한국   대만   중국   일본 
I Babad - Wikipedia Menyang konten

I Babad

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kitab I Babad iku peranganing kitab Prajanjian Lawas utawa Tanakh . Ing basa Ibrani ; kitab iki diarani: divre hayyamim , “sajarah padinan-dinan”. Ing septuaginta basa Yunani , kitab iki diarani paraleipomena , kang tegese “apa-apa kang ditambahake” (suplemen).

Kitab I Babad lan II Babad saperangan gedhe isine kadadean-kadadean kang wus cinaritaake ing kitab Samuel lan kitab Para Raja. Anging ing jero kitab Babad, kadadean-kadadean iku olehe carita saka sudhut pandhang kang seje. Sajarah karaton Israel ing sajeroning kitab Babad ditulis amarga alesane ana loro:

  1. Kanggo nuduhake yen sanadyan karaton Israel lan Yudea katiban ing bancana, anging Allah isih tetep ngasta janji-Ne marang bangsa iku lan nindakake rancana-rancana-Ne kanggo umat-E ngliwati wong-wong kang padha manggon ing Yudea. Sang panulis yakin bab prakara iku amarga dheweke eling prakara-prakara gedhe kang wis diraih Dawud lan Salomo, sarta panganyaran-panganyaran kang wis diusahaake dening Yosafat, Hizkia lan Yosia. Banjur uga isih ana wong-wong kang tetep setya marang Allah.
  2. Kanggo nyritakake asal-mulaning upacara ngibadat ing Baitallah Yerusalem . Utamaning susunan kalungguhan imam lan wong-wong Levi kang nduwe tugas mimpin upacara-upacara ngibadat iku. Sanadyan Baitallah ing Yerusalem iku yasane Salomo, nanging ing kitab iki ditulis yen Dawud sajatine kang yasa Baitallah karo upacara-upacara ngibadate.