한국   대만   중국   일본 
Geger Pacinan - Wikipedia Menyang konten

Geger Pacinan

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pambantean tahanan Tionghoa

Geger Pacinan (uga misuwur minangka Tragedi Angke ; ana ing Walanda : Chinezenmoord , kang tegese "Mateni wong Cina") ya iku pogram kanggo wong katurunan Cina ing kutha palabuhan Batavia , Indhiya Nederlan (saiki Jakarta ). Panindhesan ing kutha saka 9 Oktober 1740 nganti 22 Oktober; maneka warna paprangan cilik-cilik nganti tekan sasi November 1740. Kabingungan masarakat Tionghoa iku amarga represi pamarentah lan kurange asil makarya akibat saka mudhune rega gula rikala semana. Kanggo nanggepi kabingungan iku, ana ing patemon Dhewan Hindhia ( Raad van Indie ), badan pemimpin Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC), Gubernur-Jendral Adriaan Valckenier mbiwara yen ontran-ontran apa wae bisa diwales karo kakerasan uga paten-patenan. Pangumuman saka Valckenier iku ditindhakake saka tanggal 7 Oktober 1740 sawise wong-wong Tionghoa akeh kang dadi buruh pabrik gula mateni 50 prajurit Walanda. Panguwasa Walanda ngirim prajurit tambahan, kang njupuk senjata saka wong-wong Tionghoa lan nindakake jam wengi. Esuke sawise diwedeni kejeme wong-wong Tionghoa, golongan etnis Batavia wiwit mbakar omah-omahe wong Tionghoa ing Kali Besar. Dene prajurit Walanda nyerang wong Tionghoa nganggo mriem . Ontran-ontran iki langsung nyebar ing kutha Batavia saengga akeh wong Tionghoa kang mati. Valckenier mbiwara yen ana pengampunan kanggo wong Tionghoa tanggal 11 Oktober, nanging golongan prajurit isih mburu wong Tionghoa nganti tanggal 22 Oktober, nalika Valckenier mbiwara yen ontran-ontran wajib dibubarake. Ing njaba kutha prajurit Walanda perang karo buruh pabrik gula. Sawise ontran-ontran, prajurit Walanda nyerang markas Tionghoa ing maneka warna pabrik gula. Wong Tionghoa kanthi slamet ngungsi menyang Bekasi . Kira-kira punjul 10.000 wong katurunan Tionghoa dipateni. Gunggung wong slamet kurang luwih 600 nganti 3000. Sabanjure ontran-ontran kadadean ing kabeh tlatah Jawa lan ana kadadean perang kang suwene rong taun , kanthi wadya gabungan Tionghoa lan Jawa nglawan prajurit Walanda . Sawise iku, Valckenier diundang menyang Walanda lan dituntut amarga katute dheweke ing ontran-ontran; Gustaaf Willem van Imhoff nggantekake dadi gubernur-jendral . Tekan jaman modheren, ontran-ontran iki kerep tinemu ing sastra Walanda. Ontran-ontran iki uga dadi asal muasal jeneng tlatah ing Jakarta .

Anane Geger Pacinan [ besut | besut sumber ]

Gubernur-Jendral Valckenier kang mrentah supaya wong Tionghoa dipateni

Ing kalamangsa wiwitan kolonialisasi Indhiya Nederlan, akeh wong Tionghoa didadekake tukang yasan nalika yasa kutha Batavia ing pinggir Sagara Jawa ; [1] uga ana kang dadi bakul, buruh pabrik gula utawa duwe toko. [2] Tumindak dol tinuku Indhiya Nederlan lan Tiongkok , kang punjere ing Batavia, nguwatake ekonomi lan imigrasi wong Tionghoa menyang Tanah Jawa. Cacahe wong Tionghoa ing Batavia taun 1740 ana punjul 10.000 wong, ewonan maneh omah ing jaban kutha. [3] Pamarentah kolonial Walanda majibake wong-wong Tionghoa nduwe layang idhentifikasi, lan wong kang ora duwe layang bakal dibalekake menyang Tiongkok. [4]

