한국   대만   중국   일본 
Friedrich Schiller - Wikipedia Menyang konten

Friedrich Schiller

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Friedrich Schiller

Johann Christoph Friedrich von Schiller ya iku dramawan, penyair, teoris sastra. [1] Dheweke lair ana Marbach , Wurttemberg , Jerman , tanggal 10 November 1759 . [1] Seda ana Weimar , Saxe-Weimar , tanggal 9 Mei 1805 . [1] Kondhang amarga dramane Die Rauber ( 1781 ), trilogi Wallenstein ( 1800 - 1801 ), Maria Stuart (1801), lan Wilhelm Tell ( 1804 ). [1]

Schiller ya iku anak ahli bedhah bala, Letnan Johann Kaspar Schiller lan Dorothea . [1] Dheweke diarep-arep dadi pendhita. [2] Sawise Johann Kaspar pensiun, dheweke tani ana kebon Ludwigsburg , omahe Duke Karl Eugen von Wurttemberg . [1] Duke Karl Eugen von Wurttemberg kongkonan Schiller lumebu akadhemi militer. [2] Banjur, sakcepete sawise pengalaman kunjara, Schiller metu saka pengabdian militer sing ora dipengini iku. [2]

Kanggone Schiller, seni ya iku agama. [3] Seni nawakake transendensi. [3] Mung liwat seni, wong bisa nyepaki keilahian. [3] Ana ing seni, wong nemu lan ngalami kabebasan sajati. [3] Ana ing Uber die asthetische Erziehung des Menschen (1795), Schiller nyatakake, "Angger manungsa kelangan martabate, dheweke dislametake dening seni. Sacara ontologis, seni mungkin apus-apusan lan ilusi, sawijining donyaning ngimpi , nanging apa kang bener urip pas ana apu-apus iki, lan metu saka tiron, estetis sawise digambarake, gambar asline pulih: Saurunge apa kang bener marakake sunar kawijayan lumebu jero ana ati, geguritan nyegat sunare, lan puncak kamanungsan murup ana sunar padhang, nalika pepeteng lan bengi kang lembap isih gumantung ana lembah." [3]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f Witte, William. "Friedrich Schiller GERMAN WRITER" . britannica.com . Dibukak ing 27 August 2016 .
  2. a b c Fort, Alice Buchanan; Kates, Herbert S. (1935). "FRIEDRICH SCHILLER (1759-1805)" . Minute History of the Drama . theatredatabase.com . Dibukak ing 27 August 2016 .
  3. a b c d e Steiner, George (9 May 2005). "Say it loud ? it's Schiller and it's proud" . signandsight.com . Dibukak ing 27 August 2016 .

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]