" . worldfootball.net (ing basa Inggris Karajan Manunggal) . Dibukak ing 2018-01-17 .
  9. title=Jurgen Klopp uber sein Studium an der Goethe-Uni (dipunundhuh tanggal 4 Januari 2018)
  10. ONLINE, RP. "Faschingsdienstag fiel der Vorhang: Trainer Krautzun bei Mainz 05 entlassen" . RP ONLINE . Dibukak ing 2018-01-17 .
  11. "Bundesliga" . 2001-04-19. Diarsip saka sing asli ing 2001-04-19 . Dibukak ing 2018-01-17 .
  12. uefa.com. "Mainz take step into unknown - UEFA Europa League - News - UEFA.com" . UEFA.com (ing basa Inggris) . Dibukak ing 2018-01-17 .
  13. GmbH, RZ-Online. "Jurgen Klopp im Interview: Abstieg ist verarbeitet" . archiv.rhein-zeitung.de . Diarsip saka sing asli ing 2016-06-17 . Dibukak ing 2018-01-17 .
  14. "Fußball: Klopp nimmt tranenreichen Abschied von Mainz" (ing basa Jerman) . Dibukak ing 2018-01-17 .
  15. Germany, kicker online, Nurnberg,. "1. FSV Mainz 05 - Alle Trainer von 1974/75 bis 2017/18" . kicker online (ing basa Jerman) . Dibukak ing 2018-01-17 . {{ cite web }} : CS1 maint: extra punctuation ( link )
  16. "Klopp entfacht beim BVB Aufbruchstimmung" . Dibukak ing 2018-01-17 .
  17. Germany, kicker online, Nurnberg,. "1. Bundesliga 2009/10, der 34. Spieltag" . kicker online (ing basa Jerman) . Dibukak ing 2018-01-17 . {{ cite web }} : CS1 maint: extra punctuation ( link )
  18. Germany, kicker online, Nurnberg,. "1. Bundesliga 2010/11, der 34. Spieltag" . kicker online (ing basa Jerman) . Dibukak ing 2018-01-17 . {{ cite web }} : CS1 maint: extra punctuation ( link )
  19. "Borussia Dortmund" . Eurosport Australia . 2011-04-30 . Dibukak ing 2018-01-17 .
  20. a b "Liverpool FC confirm Jurgen Klopp appointment" . Liverpool FC . Dibukak ing 2018-01-17 .
  21. "1. Bundesliga ? Spieltag / Tabelle" . kicker.de . kicker . Dibukak ing 25 July 2016 .
  22. Penders, Peter (5 May 2012). "Dortmunder Rekord-Meister" [4?0 against Freiburg: Dortmunder record champions]. Frankfurter Allgemeine . Dibukak ing 20 May 2016 .
  23. "Season review: Germany" . UEFA. 23 May 2012 . Dibukak ing 23 May 2012 .
  24. Roßner, Jorg (19 May 2013). "Super Saison! Meister Bayern stellt 30 Rekorde auf" [Super season! Champions Bayern is on 30 records]. Die Welt . Dibukak ing 20 May 2016 .
  25. "Fahrmann bringt BVB zur Verzweiflung" . kicker. 23 July 2011 . Dibukak ing 25 July 2016 .
  26. "Borussia Dortmund win domestic double beating Bayern Munich" . zeenews.com. 13 May 2012 . Dibukak ing 19 May 2012 .
  27. "Dortmund rout Bayern to claim double" . ESPN Soccernet. 12 May 2012. Diarsip saka sing asli ing 16 May 2012 . Dibukak ing 12 May 2012 .
  28. "Bundesliga champ Borussia Dortmund beats Bayern Munich 5?2 to win German Cup final" . WP Sports. 12 May 2012 . Dibukak ing 12 May 2012 .
  29. Hunter, Andy (2015-10-09). "Jurgen Klopp, the 'Normal One', takes over as new Liverpool manager" . the Guardian . Dibukak ing 2018-01-17 .
  30. "Tottenham Hotspur 0-0 Liverpool" . BBC Sport (ing basa Inggris Karajan Manunggal). 2015-10-17 . Dibukak ing 2018-01-17 .
  31. "Liverpool 1-0 Bournemouth" . BBC Sport (ing basa Inggris Karajan Manunggal). 2015-10-28 . Dibukak ing 2018-01-17 .
  32. "Chelsea 1-3 Liverpool" . BBC Sport (ing basa Inggris Karajan Manunggal). 2015-10-31 . Dibukak ing 2018-01-17 .
  33. "Europa League (Sky Sports)" . SkySports (ing basa Inggris) . Dibukak ing 2018-01-17 .
  34. "FC_Rubin_Kazan 0?1 Liverpool" . SkySports. 5 November 2015 . Dibukak ing 5 November 2015 .
  35. "Jurgen Klopp misses Liverpool v Sunderland to have operation" . BBC Sport. 6 February 2016 . Dibukak ing 6 February 2016 .
  36. "Klopp feeling like 's***' after cup loss" . FourFourTwo . 29 February 2016 . Dibukak ing 6 March 2016 .
  37. McNulty, Phil (18 March 2016). "Manchester United 1?1 Liverpool" . BBC Sport . Dibukak ing 16 April 2016 .
  38. McNulty, Phil (14 April 2016). "Liverpool 4?3 Borussia Dortmund" . BBC Sport . Dibukak ing 16 April 2016 .
  39. "Liverpool push past 10-man Villarreal and into Europa League final" . The Guardian . 5 May 2016 . Dibukak ing 18 May 2016 .
  40. Bascombe, Chris (18 May 2016). "Liverpool lose Europa League final: I don't think I'm unlucky, says Jurgen Klopp, after fifth final loss" . The Daily Telegraph . Dibukak ing 19 May 2016 .
  41. "Jurgen Klopp: Liverpool manager signs six-year contract extension" . BBC Sport.
  42. "Liverpool seal Champions League place with victory over Middlesbrough" . The Guardian . 21 May 2017 . Dibukak ing 25 May 2017 .
  43. "Jurgen Klopp ? Fußballtrainer und Medienstar" . vip.de . Dibukak ing 30 April 2016 .
  44. Martin, Uwe (25 June 2006). "Der Fußball-Pendler" [The football commuter]. Frankfurter Allgemeine . Dibukak ing 20 May 2016 .
  45. "20.10.2006 ?Fußball-WM 2006 im ZDF" gewinnt den Deutschen Fernsehpreis 2006" [20 October 2006 ?2006 World Cup on ZDF" wins the German Television Award]. Deutscher Fernsehpreis . 20 October 2006 . Dibukak ing 20 May 2016 .
  46. Erichsen, Bjorn (9 June 2008). "Euphorie und leichtes Abseits beim ZDF" [Euphoria and lights off at ZDF]. Stern . Dibukak ing 20 May 2016 .
  47. Hubner, Peter (25 April 2008). "Klopp geht, Kahn kommt" [Klopp goes, Kahn comes]. Stern . Deutsche Presse-Agentur . Dibukak ing 20 May 2016 .