Kawicaksanan dheportasi diketatake ing taun 1970-an, sawise ana wabah malaria kang ndadekake ewonan wong mati. Gubernur-Jendral Dirk van Cloon . [4] [5] Miturut sejarawan Indonesia Benny G. Setiono, epidemik iki bebarengan karo mundhake rasa cubriya lan duwe endhem-endheman ( dendam ) marang etnis Tionghoa, kang cacahe saya akeh lan saya sugih. [5] Akibate, Komisaris Urusan Orang Pribumi Roy Ferdinand, manut pakone Gubernur-Jendral Adriaan Valckenier , mutusake yen tanggal 28 Juli 1740 warga Tionghoa kang ora resmi arep di dheportasi menyang Zeylan (saiki Sri Lanka ) lan dipeksa dadi tani kayu legi . [5] [6] [7] [8] Wong Tionghoa kang sugih diperes panguwasa Walanda lan diancem arep di dheportasi; [5] [9] [10] Stamford Raffles , ahli sajarah saka Inggris lan ahli sajarah Jawa , nyathet yen wong Walanda diwenehi pangerten Kapitan Cina (pemimpin etnis Tionghoa kang ditemtokake Walanda) kanggo Batavia, Ni Hoe Kong, supaya ndheportasekake kabeh wong Tionghoa kang nganggo klambi ireng utawa biru, sebab kang nganggo klambi kaya mangkono kang wong ora nduwe. [11] Ana uga desas-desus yen wong sng dirim menyang Zeylan ora tekan Zeylan nanging dibuwang ing sagara , [3] [9] utawa wong-wong iku mati nalika nggawe ontran-ontran ing kapal. [11] Anceman dheportasi iki ndadekake wong Tionghoa bingung, lan akeh buruh kang malih ora nyambut gawe. [3] [9]

Sawetara iku wong Batavia (Batawi) asli dadi melu sujana marang wong Tionghoa. Sing ndadekake tambah sujana ya iku masalah ekonomi, wong pribumi mlarat dene wong Tionghoa sugih-sugih. [12] [13] Sejarwan Walanda A.N. Paasman ngandarake manawa wong Tionghoa iku kaya wong Yahudine Asia., [7] Sejatine ora kabeh wong Tionghoa iku sugih, ana uga kang mlarat ya iku kang dadi buruh pabrik gula. [14] Wong Tionghoa kang sugih duwe pabrik lan dadi tambah sugih amarga dol tinuku, uga dhistribusi arak , ombenan saka molase lan beras. [14] [15] Nanging panguwasa Walanda nemtokake rega gula kang ndadekake resah. [16] Akibate rega gula ing donya mudhun, disebabake ekspor gula menyang Eropah mundhak [17] indhustri gula ing Indhiya Nederlan banjur rugi. Tekan taun 1740 , rega gula ing pasar global tikel loro saka rega taun 1720 nganti taun 1740. Amarga gula dadi salah sawijining ekspor Indhiya Nederlan, nagara jajahan iku ngalami krisis finansial. [18] Awite anggota Dhewan Hindhia ( Raad van Indie ) nganggep yen wong Tionghoa ora bakal nyerang Batavia, [9] lan kawicaksanan kang luwih tegas bab ngatur wong Tionghoa, ditentang fraksi kang kapimpin dening mantan gubernur Zeylan Gustaaf Willem baron van Imhoff , kang bali menyang Batavia taun 1738. [19] [20] [21] Nanging, katurunan wong Tionghoa tekan ing piggiran Batavia, lan tanggal 28 September Valckenier lan anggota dhewan rapat darurat. Ing rapat iku, Valckenier mrentah supaya ontran-ontran kang asale saka wong Tionghoa bisa diake kanthi kakerasan. [5] Nanging kaputusan iku ditentang dening fraksi van Imhoff; Vermeulen (1938) [a] kang duwe panemu kategangan rong fraksi iku duwe peranan ing pambantean. [6]

Tanggal 1 Oktober wengi wong-wong Tionghoa wis padha kumpul ing ngarep gedhong Batavia, wong-wong Tionghoa ngamuk amarga omongane Valckenier limang dina kapungkur. [22] Nanging sawise mateni sersan keturunan Bali ing wates kutha, dhewan mutusake kanggo nambah prajurit kang njaga kutha. [6] [23] Rong golongan saka wong Eropah lan kuli pribumi dikirim menyang pos penjagaan sisih kidul lan wetan Batavia [24] banjur rencana perang digawe. [6] [23]

