Gilo

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sawijining dalan ing Gilo

Gilo ( Ibrani : ??????) iku pakampungan Yahudi ing Yerusalem Wetan . Tlatah iki ndarbeni sing ndunungi kurang luwih 40.000 jiwa. Komunitas internasional mandheng manawa Gilo iku pamukiman ilegal Israel, nanging Israel selak. Gilo anyar diadegake ing taun 1973, nanging ekskavasi arkeologis nudhuhake manawa situs iki wis dienggoni wong wiwit Jaman Wesi I, Jaman Romawi, Bizantium lan nganti saiki. Nganti taun 1917 tlatah iki darbene Kakaisaran Ottoman banjur sawise iku dadi laladan Mandat Palestina Britania. Ing taun 1948, tlatah iki dadi tlatah Yordania . Sawise Perang Enem Dina ing taun 1967 , Israel nguwasani tlatah iki lan dicaplokake kanggo Yerusalem. Gilo iku dununge sakidule kampung Arab Beit Safafa lan salore kutha Beit Jala ing Gisik Kulon .