한국   대만   중국   일본 
Garis - Wikipedia Menyang konten

Garis

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Garis yaiku salah sijine piranti ingkang wigati,kanggo sarana ngungkapake sajeroning tumindak efektif lan efisien kanggo wujudake panggucap saka isi lan rasa emosi manungsa.Saengga menehi wujud ingkang urip, lan wujude dadi kontur [1] . Saka anane garis saengga karya seni bisa kawujud lan bisa dipahami karo masarakat saubenge [1] .Didhelok saka wujude, garis duwe arti kanggo tanda ingkang dhowo lan nipak ana ing piranti gambar utawa piranti gambar liyane [2] .koyata tipak kapur ing papan tulis lan sepidol ing kertas.Wujude garis ana 5 yaiku

  1. Garis kenceng yaiku duwe wujud ingkang tegas lan kuwat [2] .
  2. Garis bengkong yaiku duwe wujud ingkang alus lan lembut [2] .
  3. Garis zig-zag yaiku duwe wujud ingkang lancip lan landep [2] .
  4. Garis datar yaiku duwe wujud ingkang mantep [2] .
  5. Garis silang yaiku duwe wujud ingkang ora sanget dadi siji [2]

Garis duwe wujud kang bisa dirasakake uga katon ing wujude yaiku kandel-tipise lan dhowo-cekake [1] .

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c Susanto Mikke. Face-Off Dalam Komplik. Magelang :CTO. 2003 .kaca 78
  2. a b c d e f Sunaryo, Aryo.'Nirmana I "Hand out Desain".Jurusan Pendidikan Seni Rupa, FBS, Unnes Semarang 2002 .kaca 201