한국   대만   중국   일본 
Francois Jacob - Wikipedia Menyang konten

Francois Jacob

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Francois Jacob
Lair ( 1920-06-17 ) 17 Juni 1920 (umur 104)
Nancy, Prancis
Kawarganegaraan Prancis
Misuwur amarga operon
Notable awards Penghargaan Nobel dalam Fisiologi atau Kedhokteran taun 1965
Francois Jacob

Francois Jacob (lair ing Nancy , Prancis , 17 Juni 1920 ; umur 104 taun) inggih punika dhokter Prancis , ingkang nate angsal Bebungah Nobel Kedhokteran nalika taun 1965 .

Sasampunipun nimba kawruh wonten ing Lycee Carnot , Paris , Jacob nglajengaken sekolah kadhokteran ten Paris. Salaminipun PD II , Jacob nggabung kaliyan Angkatan Bebas Prancis dhumateng London . Piyambakipun dikirim dados perwira medis wonten ing Afrika sarta Eropah . Jacob nate cidera nalika ten Tunisia kaliyan Normandia ( Agustus 1944 ). Amargi cidera punika, Jacob boten saged praktek dhokter .

Nalika taun 1950 , Jacob gabung kaliyan kelompok peneliti ing Institut Pasteur diketuai dening Andre Lwoff . Nalika taun 1951 , piyambakipun angsal gelar sains, salajengipun angsal gelar dhoktor sains nalika taun 1954 ten Sorbonne . Sasampunipun lulus ( 1956 ), piyambakipun diangkat dados direktur laboratorium wonten ing Institut Pasteur. Nalika taun 1960 , piyambakipun dados KaBag Genetika Sel . 1964 , piyambakipun angsal kadudukan staf pengajar ing College de France .

Kinten-kinten taun 1961 , Jacob sarta Jacques Lucien Monod neliti gagasan manawi kendali tingkat ekspresi enzim wonten ing sel punika amargi wontenipun umpan balik nalika transkripsi sekuens DNA . Eksperimen sarta pamanggihan punika ndamel babagan biologi molekuler , mliginipun pangaturan transkripsi.

Nalika taun 1965, Jacob angsal Bebungah Nobel Fisiologi utawi Kedhokteran sesarengan kaliyan Jacques Monod sarta Andre Lwoff amargi panilitian punika. Jacob uga nate dados anggota Royal Society ing London ( 1973 ) sarta anggota Akademi Ilmiah Amerikah Sarekat ( 1969 ).

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]

Cithakan:Penghargaan Nobel dalam Fisiologi atau Kedhokteran