Haywire (filem)

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa


Haywire
Barkas:Haywire Poster.jpg
Theatrical release poster
Disutradarani Steven Soderbergh
Diprodhuseri Gregory Jacobs
Ditulis dening Lem Dobbs
Dibintangi
Dimusiki David Holmes
Sinematografi Peter Andrews
Dibesut dening Mary Ann Bernard
Perusahaan
prodhuksi
Dibabar dening Relativity Media
Tanggal metu
Suwene
93 minutes
Nagara United States
Basa Inggris
Rantaman $23 million [1]
Kalarisan $33,372,606 [1]

Haywire nggih punika sesirah filem thriller saking Amerikah Sarekat taun 2011 . Filem punika kaarahaken dening Steven Soderbergh . Skenario kaanggit dening Lem Dobbs . Gregory Jacobs , wonten filem punika kapatah dados juru damel. Wondene tanggel jawab musik kapasrahaken dhumateng David Holmes, lan sinematografi dipuncakaken dening Peter Andrews. Sawetawis juru besut kalampahaken dening Mary Ann Bernard. Juru paraga ingkang kadhapuk sami maragani antawisipun Gina Carano , Michael Fassbender , Ewan McGregor , Bill Paxton , Channing Tatum , Antonio Banderas , lan Michael Douglas . Carano, salah setunggaling petinju bebas maragani minangka piyambakipun, ngrangkep minangka paraga panyulih utawi stunt man .

Latar wingking [ besut | besut sumber ]

Ing wulan September 2009 kawartosaken bilih badhe kawiwitanipun pandamelan filem kanthi sesirah Knockout , nanging sesirah punika lajeng dipunowahi dados Haywire saderengipun kawiwitan. Skenario kaserat kanthi mundhut latar panggenan wonten Dublin . Pamundhutan gambar kawiwitan ing surya 2 Februari 2010 dumugi 25 Maret 2010 ing Irlandia kanthi rantaman $25 juta. Filem punika nampi pangalembana saking para juru kritik, kados ingkang kamot wonten Rotten Tomatoes ingkang mratelakaken bilih filempunika nggadhahi pandhemen 80% adhedhasar saking 181 pangulas. Kacathet ugi, pikantuk biji 67/100 wonten ing laman Metacritic , saking 40 juru kritik. [2] [3] [4] [5] [6]

Juru paraga [ besut | besut sumber ]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. a b "Haywire (2012)" . Box Office . Internet Movie Database . March 27, 2012. Diarsip saka sing asli ing December 15, 2013 . Dibukak ing April 29, 2012 .
  2. "Set Pics from Steven Soderbergh's Knockout" . BeyondHollywood.com . Dibukak ing July 22, 2011 .
  3. "UPDATE: Steven Soderbergh's Next Movie is a Knockout" . ComingSoon.net. Diarsip saka sing asli ing June 5, 2014 . Dibukak ing July 22, 2011 .
  4. Brunsting, Joshua. "Steven Soderbergh's Full Frontal Now Available On Netflix Watch Instantly. Soderbergh's Knockout, Now Titled Haywire, Gets Early Test Screening" . Dibukak ing July 22, 2011 .
  5. "Haywire" . Rotten Tomatoes . Flixter . Dibukak ing April 28, 2013 .
  6. "Haywire" . Metacritic . Dibukak ing December 15, 2013 .

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]