Franz Josef I saka Ostenrik

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kaisar Franz Josef I saka Ostenrik, taun 1910 .

Franz Josef I (basa liyane Franz Joseph ; lair ing Wina , 18 Agustus 1830  – pati ing Wina, 21 November 1916 ing umur 86 taun) iku Kaisar Austria lan Raja Bohemia saka taun 1848 tekan taun 1916 , sarta Raja Apostolik Hongaria saka 1867 tekan taun 1916. Dheweke asale saka Wangsa Habsburg .

Putra pambarepe Franz Karl , sadulure Kaisar Ferdinand 1 saka Austria , Franz Joseph uga kakangne Kaisar Maximilian I saka Meksiko . Nalika umur 13 taun dheweke miwiti pakaryan minangka kolonel ing angkatan bersenjata Austria. Dheweke dadi Kaisar Austria nalika Ferdinand lengser keprabon nalika pungkasan Revolusi 1848 kang dumadi ing tanggal 2 Dhesember 1848 . Taun 1854 , Franz Josef palakrama karo Putri Elizabeth saka Bayern . Anak lanang siji-sijine(ontang antinge), Putra Makutha Rudolf , nglalu nalika taun 1889 .

Nalika Perang Donya I pecah, Austria-Hongaria sabyantu karo Jerman , nanging tentarane jebul ora duwe kasiapan lan piranti kang cukup. Salah siji sababe ya iku watake Franz Josef kang konservatif. Dheweke nulak supaya para tentara entuk senjata kang anyar (yaiku, tank ).

Katelu anak liyane ya iku Sophie Friederike (1855 - 1858), Gisela (1856 - 1932), lan Marie Valerie (1868 - 1924).



Didhisiki dening:
Ferdinand I
{{{jabatan}}}
1848-1916
Diganti dening:
Karl I
Didhisiki dening:
Ferdinand I
{{{jabatan}}}
1867-1916
Diganti dening:
Karl I
Didhisiki dening:
Ferdinand I
{{{jabatan}}}
1849-1866
Diganti dening:
Wilhelm I
(minangka Presidhen Konfederasi Jerman Lor )