Geologi

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Geologi iku ngelmu sing nyinaoni kabeh aspek sing ana gandhengane kaliyan bumi . Geologi mula bisa dipadhakake karo ngelmu bumi. Geologi iku asal tembunge saking basa Yunani γη- ( ge- , "bumi") lan λογο? ( logos , "kata"/"alasan")). Ilmu geologi iki mbahas bab fisik bumi sekabehe molai saking komposisine, struktur, sipat-sipat fisik, sajarah , nganti proses pembentukane.

Tembung geologi dienggo pertama-tama dening Jean-Andre Deluc taun 1778 bar iku didadeke istilah baku dening Horace-Benedict de Saussure taun 1779.

Kagunaan [ besut | besut sumber ]

Saking ngelmu iki wis bisa ditentoke umur Bumi sing yen dietung kira-kira wis sakiwa-tengene 4.5 milyar (4.5x10 9 ) taun. Saking ngelmu iki uga wong dadi paham yen kulit bumi iku kesusun saking pecahan-pecahan lempeng tektonik sing bergerak terus ana ing nduwur mantel bumi . Saking ngelmu iki uga bisa ditemoke sumber daya alam ing jero bumi antarane: lenga bumi , batu bara , uga sing wujude metal upamane: wesi , tembaga , lan uranium . Uga ana sing wujude mineral upamane: asbestos , perlit , mika , fosfat , zeolit , tanah liat , pumis , kuarsa , silika , wlirang , klorin , lan helium .

Cabang-Cabang Geologi [ besut | besut sumber ]

Hubungan Kaliyan Ilmu Liya [ besut | besut sumber ]

Uga delengen [ besut | besut sumber ]