Prastawa [ besut | besut sumber ]

Pambantean [ besut | besut sumber ]

Omah-omah wong Tionghoa padha diobong

Sawise golongan buruh pabrik gula katurunan Tionghoa brontak gawa gaman kang digawe dhewe kanggo njarah lan mbakar pabrik, [14] [b] kang jarene kapimpin dening Kapitan Cina Ni Hoe Kong, [c] mateni 50 prajurit Walanda ing Meester Cornelis (saiki Jatinegara ) lan Tanah Abang tanggal 7 Oktober. [5] [10] Kanggo nanggepi serangan iki, pemimpin Walanda ngirim 1.800 prajurit kang dikancani schutterij (milisi) lan sewelas batalyon wajib militer kanggo nglereni pambrontakan. Pasukan mau uga nindakake jam malam lan mbatalake pengetan Tionghoa kang wis dijadwalake. [5] Amarga wedi marang wong Tionghoa arep gawe prakara ing wengi iku, kang manggon ana ing pinggiran ora kena nyumet lilin lan nyerahake kabeh gaman uga peso kang paling cilik. [28] Esuke, prajurit Walanda bisa nangkis serangan saka 10.000 wong Tionghoa, kang kapimpin dening golongan saka Tangerang lan Bekasi , ing tembok kutha; [6] [29] Raffles nyathet 1.789 wong keturunan Tionghoa mati ing serangan iki. [30] Kanggo nanggepi serangan iki, Valckenier nganakake rembugan Dhewan Hindhia maneh tanggal 9 Oktober. [6] [29] Sawetara iku kabar ngenani wong Tionghoa kang arep mateni lan mrawasa wong pribumi wiwit nyebar ing etnis liya, uga batur tukon saka Bali lan Sulawesi sarta prajurit Bugis lan Bali . [4] [31] Kanggo nyegah kadadean iku, golongan-golongan etnis liya wiwit ngobong omah-omahe wong Tionghoa ing Kali Besar. Banjur serangan saka Walanda marang wong Tionghoa ing Batavia. Pulitikus Walanda kang anti-kolonis W.R. van Hoevell nulis yen "wong wadon kang lagi ngandhut lan nyusoni, bocah cilik, lan priya gaek melu ing serangan. Tahanan dibante kaya domba." [d]

Wadyabala pimpinane Letnan Hermanus van Suchtelen lan Kapten Jan van Oosten, saradhadhu Walanda kang slamet saka serangan ing serangan di Tanah Abang, mara menyang pacinan: Suchtelen lan widyabalane mara menyang pasar manuk, dene widyabalane van Oosten ing pos cedhak kanal. [33] Jam lima sore, saradhadhu Walanda wiwit nembak meriem ing omah-omahe wong Tionghoa, saengga omah-omah padha kobong. [34] [8] Wong Tionghoa padha mati nalika metu saka ngomah la nana uga kang bunuh diri. Sing bisa tekan kanal dipateni widyabala Walanda kang ngenteni ing prau cilik. [34] sawatara prajurit Walanda kang liya mondar-mandir ing omah-omah kang kobong, nggoleki lan mateni wong Tionghoa kang isih urip. [32] Kadadean iku banjur nyebar ing kabeh wewengkon Batavia. [34]

Esuke kakerasan mau nyebar, lan pasien Tionghoa ing salah sawijining Rumah Sakit digawa metu lan dipateni. [35] Usaha kanggo nglereni kobongan ing Kali Besar during kasil, kobongan iku malah tambah ndadra, lan lagi mati tanggal 12 Oktober. [36] Sawetara iku, golongan kang jumlahe 800 widyabala Walanda lan 2.000 wong pribumi nyerbu Kampung Gading Melati, ana ing kana ana wong Tionghoa kang umpetan, pimpinane ya iku Khe Pandjang. [e] Nanging sanajan warga Tionghoa ngungsi ing wewengkon Paninggaran , warag Tionghoa uga diusir dening widyabala Walanda. Sekitar 450 wong Walanda lan 800 wong Tionghoa kang dadi kurban ing ontran-ontran iku. [30]

Prastawa maneh [ besut | besut sumber ]

Tahanan Tionghoa dipateni wadyabala Walanda tanggal 10 Oktober 1740.

