한국   대만   중국   일본 
I Timotius - Wikipedia Menyang konten

I Timotius

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Layang Paulus marang Timotius I

Timotius iku wong Kristen kang isih enom ing Asia Cilik , kang wis dadi kanca lan pambiyantu Paulus ing panggaweyane Paulus . Bapane Timotius iku wong Yunani lan ibune Yahudi. Ing Layang Paulus Sing Sepisanan Marang Timotius, diterangake telung prakara kang ana gandheng cenenge siji lan sijine.

Sing sepisanan yaiku pepenget marang Timotius marang piwulang-piwulang ala kang ana ing umat. Piwulang-piwulang iku wujud campuran paham Yahudi lan paham non-Yahudi dhedhasar kapercayan marang jagad raya wis ala, lan kaslametan mung bisa diantuki yen wong duwe pengetauan ngenani wewadi tartemtu, lan netepi angger-angger kaya ta umpamane angger-angger bojone mung siji, pantang mangan panganan tartemtu lan sapiturute.

Sing angka loro, yaiku pituduh-pituduh marang Timotius ngenani pangurusan umat lan ngenani ibadat . Dijelasake marang Timotius sipat-sipat wong kang entuk dadi panilik lan pambiyantu umat. Pungkasane Timotius diwulang ngenani kepriye panjenengane bisa dadi murid Dalem Yesus Kristus kang becik lan ngenani tanggel walere marang saben golongan wong kang dadi anggota umat.

Isi [ besut | besut sumber ]

  • Pambuka 1:1-2
  • Pituduh-pituduh ngenani umat lan para panguruse 1:3--3:16
  • Pituduh-pituduh marang Timotius ngenani pegaweyane 4:1--6:21