Gyeryongsan

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gyeryongsan
Gunung Gyeryong
Hangul 鷄龍山
Hanja 鷄龍山
Alihaksara Korea Kang Sinampurna Gyeryongsan
McCune?Reischauer Kyeryongsan
Gunung Gyeryong ing mangsa atis.

Gyeryongsan utawa Gunung Gyeryong (鷄龍山) ya iku gunung ing kabupaten Gyeryeong , provinsi Chungcheong Kidul , Korea Kidul . [1] [2] Dhuwure Gyeryongsan 845 meter, ateges Gunung Naga lan Pitik amarga ana wewatuan kaya ta pitik ing dhuwur sirah naga . [1] Tumrap wong Korea , naga lan pitik ya iku kewan kang gawa kabekjan mula gunung iki ditekani wong kanggo dongasupaya kekarepane bisa dikabulake. [1] Gunung Gyeryong diubengi kuil- kuil Buda kaya ta Donghaksa ing sisih wetan, Gapsa ing kulon, Sinwonsa ing barat daya lan Yonghwasa ing sisih tenggara. [1] Kuil kang paling akeh ditekani wong ya iku Gapsa lan Donghaksa. [1] Daerah iki duwe alas alami lan aliran-aliran kali kang bening. [1] Tuwuhan kang paling akeh ya iku wit tusam lan zelkova . [1] Skai pucuk kang luwih dhuwur Cheonghwangbong , ing dina kang cerah, sesawangan kutha Daejeon katon jelas. [1]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g h Kim, Joo-young (Autumn 2001). "Mt. Gyeryongsan ; A Magnet for Wish-seekers" (PDF) . Koreana . 15 . [ pranala mati permanen ]
  2. Gyeryongsan National Park , visitkorea . Diundhuh tanggal 2 Juni 2010.