Tanggal 11Oktober, Valckenier ngakon opsir-opsir Walanda kanggo nglerenake jarah rayah, nanging ora kasil. [39] Ngesuke Dhewan Hindhia nemtokake yen saben wong kang nggawa ndas wong Tionghoa arep diregani rong dukat ; iku mau gawe mancing wong suku liya supaya melu mbantai wong Tionghoa. [39] Akibate, wong Tionghoa kang slamet saka serangan kapisan wiwit digoleki “bandit” kang kepengen marang hadiahe. [35] Panguwasa Walanda lan golongan pribumi bareng-bareng ing Batavia; grenadir Bugis lan Bali kang dikirim kanggo nguwatake prajurit Walanda tanggal 14 Oktober. [39] Tanggal 22 Oktober, Valckenier mrentahke supaya pambantean dilereni. [35] Ing surat kang isine kesalahan kabeh saka wong Tionghoa nalika ontran-ontran ing Batavia, dheweke ngajak wong Tionghoa damai, kajaba pamimpin pamberontakan, dheweke ngajokake pangaji 500 rijksdaalder kanggo saben pemimpin kang dipateni. [40] Ing pinggiran kutha ontran-ontran cilik isih ana antarane wong Tiongha lan widyabala Walanda. Tanggal 28 Oktober, sawise rong minggu, ontran-ontran cilik mau kadadean, 500 wong Tionghoa mangkat ing Cadouwang (saiki Angke ), nanging diusir dening kavaleri kang pimpinane Ridmeester Christoffel Moll sarta Kornet Daniel Chits lan Pieter Donker. Ngesuke kavaleri iku, kang anggotane 1.594 widyabala Walanda lan pribumi iku nyedhaki markase wong Tionghoa ing Pabrik Gula Salapadjang. Ana ing kana widyabala Walnda iku ngumpul ing alas, banjur ngobong Pabrik kang isine wong Tionghoa; salah sawijine pabrik liya ing Boedjong Renje diobong dening widyabala Walanda liyane. [41] Amarga wedi karo widyabala Walanda wong-wong Tionghoa ngungsi ing pabrik gula ing Kampung Malayu, kang kira-kira patang jam saka Salapadjang; nanging markas iki banjur diobong Walanda kanthi pimpinan Kapten Jan George Crummel. Sawise ngalahake wong Tionghoa, wadyabala Walanda bali menyang Batavia. [42] Sauntara iku, wong Tionghoa dikurung, 3.000 prajurit saka Kasultanan Banten , lumayu ngetan nuruti pasisir lor tanah Jawa; [43] 30 Oktober ana lapuran manawa wong Tionghoa wis ngliwati Tangerang. [42]

Prentah kanggo gencatan senjata tekan marang Crummel tanggal 2 November. Dheweke lan widyabalane bali menyang Batavia sawise 50 wong kang njaga ing Cadouwang. Nalika Crummel teka ing Batavia, wis ora ana maneeh pamberontak Tionghoa kang ana ing njaba tembok. [44] Penjarahan banjur kadadean tekan tangga; 28 November lan widyabala pribumi bebas tugas akir November [39]

Asil [ besut | besut sumber ]

Van Imhoff lan anggota Dhewan Hindhia liya ditangkap sawise nentang Valckenier.

