한국   대만   중국   일본 
Adnan Oktar - Wikipedia Menyang konten

Adnan Oktar

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Harun Yahya )
Adnan Oktar
Lair 2 Februari 1956
Ankara , Turki
Padunungan Turki
Jeneng liya Harun Yahya, Adnan Hoca
Pakaryan Panulis
Kondhang ing Kreasionisme , Anti-Zionisme
Sana jaringan www.harunyahya.com

Adnan Oktar (lair tanggal 2 Februari 1956), uga dikenal minangka Adnan Hoca, Harun Yahya, [1] [2] minangka pimpinan kultus agama Turki uga sawijining kreasionisme Islam. [3] Ing taun 2007, dheweke ngirim ewonan salinan bukune, The Atlas of Creation, [4] sing nyengkuyung kreasi Islam, menyang ilmuwan Amerika, anggota Kongres, lan museum sains. [5] Oktar mbukak rong organisasi sing uga dadi Presiden Kehormatan: Bilim Ara?tırma Vakfı (BAV, kanthi harfiah, "Yayasan Penelitian Ilmu Pengetahuan", didegake taun 1990), sing nyengkuyung kreasiisme lan Milli De?erleri Koruma Vakfı (secara harfiah, "Yayasan Pelestarian Nilai Nasional", didegake 1995) sing kerja ing njero negeri babagan macem-macem masalah moral. [6]

Ing 11 Juli 2018, Oktar lan luwih saka 160 rekane ditahan lan banjur dicekel amarga tuduhan kalebu mbentuk perusahaan kriminal, penipuan finansial lan pelecehan seksual. Tanggal 19 Juli 2019, dakwaan kasebut disetujoni, karo sidhang kaping pisanan dijadwalake tanggal 17 September. [7] [8] Tanggal 11 Januari 2020, dheweke dihukum luwih saka 1000 taun kunjara. [9]

Mangsa enom [ besut | besut sumber ]

Adnan Oktar dilairake taun 1956 ing Ankara lan gedhe ing kutha iki nganti lulus SMU. Komitmene dheweke tumrap agama Islam sansaya kuwat nalika ana ing SMU. [10] Pada periode iki, dheweke entuk pangerten kang jero ing babagan Islam saka buku-buku agama uga entuk pemahaman kalebu fakta-fakta wigati liya kang banjur diwenehi ngerti ing wong-wong sakitere. Ing taun 1979, Adnan Oktar pindah ing Istanbul kanggo golek ngelmu ing Universitas Mimar Sinan . [11] Ing jaman iki dheweke wiwit nglaksanakake misi dakwah, ngongkon manungsa tumuju akhlaq kang apik lan mrentah kang ma’ruf uga nyegah kang munkar.

Harun Yahya ing Universitas Mimar Sinan [ besut | besut sumber ]

Sadurunge Adnan Oktar kuliah ing Universitas Mimar Sinan, Istanbul, institusi pendhidhikan mau wis ana ing ngisor prabawa organisasi-organisasi ilegal aliran Marxisme, saengga pamikir kaya iku ketok jelas mendominasi kampus. Saben wong, apa iku staf ing fakultas utawa mahasiswa, ya iku wong kang materialis kang pola pikire atheis. Staf pengajar njupuk saben kesempatan kan ana kanggo nyebarake filsafat materialistik lan Darwinisme ing jero kuliah-kuliah. Ing lingkungan kaya iki ajaran agama lan akhlaq ora dikanggokake lan ditolak, Adnan Oktar nyeru wong-wong ing sakitere dheweke marang keesaan lan keagungane Allah. Ing kondisi iki, Islam ora diwenehi kesempatan kanggo tumuwuh. Ibuke Adnan Oktar , Ny. Mediha Oktar, ngandakake manawa ing jaman iku Adnan Oktar mung turu pirang jam ing wayah bengi, saliyane kanggo maca, nggawe cathetan lan nyimpen kumpulan cathetan mau.

Dheweke maca atusan buku, kalebu karya-karya pokok Marxisme , kuminisme lan filsafat materialistik , lan nyinaoni buku-buku ideologi kiwa, kalebu karya-karya klasik utawa literatur-literatur liya kang jarang diwaca wong. [11] Dheweke banjur nliti karya-karya mau, diwenehi tandha perangan-perangan wigati lan nggawe cathetan-cathetan ing buri buku mau. Iki ndadekake dheweke wong kan paling ngerti babagan filsafat-filsafat sarta ideologi-ideologi mau ketimbang pendukung ideologi iku dhewe. Dheweke uga nganakake riset ngenani teyori evolusi kang dianggep dadi landasan ilmiah saka ideologi-ideologi mau lan ngumpulke dhokumen lan informasi kang ana hubungane. Sakwuse ngumpulake akeh informasi ngenani buntune, kontradiksi lan apusan kang ana ing jero filsafat lan ideologi kang didhasarke ing pengingkaran tumrap Allah, Adnan Oktar nggunakake informasi mau kanggo nyebarake fakta-fakta kang ana.

