한국   대만   중국   일본 
Iker Casillas - Wikipedia Menyang konten

Iker Casillas

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Iker Casillas
Katerangan priangga
Jeneng dawa Iker Casillas Fernandez
Dhuwur 1.82 m (5 ft 11   1 2  in)
Posisi main Kiper
Katerangan klub
Tim saiki
Real Madrid
Angka 1
Karir nom
1990?1998
1998?1999
1999?2000
Real Madrid Youth
Real Madrid C
Real Madrid B
Karir senior*
Taun Tim Main ( Gul )
1999? Real Madrid 313 (0)
Tim nasional
2000? Spanyol 0 87 (0)

* Gunggung main lan gul ing klub senior tumrap liga dhomestik iki mligi lan patitis per pukul 27 Maret 2008 .

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 17 September 2008

Iker Casillas Fernandez (lair 20 Mei 1981) inggih punika juru main bal-balan ingkang gadhah posisi minangka kiper tim nasional Spanyol . Casillas dados kiper Spanyol nalika dados juara donya ing Piala Dunia 2010 . [1] Sapunika Casillas main ing klub LA Liga Spanyol, Real Madrid . [1] Manawi tandhing bal-balan Casillas asring dipundadosaken kapten tim. Casillas dados kapten ingkang saged paring semangat utawi panyurung dhumateng sadaya kanca lan yunior ipun, saengga Spanyol saged ngrebut Piala Eropa malih sasampunipun krisis juara sadangunipun 44 taun. Ing taun 2010, nalika Spanyol dados juara donya, Casillas ugi dipunparingi kanugrahan minangka kiper ingkang sae piyambak. [1] Casillas kalebet kiper ingkang sae piyambak ing wewengkon Eropa , lan panjenenganipun asring pikantuk kanugrahan. [1] Casillas nate angsal nominasi ing adicara Ballon d'Or . Casillas dados kiper ingkang sae piyambak nomer sekawan ing taun 2008, lan ing taun 2009 dados kiper ingkang sae piyambak ing Eropa. [1] Taun 2010, Iker Casillas angsal kanugrah ing adicara The Sport Prince of Asturias Award . Tanggal 19 Oktober 2010, Casillas dipunparingi kanugrahan minangka kiper ingkang sae piyambak salaminya ing ajang Liga Champions UEFA . [2]

Casillas miwiti karieripun ing klub kutha kelairanipun nalika umur 8 taun. Casillas dados juru main timnas rumaja Spanyol ingkang menangaken kajuaraan UEFA-CAF Meridian Cup lan Piala Dunia U-20 FIFA ing taun 1999. [3] Iker Casillas gadhah inggil 185 cm. [3] Casillas wiwit main ing klub Real Madrid ing La Liga mangsa 1999 /2000. Casillas mratelakaken manawi ing wekdal salajengipun panjenenganipun pengin pensiun utawi purna tugas ing tim Real Madrid, lan saged ndherek mbiyantu Real Madrid. [3]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e [1] Archived 2019-05-15 at the Wayback Machine . dipunundhuh tanggal 6 Juli 2011)
  2. Winning feeling all that counts for Casillas dipunundhuh tanggal 6 Juli 2011)
  3. a b c Capitan Casillas: todo empezo en Suecia dipunundhuh tanggal 6 Juli 2011)

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]

Winning feeling all that counts for Casillas