Akeh Sejarawan kang nyathet yen 10.000 wong Cina kang ana ing kutha Batavia dipateni. Watara 600 nganti 700 omah diobong lan dijarah. [45] [46] Vermeulen nyatet yen 600 wong Tionghoa slamet, [39] dene sejarawan Indonesia A.R.T. Kemasang nyathet 3.000 jiwa kang slamet. [47] Dene Sejarawan Tionghoa-Indonesia Benny G. Setiono nyathet yen 500 tahanan lan pasin rumah sakit dipateni, [45] dene jumlah wong kang slamet 3.431. [48] Sawise ontran-ontran iki banjur ana kalamangsa kang rawan ana ing pulo Jawa, ya iku pambantean marang warga Cina. Ing Semarang taun 1741, ing Surabaya lan Gresik . [49] Minangka dadi salah sawijining syarat kanggo nglereni ontran-ontran, kabeh wong Batavia keturunan Tionghoa dipindhahake menyang pacinan ing cedhak wates kutha Batavia, kang saiki dadi Glodok . Iki maraake wong Walanda gampang ngawasi wong Tionghoa. [50] Kanggo lunga saka pacinan , wong Cina mbutuhake tiket mirunggan. [51] Nanging taun 1743, wis ana atusan bakul Tionghoa kang bakulan ana ing Batavia. [3] Wong Tionghoa liya dipanggedheni dening Khe Pandjang [37] ngungsi menyang Jawa Tengah , wong-wong Tionghoa nggabung melu widyabala kang dipanggedheni dening Sultan Mataram , Pakubuwana II . Sanajan perang wis rampung taun 1743, [52] nanging sasuwene 17 taun isih ana konflik ing Jawa. [2] Tanggal 6 Dhesember 1740 van Imhoff lan 2 anggota Dhewan Hindhia ditangkep amarga dituding mbangkang karo Valckenier lan tanggal 13 Januari 1741, wong-wong mau dikirim menyang Walanda nganggo kapal kang beda; [53] [54] tekan Walanda tanggal 19 September 1741. Ing Walanda, van Imhoff ngyakinake Heeren XVII, kang nyekel saham utama VOC , yen Valckenier kang marakake ana ontran-ontran ing Batavia, uga sesorah kang judhule "Consideratien over den tegenwoordigen staat van de Ned. O.I. Comp." ("Pertimbangan amarga Kaanan Mutakhir ing Indhiya Nederlan") tanggal 24 November. [55] [56] Akibat saka sesorah mau, van Imhoff lan anggota dhewan liya dibebasake ska tuntutan. [57] Tanggal 27 Oktober 1742, van Imhoff dikirim maneh menyang Batavia nganggo kapal Hersteller dadi Gubernur Jenderal Indhiya Nederlan kang anyar. Dheweke tekan Batavia tanggal 26 Mei 1743. [55] [58] [59]

Valckenier oleh layang yeen dheweke arep digantekake dening van Imhoff dadi gubernur Jendral taun 1741; [60] versi liya ya iku Heeren XVII ngganti Valckenier minangka ukuman akibat kakean ngekspor gula ora kopi taun 1739, kang ndadekake VOC rugi. [61] [62] Nalika Valckenier oleh surat iku, van Imhoff isih ing dalan arep menyang Wakanda. Valckenier lunga saka Indhiya Nederlan tanggal 6 November 1741, sawise milih Johannes Thedens dadi gantine tekan van Imhoff bali menyang Batavia. Tanggal 25 Januari 1742 dheweke tekan Cape Town nanging ditangkep lan diselidiki dening Gubernur Hendrik Swellengrebel saka prentahe Heeren XVII. Valckenier dikirim maneh menyang Batavia Agustus 1742, dheweke ditahan ing Benteng Batavia, telung sasi banjur digugat marang pirang-pirang tuntutan kalebu tuntutan Geger Pacinan. [63] Maret 1744, dheweke disalahke lan dituntut ukuman mati lan bandhane disita. [64] Dhesember 1744, Valckenier gawe tetelan kanggo mbela awake dhewe. [59] [65] [66] Valckenier njaluk luwih akeh bukti marang Walanda, nanging seda ing Tahanan tanggal 20 Juni 1751, sadurunge penyelidikane rampung. Ukuman mati dibatalake taun 1755. [58] [66] Vermeulen ngomong yen ukuman Valckenier ora adil amarga mung saka amarahe wong Walanda. [67] Kuwi mau banjur diakoni kanthi resmi, sebab taun 1760, anake Valckenier, Adriaan Isaak Valckenier, oleh ganti rugi 725.000 gulden . [68]