Meh kabeh wong, kalebu mahasiswa lan staf guru ing universitas, dheweke dakwahi keesaane Allah, sarta Al Qur’an, Kitab Suci kang diwahyukake Allah, nganggo bukti-bukti saintifik. Ing satengahing omongan ing kantin kampus, ing koridor-koridor wektu jam ngaso, bisa dideleng dheweke lagi njelasake kelemahan uga kesalahan filsafat materialistik lan Marxisme kanthi njupuk cuplikan saka buku-buku kang dadi referensi saka ideologi mau. Dheweke menehi kawigaten mirunggan marang teyori evolusi. Teyori kang ana saka sawijining kelompok kanggo nglawan fakta penciptaan iki diyakini dadi babagan kang bener ing pandelenge mahasiswa universitas. Kanthi kedok sains, teyori mau tujuwane kanggo ngracuni lan ngrusak akidah lan akhlaq para nom-noman mau. Manawa makar ala saka kebohongan ilmiah iki ora dibongkar, bakal metu generasi penerus kang sama sekali ora duwe aji-aji spiritual, moral lan religius.

Pahlawan Internasional [ besut | besut sumber ]

Njupuk saka New Scientist edisi 22 April 2000 , Oktar dadi " pahlawan internasional " ing bababagan kekeliruane teyori evolusi lan fakta penciptaan. Perjuangan intelektual penulis ing materialisme lan Darwinisme wis asring dipublikasikake ing National Geographic , Science , New Scientist lan Laporan NSCE. Edisi basa Inggris lan Jerman November , 2004, edisi National Geographic mau karya penulis babagan fakta Penciptaan. Kutipan saka buku Keruntuhane Teyori Evolusi uga lumebu: "Teyori evolusi mung ngapusi saka dominators saka sistem donya." Oktar uga wis ngasilake karya babagan rasisme Zionis lan Freemasonry uga efek negatif kanggo sajarah donya lan pulitik. [12]

Bibliografi [ besut | besut sumber ]

A Call For Unity [of Muslims, Christians and Jews]
The Signs of Jesus' Second Coming
Islam Denounces Terrorism
Wisdom and Sound Advice from the Torah
Only Love can Defeat Terrorism
Islam Denounces Antisemitism

Buku sarta brosur Oktar punika dicetak wonten ing Turki dening "Vural Yayıncılık" ("Global Publishing"), Istanbul. Dialih basa Inggris dening "Ta-Ha Publishers", London, Britania Raya; "Global Publishing", Istanbul, Turki; "Al-Attique Publishers", Ontario, Kanada lan "Goodword Books", New Delhi, India.

Media sanes ingkang nyetak buku iki: Buku, Buklet (Pamflet), Buku Anak, Jurnal, Dokumenter, Buku Audio, CD, Poster lan langkung saking satus situs web. Gungguge buku sarta brosur ingkang sampun terbit punika sampun ngantos atusan. [13] karya-karyane didamel ngangge kertas ingkang kualitas e dhuwur sarta gambar kang kang sae penuh gambar berwarna disade wonten ing toko buku sadunia

