Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gunung Kinabalu, Borneo.
Gunung
iku salah sawijine wangun lemah sing methungul luwih dhuwur tinimbang wewengkon saubenge. Gunung lumrahe luwih dhuwur lan njulek tinimbang
bukit
.
[1]
Nanging ana padhane ing pigunane gumantung saka adat lokal. Saperangan pangreh ndhefinisikake gunung kanthi pucuk punjul ukuran tinamtu; upamane,
Ensiklopedia Britannica
mbutuhake kadhuwuran 2000 kaki (610 m) supaya bisa didhefinisikake dadi gunung. Dene miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (
KBBI
), gunung yaiku bukit sing gedhe banget lan dhuwur (padatan dhuwure punjul 600m).
[2]
Sawijining gunung lumrahe kawangun saka obahing
tektonik lempeng
,
obahan orogenik
utawa
obahan epeirogenik
.
Gunung kawangun amarga anane proses gaya
tektonik
sing kadaden ing jero bumi sing diarani orogenesis lan epirogenesis. Ing proses orogenesis iki,
sedhimen
sing kekumpul malih wujude amarga entuk gaya penet saka tubrukan lempeng tektonik. Proses kawangune gunung kadaden miturut skala taun
geologi
antarane 45-250 yuta taun kapungkur. Tuladhane,
pagunungan
Himalaya
sing kawangun saka 45 yuta taun kapungkur, dene pagunungan
Appalache
kawangun saka 450 yuta taun kapungkur.
Model kawangune gunung ngalami telu tataran proses, yaiku:
1. Akumulasi sedimen: lapisan-lapisan sedimen lan watu-watu vulkanik numpuk nganti jerone pirang-pirang kilometer.
2. Bentuk watu malih lan kerak bumi keangkat: sedimen sing kawangun mau ngalami deformasi amarga anane gaya kompresi amarga tubrukan antarane lempeng-lempeng tektonik.
3. Kerak bumi keangkat amarga obahe blok sesar: tubrukan antarane lempeng arep ngangkat saperangan kerak bumi dadi lempitan luwih dhuwur saka saubenge saengga kawangun gunung.
[3]
Miturut garis gedhe, gunung diperangake dadi loro, yaiku
gunung geni
(gunung aktif) lan gunung ora aktif. Dene miturut wangune, gunung diperangake dadi telu, yaiku gunung perisai, gunung strato, lan gunung maar.