Produksi gula ing Batavia mudhun akeh sawise ontran-ontran, amarga wong Tionghoa kang biyen ngurusi wis padha mati utawa ilang. Industri iku wiwit turun kanthi drastis setelah pambantean, sebab banyak orang Tionghoa yang dulu mengurus indhustri tersebut wis terbunuh atau hilang. Industri tersebut wiwit maju maneh sawise Gubernur Jenderal van Imhoff "mengkolonisasi" Tangerang. Awale dheweke nduwe maksud supaya wong kang asale saka Walanda tetanen ana kana; dheweke duwe panemu yen wong Walanda kang ana ing Batavia iku males-males. Nanging dheweke ora bisa narik wong anyar amarga pajeg Indhiya Nederlan dhuwur banget, banjur dheweke kapeksa adol lemah karo wong Walanda kang ana ing Batavia. Sing duwe lemah mau ora oleh ngerjakake lemahe, banjur lemahe disewakake marang wong Tionghoa. [69] Produksi gula mundhak maneh sakwisv iku, nanging lagi taun 1760-an produksi gula padha karo taun 1740-an, sakwisv iku produksinv wiwit kurang maneh. [69] [70] Jumlah pabrik gula uga saya sithik. Taun 1710 ana 131 pabrik, nanging taun 1750 mung 66 pabrik. [15]

Prabawa [ besut | besut sumber ]

Vermeulen kandha yen ontran-ontran iki salah sawijining prastawa kang misuwur ing kolonialisme Walanda abad 18. [f] [71] Ing disertasine, W. W. Dharmowijono ngadhakake yen pogrom iki duwe peran kang gedhe ing sastra Walanda. Dharmowijono nyathet ana gurit dening Willem van Haren kang ngritik ontran-ontran iki (saka taun 1742) lan gurit anonim, saka periodhe kang padha, kang ngritik wong Tionghoane. [72] Raffles nulis taun 1830 yen cathetan historis Walanda luwih pepak lan mirunggan. [g] [73]

Sejarawan asal Walanda Leonard Blusse nulis yen Geger Pacinan ndadekake kutha Batavia tuwuh ngrembaka, nanging agawe dikotomi antarane etnis Tionghoa lan pribumi isih krasa nganti tekan pungkasan abad angka 20 . [74] Ontran-ontran iki uga ndadekake asal jeneng-jeneng sawatara laladan ing Jakarta. Kaya ta Tanah Abang ya iku amarga akeh wong Tionghoa kang dipateni ana ing kana; van Hoevell duwe panemu yen jeneng iku dianggo supaya wong Tionghoa slamet saka pogrom lan luwih rikat nrima amnesti . [75] [76] Jeneng Rawa Bangke dijupuk saka tembung bangkai utaea jisim, amarga wong Tionghoa akeh kang dipateni ana ing panggonan iku. [75]

Katrangan [ besut | besut sumber ]

  1. Dalam Vermeulen, Johannes Theodorus (1938). De Chineezen te Batavia en de troebelen van 1740 [ Warga Tionghoa di Batavia dan Masaalah Pada Tahun 1740 ] . Leiden: Proefschrift. [6]
  2. Atusan wong, tuladhane, pos penjagaan cilik ing Qual, cedhak Kali Tangerang lan dijaga 15 prajurit. [25]
  3. Miturut cathetan sajarah, Kong slamet saka serbuan lan pambantean. Carane ora pati dingerteni, ana kang ngomong yen dheweke umpetan ing ruwang bawah tanah kang ana ing omahe utawa nyamar dadi wadon banjur ing pura gubernur. [26] Miturut W.R. van Hoevell, Kong ngumpulake atusan wong sawise minggat saka istanana lan umpetan ana ing greja Portugis cedhak pacinan. [27] Dheweke akhire ditangkep lan dituntut kanthidakwan mimpin prajurit pembrontak. Dhewee dipeksa nanging ora ngaku. [26]
  4. Asli: "... Zwangere vrouwen, zoogende moeders, argelooze kinderen, bevende grijsaards worden door het zwaard geveld. Den weerloozen gevangenen wordt als schapen de keel afgesneden "). [32]
  5. Jenenge dieja beda-beda ing maneka warna sumber, ya iku Khe Pandjang, Que Pandjang, Si Pandjang, atau Sie Pan Djiang. [30] [37] [38] Setiono nyebutake jeneng asline Oie Panko. [38]
  6. Asli: " ... markante feiten uit onze 18e-eeuwse koloniale geschiedenis tot onderwerp genomen ".
  7. Asli: " ... far from complete or satisfactory. "

Rujukan [ besut | besut sumber ]