  • Yahya, Harun (1986). Yahudilik ve Masonluk (Judaism and Freemasonry) . ISBN   9757043001 .
  • Yahya, Harun (1995). Soykırım Yalanı (The Holocaust Lie) . ISBN   9757856258 .
  • Yahya, Harun (2000). Allah Is Known through Reason . New Delhi: Goodword Books. ISBN   8187570059 .
  • Yahya, Harun (2000). Miracle in the Ant . ISBN   1842000152 .
  • Yahya, Harun (2000). Allah Is Known through Reason . New Delhi: Goodword Books. ISBN   8187570059 .
  • Yahya, Harun (2000). Allah's Artistry in Colour . Goodword Books. ISBN   1842000160 .
  • Yahya, Harun (2000). The Creation of the Universe . Al-Attique. ISBN   189426438X .
  • Yahya, Harun (2001). The Evolution Deceit . London: Ta-Ha. ISBN   9756579382 .
  • Yahya, Harun; Clarke, Abdassamad (2001). The Miracle in the Atom . Ta-Ha Publishers Ltd. ISBN   1842000233 .
  • Yahya, Harun (2001). Disasters Darwinism Brought to Humanity . Al-Attique. ISBN   1894264444 .
  • Yahya, Harun (2002). Global Freemasonry . Global Publishing. ISBN   9756426004 .
  • Yahya, Harun (2002). The Glory in the Heavens . ISBN   1842000403 .
  • Yahya, Harun (2002). The Design in Nature . Ta-Ha Publishers Ltd. ISBN   1842000357 .
  • Yahya, Harun (2002). The Alliance of the Good . Islamic Book Service. ISBN   8172313721 .
  • Yahya, Harun (2002). The World of Animals (Children, Have You Ever Thought?) . ISBN   184200042X .
  • Yahya, Harun (2002). Before You Regret . Al-Attique Publishers Inc. ISBN   189426441X .
  • Yahya, Harun (2002). Fascism The Bloody Ideology of Darwinism . ISBN   983938435X .
  • Yahya, Harun (2002). Islam Denounces Terrorism . Elmhurst: Tahrike Tarsile Qur'an. ISBN   1879402971 .
  • Yahya, Harun (2002). Romanticism: A Weapon of Satan . ISBN   8188273201 .
  • Yahya, Harun (2003). Wonderful Creatures . London: Ta-Ha Publishers. ISBN   1842000470 .
  • Yahya, Harun (2003). 24 Hours in the Life of a Muslim . ISBN   1842000543 .
  • Yahya, Harun (2003). The Courage Of The Faithful . ISBN   9756426624 .
  • Yahya, Harun (2003). A Definitive Reply to Evolutionist Propaganda . Global Publishing. ISBN   9756426241 .
  • Yahya, Harun (2003). The Errors of The American National Academy of Science .
  • Yahya, Harun (2003). Why Darwinism Is Incompatible with the Quran . Global Publishing. ISBN   9756426039 .
  • Yahya, Harun (2004). Signs of the Last Day . Global Publishing. ISBN   9756426020 .
  • Yahya, Harun (2004). The Muslim Way of Speaking . ISBN   9756426438 .
  • Yahya, Harun (2004). Passivity in Religion . ISBN   9756426640 .
  • Yahya, Harun (2004). The Signs Of Jesus' Second Coming . ISBN   9756426497 .
  • Yahya, Harun (2004). Answers from the Quran: For Newcomers to Islam . ISBN   8172315627 .
  • Yahya, Harun (2004). Communist Cina's Policy of Oppression in East Turkestan . Global Publishing. ISBN   9756426446 .
  • Yahya, Harun (2006). Atlas Of Creation (Volume 1) .
  • Yahya, Harun (2007). Biomimetics: Technology Imitates Nature . ISBN   9756426772 .
  • Yahya, Harun (2007). Miracle in the Eye . ISBN   9756426721 .
  • Yahya, Harun (2007). Allahs Miracles in the Quran . Goodword Publication. ISBN   8178985381 .
  • Yahya, Harun (2007). Atlas of Creation Volume 2 .
  • Yahya, Harun (2007). Atlas of Creation Volume 3 .
  • Yahya, Harun (2007). Consciousness in the Cell . ISBN   9756426713 .
  • Yahya, Harun (2007). Global Impact of the Works of Harun Yahya . ISBN   9758718320 .
  • Yahya, Harun (2001). Miracles of the Qur'an . Al-Attique Publishers Inc. ISBN   1894264533 .

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. Numbers, Greg (2019). Negotiating Science and Religion In America: Past, Present, and Future . Abingdon, United Kingdom: Routledge. kc. 169. ISBN   978-1138068537 .
  2. "Harun Yahya" . harunyahya.com . Diarsip saka sing asli ing 24 February 2011 . Dibukak ing 26 December 2011 .
  3. "Seeing the light ? of science" . Salon.com . Diarsip saka sing asli ing 14 January 2009.
  4. Yahya, Harun; Rossini, Carl Nino; Evans, Ron; Mossman, Timothy (2006). Atlas of creation . Global Publishing. OCLC   86077147 .
  5. Dean, Cornelia (17 July 2007). "Islamic Creationist and a Book Sent Round the World" . The New York Times . Diarsip saka asline ing 24 April 2015 . Dibukak ing 17 July 2007 .
  6. Songun, Sevim (27 February 2009). "Turkey evolves as creationist center" . Hurriyet Daily News . Diarsip saka asline ing 5 March 2009 . Dibukak ing 17 March 2009 .
  7. "Adnan Oktar kimdir: 40 yılda 'Adnan Hoca Grubu'ndan 'silahlı suc orgutu liderli?i' suclamasına" . BBC News (ing basa Turki). 12 July 2019 . Dibukak ing 12 September 2019 .
  8. "Istanbul court approves indictment of televangelist ? Turkey News" . Hurriyet Daily News (ing basa Inggris) . Dibukak ing 12 September 2019 .
  9. AFP (2021-01-11). "Turkish televangelist sentenced to 1,075 years for sex crimes" . the Guardian (ing basa Inggris) . Dibukak ing 2021-01-11 .
  10. [1] [ pranala mati permanen ] , diakses tanggal 9 Juli 2011.
  11. a b [2] [ pranala mati permanen ] , diakses tanggal 9 Juli 2011.
  12. [3] Archived 2011-06-29 at the Wayback Machine ., diakses tanggal 9 Juli 2011.
  13. harunyahya.net Archived 2012-03-09 at the Wayback Machine . as of Dec 2010 lists 274 items in Turkish (dated October 1991 to January 2010), 197 items in English, or 771 items counting all languages.

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]