한국   대만   중국   일본 
Honshu - Wikipedia Menyang konten

Honshu

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Honsh?
Native name :
本州
Peta satelit Honshu
Geography
Location Kapuloan Jepang
Coordinates 36°N 138°E  /  36°N 138°E  / 36; 138 Koordhinat : 36°N 138°E  /  36°N 138°E  / 36; 138
Archipelago Kapuloan Jepang
Area 227.960 [1]  km 2 ( Masalah pitembungan: Karakter tandha waca "" ora dingerteni.  sq mi)
Area rank 7
Length 1.300 km (810 mi)
Width 50?230 km (31?143 mi)
Coastline 10.084 km (6.265,9 mi)
Highest elevation 3.776 m (12.388 ft)
Highest point Gunung Fuji
Administration
Prefectures
Largest settlement   Tokyo (pop. 14,043,239)
Demographics
Population 104,000,000 [2] (2017)
Pop. density 447 /km 2 (1.158 /sq mi)
Ethnic groups Jepang
Additional information
Time zone
Pulau Honshu, Jepang

Honsh? (本州) yaiku pulo gedhe dhewe ing Jepang . Papan iki dumunung ing kidule Hokkaido , lore Shikoku ing sebrange Sagara Dalam Negeri , lan lor wetan Kyushu ing sebrang Selat Shimonoseki . Yen diukur karo sakubenging dunya, Honshu minangka pulo paling gedhe kaping pitu ing dunya lan pulo paling padet kapindho ing dunya sawise Jawa .

Dawane Honshu udakara 1.300 km lan ambane warna-warna antarane 50 nganti 230 km. Total wewengkone yaiku 230.500 km², sakiwa-tengene 60% total amba wewengkon Jepang. Garis pasisirne 5.450 km.

Honshu kang mawa gunung lan duwe gunung geni kerep kena lindhu ( Lindhu Besar Kanto ing September 1923 kang ngrusak Tokyo ); puncak paling dhuwur ana ing Gunung Fuji (3.776 m) kang mawa geni (berapi) lan isih aktif. Ana akeh kali kalebu Kali Shinano , kali paling dawa ing Jepang.

Cacahe pendhudhuk yaiku 98.352.000 (taun 1990, 89.101.702 (1975)); akeh-akehe ana dataran cendhek, mligi Hamparan Kanto ing ngendi 25% saka sakabehing pendhudhuk pada manggon lan ing kiwa-tengene Tokyo lan Yokohama . Kutha liyane kalebu Kyoto , Osaka , Kobe , Hiroshima , Sendai , lan Nagoya . Pulo iki lumrahe kaperang dadi lima laladan lan isine 34 prefektur, kalebu Tokyo metropolitan.

Laladan-laladan mau yaiku Chubu (tengah), Chugoku (kidul), Kanto (wetan), Kinki (kidul, saduwuring Chugoku), lan Tohoku (lor).

3/4 saka kutha-kutha gedhe lan modern Jepang, kalebu 23 dhistrik mirunggan Tokyo, Yokohama, Osaka, Nagoya, Kobe, Kyoto, Akita, Sendai, Fukushima, Niigata, lan Hiroshima. Pusat budaya uga dumunung ing Honshu, kaya ta Kyoto (kang modern nanging uga nyimpen samubarang kang asipat kabudayan), Nara, lan Kamakura.

Pulo iki uga duwe laladan pertanian kang wigati. Niigata dikenal minangka produsen beras. Hamparan Kanto lan Nobi mroduksi beras lan janganan. Yamanashi yaiku laladan pangasil woh-wohan utama, lan Aomori misuwur lumantar apele.

Prefektur-prefekturnya yaiku:




  1. Farjon, Aljos; Filer, Denis (2013). An Atlas of the World's Conifers: An Analysis of their Distribution, Biogeography, Diversity and Conservation Status . BRILL. kc. 268. ISBN   9789004211810 .
  2. a b "Tokyo Metropolis' Population overview ? Reiwa 3 January 1" (ing basa Jepang). Tokyo Metropolitan Government . Dibukak ing 22 Oktober 2021 .