Glenn Alinskie

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Glenn Alinskie
Lair Ralph Glenn Alinskie
Jeneng liya Glenn Alinskie
Pakaryan aktor
Taun aktif 2005 -sekarang
Bojo Chelsea Olivia Wijaya
Wong tuwa Linda dan Richard Alinskie

Glenn Alinskie (lair ing Jakarta , 19 Oktober 1988 ; umur 35 taun) ya iku artis kang dadi juru main utawa pemeran sinetron ning Indonesia , Aktor iki Putra saka pasangan Linda lan Richard Alinskie , awit enome dheweke duwe minat kang gedhe ning dunya akting tarutama ning babagan akting filem, kariere dimulai awit dheweke dadi juara Coverboy ning majalah remaja. [1] Nyusul sawise iku, perane ning sinetron PANGERAN PENGGODA kang mbintangi Alan. [1] Jenenge tambah kondhang nalika mbintangi sinetron kang sukses ya iku sinetron kang judhule BUKU HARIAN NAYLA ning sinetron mau, Glenn dadi Moses , main akting bebarengan karo Chelsea Olivia . [1]

Sasuwene ana ning dunya hiburan pertelevisian, Glenn ora duwe pepenginan kanggo nyoba dunya hiburan liyane, kaya hiburan tarik suara, kaya-kaya kanca-kancane. [2] Dheweke ngakuni lan ngrasa ora duwe bakat ning babagan mau. [2] Glenn duwe kepenginan kanggo bisnis omah, kaya ta Chelsea Olivia kang bisnis omah kos-kosan. [2]

Sinetron [ besut | besut sumber ]

  • Intan minangka Ello
  • Pangeran Penggoda ( 2006 ) minangka Alan
  • Buku Harian Nayla ( 2006 ) minangka Moses
  • Baby Doll
  • Nona Dewa
  • Maha Cinta
  • Pengantin Remaja
  • Selamat Jalan Natasya
  • Kakak Iparku 17 Tahun
  • Cahaya minangka Raka
  • Menanti Keajaiban Cinta minangka Vano
  • Rindu
  • Upik Abu dan Laura ( 2008 ) minangka Gatot/Glenn
  • Kawin Masal ( 2008 ) minangka Rio
  • Air Mata Cinta ( 2009 ) minangka Rafka
  • Doa dan Karunia ( 2009 ) minangka Glenn
  • Dia Bukan Anakku ( 2010 ) minangka Miko
  • Putri Yang Ditukar ( 2010 ) minangka Arman

Iklan [ besut | besut sumber ]

  • Honda Genuine Parts
  • Fiesta Chicken Prima Food
  • Sandal / Sepatu Andos
  • Rider
  • Fresh Cologne
  • MGee T-Shirts/ Rafael Jeans
  • Gatsby Hair Products

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c biografi Glenn Alinskie dipununduh tanggal 6 Juli 2011
  2. a b c berita Glenn Alinskie dipununduh tanggal 6 Juli 2011