Cathetan sikil
  1. Tan 2005 , kc. 796.
  2. a b Ricklefs 2001 , kc. 121.
  3. a b c d Armstrong, Armstrong & Mulliner 2001 , kc. 32.
  4. a b c Dharmowijono 2009 , kc. 297.
  5. a b c d e f g Setiono 2008 , kc. 111?113.
  6. a b c d e f g Dharmowijono 2009 , kc. 298.
  7. a b Paasman 1999 , kc. 325?326.
  8. a b Hall 1981 , kc. 357.
  9. a b c d Pan 1994 , kc. 35?36.
  10. a b Dharmowijono 2009 , kc. 302.
  11. a b Raffles 1830 , kc. 234.
  12. Raffles 1830 , kc. 233?235.
  13. van Hoevell 1840 , kc. 461?462.
  14. a b c Kumar 1997 , kc. 32.
  15. a b Dobbin 1996 , kc. 53?55.
  16. Mazumdar 1998 , kc. 89.
  17. Ward 2009 , kc. 98.
  18. von Wachtel 1911 , kc. 200.
  19. Dharmowijono 2009 , kc. 297?298.
  20. van Hoevell 1840 , kc. 460.
  21. Encyclopædia Britannica 2011, Gustaaf Willem .
  22. van Hoevell 1840 , kc. 465?466.
  23. a b van Hoevell 1840 , kc. 466?467.
  24. van Hoevell 1840 , kc. 468.
  25. van Hoevell 1840 , kc. 473.
  26. a b Dharmowijono 2009 , kc. 302?303.
  27. van Hoevell 1840 , kc. 585.
  28. Pan 1994 , kc. 36.
  29. a b Setiono 2008 , kc. 114.
  30. a b c Raffles 1830 , kc. 235.
  31. Setiono 2008 , kc. 114?116.
  32. a b van Hoevell 1840 , kc. 485.
  33. van Hoevell 1840 , kc. 486.
  34. a b c Setiono 2008 , kc. 117.
  35. a b c Setiono 2008 , kc. 118?119.
  36. van Hoevell 1840 , kc. 489?491.
  37. a b Dharmowijono 2009 , kc. 301.
  38. a b Setiono 2008 , kc. 135.
  39. a b c d e Dharmowijono 2009 , kc. 300.
  40. van Hoevell 1840 , kc. 493?496.
  41. van Hoevell 1840 , kc. 503?506.
  42. a b van Hoevell 1840 , kc. 506?507.
  43. Ricklefs 1983 , kc. 270.
  44. van Hoevell 1840 , kc. 506?508.
  45. a b Setiono 2008 , kc. 119.
  46. van Hoevell 1840 , kc. 491?492.
  47. Kemasang 1982 , kc. 68.
  48. Setiono 2008 , kc. 121.
  49. Kemasang 1981 , kc. 137.
  50. Setiono 2008 , kc. 120?121.
  51. Setiono 2008 , kc. 130.
  52. Setiono 2008 , kc. 135?137.
  53. Geyl 1962 , kc. 339.
  54. van Eck 1899 , kc. 160.
  55. a b Blok & Molhuysen 1927 , kc. 632?633.
  56. Raat 2010 , kc. 81.
  57. van Eck 1899 , kc. 161.
  58. a b Setiono 2008 , kc. 125?126.
  59. a b Geyl 1962 , kc. 341.
  60. Vanvugt 1985 , kc. 106.
  61. Ricklefs 2001 , kc. 124.
  62. Raat 2010 , kc. 82.
  63. Stellwagen 1895 , kc. 227.
  64. Blok & Molhuysen 1927 , kc. 1220?1221.
  65. Vanvugt 1985 , kc. 92?95, 106?107.
  66. a b Blok & Molhuysen 1927 , kc. 1220.
  67. Terpstra 1939 , kc. 246.
  68. Blok & Molhuysen 1927 , kc. 1221.
  69. a b Ota 2006 , kc. 133.
  70. Bulbeck et al. 1998 , kc. 113.
  71. Terpstra 1939 , kc. 245.
  72. Dharmowijono 2009 , kc. 304.
  73. Raffles 1830 , kc. 231.
  74. Blusse 1981 , kc. 96.
  75. a b Setiono 2008 , kc. 115.
  76. van Hoevell 1840 , kc. 510.
Bibliografi
Rujukan internet