한국   대만   중국   일본 
Henry III saking Prancis - Wikipedia Menyang konten

Henry III saking Prancis

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Henry III
Henry III, 1570 by Jean de Court ,
Musee Conde
King of Poland and Grand Duke of Litowen
Panjenengan 16 May 1573 ? 12 May 1575
Pamakuthan 22 February 1574 ( Wawel )
Leluhur Sigismund II Augustus
Interrex
Panerus Anna the Jagiellonian and
Stephen Bathory
Adipati Jakub Ucha?ski , Interrex
King of France
Panjenengan 30 May 1574 ? 2 August 1589
Coronation 13 February 1575 ( Reims )
Leluhur Charles IX
Panerus Henry IV
Lair ( 1551-09-19 ) 19 September 1551
Chateau de Fontainebleau , France
Surud 2 Agustus 1589 ( 1589-08-02 ) (umur 37)
Chateau de Saint-Cloud , France
Astana Saint Denis Basilica , France
Garini Louise of Lorraine
Wangsa House of Valois
Bapa Henry II of France
Ibu Catherine de' Medici
Agama Roman Catholic
Tapak tangan

Henry III saking Perancis (lair 19 September 1551  – pati 2 Agustus 1589 ing umur 37 taun) inggih punika raja saking Dinasti Valois ingkang kapilih dados raja saking Persemakmuran Polen-Litowen ( 1573 - 1575 ) ingkang mrentah minangka Raja Prancis saking taun 1574 ngantos panjenenganipun tilar donya. Henry III punika raja ingkang pungkasan saking Dinasti Valois.

Minangka putra ingkang kaping sekawan saking Raja Henry II saking Perancis kaliyan Catherine de 'Medici , Henry III boten dipunkajengaken kangge nglenggahi tahta Perancis. Panjenenganipun dados calon kangge ngisi gothangipun tahta ing Persemakmuran Polen-Litowen, lajeng panjenenganipun kapilih kanthi gelar kalih, inggih punika Raja Polen kaliyan panguwasa Litowen .

Paugeran Henry III tumrap Pilandia kaliyan Litowen boten dangu nanging kawentar sanget. Artikel ingkang irah-irahanipun Henrician ingkang panjenenganpun tapak asmani dados Undang-undang ingkang nampi bilih Polen saged madeg minangka subjek monarki elektif kangge pemilu ing Polen. Henry III nilaraken Polen nalika yuswanipun 22 taun, sasampunipun pikantuk pawarta bilih panjenenganiun ingkang badhe dados ahli waris tahta Perancis.

Karajan Perancis saweg dipunrenggani dening Perang Agama lan otoritas Henry sampun dipunrisak dening parte pulitik ingkang dipunprabawani dening kekiyatan saking njawi, inggih punika Basa Katolik ingkang disengkuyung dening Spanyol , Protesten Heguenot ingkang disengkuyung dening Karajan Inggris , kaliyan Malcotents (Perancis) ingkang dipunpandhegani dening kakangipun Henry piyambak. Henry III inggih punika salah satunggaling pulitikus, kanthi alesan bilih monarki ingkang kiyat kaliyan agama ingkang preduli nylametaken Perancis saking kabibrahan.

Sasampunipun sedanipun rayinipun Henry kaliyan nalikanipun sampun cetha bilih Henry boten badh ngasilaken ahli waris, Perang Agama tuwuh dados krisis suksesi ingkang njalari perang ingkang dipunwastani Perang Tiga saking Henry . Ahli waris sah Henry III inggih punika sedherek tebih saking Henry IV sakinge Perancis , salah satunggaling protestan. Bangsa Katolik dipunpandhegani dening Henry I ngupakara supados sumingkir saking suksesi ngupakara Katolik, minangka ahli waris saking Henry III.

Taun 1589 , Jacques Clement , salah satunggaling Katolik fanatik, mrejaya Henry III ingkang lajeng dipungantosaken dening Raja Navarre. Kados Henry IV, panjenenganipun dipunanggep bilih tahta Perancis sampun dipunewahi tumuju Katolik kangge raja Perancis ingkang sapisan saking Bourbon .