한국   대만   중국   일본 
Harmonika - Wikipedia Menyang konten

Harmonika

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Harmonica
Harmonika kanthi 16 bolongan nada kromatis (dhuwur) lan harmonika kanthi 10 bolongan kanthi nada diatonis
Other instrument
Klasifikasi
Klasifikasi Hornbostel?Sachs 412.132
( Free-reed aerophone )
Digawe Early 19th century

Harmonika iku piranti musik kang anggone nganggo kanthi cara disebul. Piranti iki kagolong piranti musik kang gampang anggone migunakake. Carane mung disebul lan disedhot wis bisa ngasilake suwara kang apik. Harmonika asale saka piranti musik tradhisional Republik Rakyat Cina kang arane Sheng kang wis digunakake kira-kira 5000 taun kapungkur wiwit kekasaran Nyu-kwa.

Harmonika moderen tinemu nalika taun 1821 dening Christian Friedrich Buschmann . Salah siji instrumen musik sebul kang gampang kang kaperang saka plat-plat geter saka logam kang disusun kanthi horisontal kanthi wujud kurang apik lan mung ana laras sebul kromatis.

Wujud awal saka Buschmann saiki ditiru lan diowahi dadi luwih apik. Salah sijine ya iku harmonika kang digawe dening Richter kang dadi modhel harmonika moderen. Nalika taun 1826 dheweke gawe jinis harmonika kanthi 10 bolongan tetep lan 20 plat geter kanthi bedakake plat sebul lan plat sedhot. Banjur laras kang digawe dening Richter iku diarani nada diatonis , nada standar harmonika.

Dol tinuku piranti harmonika diwiwiti taun 1857 nalika ana tukang jam saka Jerman kang jenenge Matthias Hohner dadi tukang gawe harmonika. Ing taun iku dheweke kasil gawe 650 harmonika kanthi tetulung saka kulawargane. Hohner banjur ngenalake harmonika ing Amerika Lor nalika taun 1862 pabrike Hohner dadi pabrik nomer siji kang gawe harmonika. Taun 1887 Hohner wis gawe 1 yuta harmonika saben taun. Saiki Hohner wis gawe 90 modhel harmonika kang beda-beda wujud, laras utawa nadane. Harmonika uga bisa kanggo iringan musik pop , blues, rock, country, ska lan liya-liyane.