한국   대만   중국   일본 
Hugo Grotius - Wikipedia Menyang konten

Hugo Grotius

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Hugo Grotius
Hugo Grotius - ole Michiel Jansz van Mierevelt , 1631
Lair 10 April 1583
Delft , Nederlan
Pati 28 Agustus 1645
Rostock , Pomerania
Tlatah Filsafat Barat
Aliran Hukum Alam , Kontrak Sosial , Humanisme , Skolastisisme
Karsa pokok
Filsafat Perang , Hukum Internasional , Filsafat Pulitik , Teyologi
Annotationes ad Vetus Testamentum , 1732

Hugo Grotius utawi Hugo de Groot' (1583-1645) ya iku filsuf Walanda kang dadi pelopor saka pandhangan-pandhangan modheren tumrap kukum internasional lan salah siji pemikir gedhe babagan kukum alam . [1] Kejaba dadi filsuf, Grotius uga misuwur minangka pengacara , juru gurit , lan teolog . [2] Ing babagan kukum , Grotius wis dadi penengah antarane teyori pulitik lan kukum mangsa Abad Pertengahan karo mangsa Pencerahan . [2] Kejaba iku, Grotius uga wis ngembangake siji pandhangan anyar babagan kukum alam kanggo nglawan pandhangan-pandhangan ilen skeptisisme , uga kanggo nuduhake bilih ana wangsulan kang rasional babagan moral kajaba wangsulan saka agama . [1]

Salah siji karya Grotius kang kawentar ya iku "Perihal Hukum Perang dan Bedhamen" ( The Law of War and Peace ) kang terbit taun 1625. [2] Ing karya mau, Grotius nggaw argumentasi bilih manungsa hakikate ya iku makluk sosial lan makluk kang padha saingan. [1] Nanging, manungsa bisa urip kanthi tenterem sanadyan bisa wa kadadean masalah ing awake. [1] Perkara iku bisa digayuh kanthi cara ngurmati hak-hak saben wong. [1]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e Jerome B. Schneewind. 1999. "Grotius, Hugo". In Cambridge Dictionary of Philosophy . Robert Audi, ed. 356.
  2. a b c Ted Honderich, ed. 1995. The Oxford Companion to Philosophy . New York: Oxford University Press. P. 328.