한국   대만   중국   일본 
Jerome Boateng - Wikipedia Menyang konten

Jerome Boateng

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jerome Boateng nalika ing Tim Nasional Jerman taun 2018

Jerome Boateng iku sawijine juru main bal-balan sing main ndhik perangan mburine tim Bayern Munchen . [1] Piyambake uga dadi andalan ndhik tim bal-balan Jerman . Pemain sing duwure 192 cm iki lair ndhik Berlin , Jerman tanggal 3 September 1988. [1] Piyambake iku adike Kevin-Prince Boateng juru main tim bal-balan Ghana . [2] Dheweke kabeh iku anak saka bapak sing wong Ghana lan ibu sing teka Jerman . [2] Nanging piyambake luwih milih mbela tim Jerman . [2]

Tetandhingan kapisane Boateng ndhik tim bal-balan Jerman diwiwiti wektu piyambake isih umur 21 taun. [3] Tanggal 10 Oktober 2009 piyambake main ndhik tetandhingan Kualifikasi Piala Dunia 2010 nglawan tim Ruslan . [3] Ndek Tetandhingan iku Boateng diusir teka lapangan amarga entuk kartu kuning ping pindho wektu menit 69. [3]

Boateng miwiti karire ndhik bal-balan profesional karo tim Hertha BSC taun 2007 nganti 2010. Sakbanjure iku piyambake setaun ndhik Manchester City , sadurunge main ndhik Bayern Munchen . [3]

Kemampuane menehi umpan dawa ngelingake perane quarterback ndhik permainan American Football . [4] Ndek taun 2014 Boateng dadi salahsijine juru main Jerman sing ngrasakno dadi juwara Piala Dunia lan taun 2016 piyambake isih dipercaya karo pelatihe Jerman kanggo main ndhik Piala Eropa Perancis . [5]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b "Jerome Boateng" . www.goal.com . Dibukak ing 14 August 2016 .
  2. a b c "Boateng Bersaudara: Sedarah Beda Nagara" . www.tempo.co . Dibukak ing 14 August 2016 .
  3. a b c d "Jerome Boateng, Tembok Tangguh bagi Die Mannschaft" . www.kompas.com . Dibukak ing 14 August 2016 .
  4. "Jerome Boateng dan Touchdown ala American Football" . www.fandom.id . Dibukak ing 14 August 2016 .
  5. "Skuat Jerman untuk Piala Eropah 2016 Tanpa Marco Reus" . www.panditfootball.com . Dibukak ing 14 August 2016 .