한국   대만   중국   일본 
Gary Neville - Wikipedia Menyang konten

Gary Neville

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gary Neville
Katerangan priangga
Jeneng dawa Gary Alexander Neville
Tanggal lair ( 1975-02-18 ) 18 Februari 1975 (umur 49)
Papan lair Bury , Greater Manchester , England
Dhuwur 5 ft 11 in (1.80 m) [1] [2]
Posisi main Right-back
Karir nom
1991?1992 Manchester United
Karir senior*
Taun Tim Main ( Gul )
1992?2011 Manchester United 400 (5)
Tim nasional
1992 England U16 1 (0)
1992?1993 England U18 8 (0)
1995?2007 England 85 (0)
Tim dikemunah
2012?2016 England (assistant)
2015?2016 Valencia

* Gunggung main lan gul ing klub senior tumrap liga dhomestik iki mligi.


Gary Alexander Neville (lair ing Bury , Greater Manchester , Inggris , 18 Februari 1975 ; umur 49 taun) ya iku salah sijine mantan juru main bal-balan teka Inggris . Neville ndisik posisine ya iku Beg tengen lan main kanggo Manchester United sakdawane karire. Ndek klub kuwi piyambake dadi kapten tim sakdawane 5 taun. Piyambake uga tau main kanggo Inggris ya iku ping 85.

Neville ngenekne karire ndhik Old Trafford , sing nggawe piyambake dadi salahsijine juru main bal-balan sing loyal ana ing time. Wektu piyambake pensiun taun 2011, piyambake dadi juru main Manchester United paling suwe nomer 2 sing mbela tim kuwi, sawise Ryan Giggs .

Tetandhingan kapisan internasionale ya iku taun 1995 lan dadi pilihan kapisan kanggo klub utawa nagara kura luwih sakdawane 10 taun.

Neville kuwi mase juru main bal-balan lan kapten Everton Phil Neville , sing uga tau dadi pamaine Manchester United (teka taun 1993 nganti 2005). Adike Tracey Neville dadi juru main bola jaring kanggo Inggris, Jill ibune kerja dadi receptionis kanggo Bury .

Wiwit pensiun ndhik akir mangsa 2010-11 , Neville dadi komentator bal-balan kanggo Sky Sports. Ndek tanggal 14 Mei 2012, Piyambake nandatangani kontrak sing dawane 4 taun karo FA kanggo dadi salah siji pelatih ndhik staf kepelatihan timnas Inggris sing dimanajeri karo Roy Hodgson sing bakal tampil ndhik Euro 2012 . [3] Sawise gelaran Euro 2012, Neville nyoba peruntungane dadi juru latih, klub gedhe sepisan kang dilatih yaiku Valencia C.F. , nanging sasuwene ora nganti semusim Neville dipecat dening klub jalaran kaanggep gagal gawa Valencia tampil apik. Saiki Neville makarya ing salah siji stasiun tipi Inggris dadi pundit utawa komentator bareng mantan pamain bal liyane.

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. Rollin, Glenda; Rollin, Jack, ed. (2009). Sky Sports Football Yearbook 2009?2010 . Headline. kc. 502. ISBN   978-0-7553-1948-0 .
  2. Hugman, Barry J. (2009). The PFA Footballers' Who's Who 2009?10 . Edinburgh: Mainstream Publishing. kc. 303. ISBN   978-1-84596-474-0 .
  3. "Neville appointed to coaching staff" . thefa.com . The Football Association. 14 May 2012.